Fasal Murtad (الردة)Jilid I | IRSYADUL 'IBAD Terjemahan bahasa jawa

Daftar Isi [Tampil]
Kitab :Irsyadul  'Ibad Ila Sabilir Rosyad
Pengarangnya: Syaikh Zainuddin bin 'Abdul Aziz Al-Malibari Asy-Syafi'i.
 Fasal : MURTAD
 Jilid : -

(فصل): في الردة

(Pasal Nerangake Murtad)

هي أفحش أنواع الكفر. قال الله تعالى: {إنَّ الله لا يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذلِكَ لِمَنْ يَشَاءُ وَمَنْ يُشْرِك بِالله فَقَدْ ضَلَّ ضَلالاً بَعِيداً} (سورة النساء: 116) وقال تعالى: {إنَّهُ مَنْ يُشْرِك بِالله فَقَدْ حَرَّمَ الله عَلَيْهِ الجَنَّةَ وَمَأَوَاهُ النَّارُ وَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ أَنْصَارٍ} (سورة المائدة:72)

Murtad (metu soko agomo Islam) iku setengah saking kekafiran kang ino. Dawuhe Alloh Ta’ala : “Saktemene Alloh ora bakal ngapuro marang wong kang nyekutok ake Alloh kelawan suwiji-wiji lan Alloh ta’ala bakal ngapuro kabeh duso sak liyane syirik marang wong kang dikersak ake, lan sopo wonge nyekutok ake marang Alloh mongko dewek e sasar sak adoh-adoh e”. سورةالنساء 116

Gambar 1 bab Murtad

Dawuh e Alloh ta’ala : sopo wonge kang nyekutok ake marang Alloh, berarti Alloh ta’ala ngaromake dewek e mlebu suwargo, lan panggonane ono ing neroko, lan wong-wong kang dholim iku ora ono pembelo kang nulung lan bantu
.
 (سورة المائدة:72)

وأخرج ابن ماجه والبيهقي عن أبي الدرداء. قال: "أوصاني خليلي رسول الله أن لا تُشْرِكَ بِاللهِ شَيْئاً وَإِنْ قُطِعْتَ أَوْ حُرِقْتَ، وَلَا تَتْرُكْ صَلاَةً مَكْتُوبَةً مُتَعَمِّداً، فَمَنْ تَرَكَهَا مُتَعَمِّداً فَقد بَرِئَتْ مِنْهُ الذِّمَّةُ، وَلا تَشَرَبِ الخَمْرَ فَإِنَّهُ مِفْتَاحُ كُلِّ شَرٍّ

Hadits riwayat Ibnu Majah lan Baihaqi saking Abu Dardak rodliyallohu ‘anhu ngendiko: Ingsun dipeseni dening guru ingsun Rosululloh SAW:
1.  Ojo nyekutok ake Alloh kelawan suwiji-wiji senajan siro diketok-ketok utowo diobong.
2.  Ojo ninggal sembahyang fardhu kanti sengojo, jalaran Wong kang ninggal ake sholat kanti sengojo, berarti putus soko perlindungane Alloh.
3.  Ojo ngombe arak jalaran arak iku nyebab ake bukak marang kabeh kejahatan.

والطبراني: "مَنْ بَدّلَ دِينَهُ فاقْتُلُوهُ وَلا يَقْبَلُ الله تَوْبَةَ عَبْدٍ كَفَرَ بَعْدَ إسْلامِهِ" أي ما دام مصرّاً على كفره.

Ing dalem riwayat Thobroni: sopo wonge kang ganti agomo utowo metu soko agomo islam, mongko patenono dewek e lan Allah ora bakal nompo tobate wong kafir sakwise islam, iya iku sak jerone dewek e mertahanake kekafirane.

والشافعي والبيهقي: "مَنْ غَيَّرَ دِينَهُ فاضْرِبُوا عُنقَهُ" أعاذنا الله منها بمنه وكرمه.

Lan hadist Riwayat Saking Imam Syafi’i lan Baihaqi: “Sopo wong kang ngrubah agomone (murtad) mongko ketok o gulune”, mugi gusti Alloh tansah ngelindungi kito kelawan kanugrahan lan kelomanane Alloh saking murtad.

واعلم أن من أنواعها: أن يعزم مكلف مختار على الكفر في زمن قريب أو بعيد، أو يتردد فيه، أو يعلقه باللسان أو القلب على شيء ولو محالاً عقلياً فيكفر حالاً،  الخ .

 Ngertio! Sak temene werno-wernane murtad iku :

1.  Niat arep kafir sak jerone wektu cedak utowo adoh,
2.  Utowo mamang ing dalem agomo islam,
3.  Utowo gantungake marang suwiji-wiji kanti lisan utowo ati, Ngono iku wus dadi kafir.
4.  Utowo neqot ake suwiji-wiji kang nyebab ake kekafiran.
5.  Utowo ngucap ake perkoro kang nuduhake kekafiran sertane diyakini.
6.  Utowo minongko tantangan utowo ejek an, koyo dene neqot ake yen alam utowo ruh iku qodim.
7.  Utowo neqot ake yen Alloh ta’ala iku anyar.
8.  Utowo neqot ake yen ora ono sifat-sifat wajibe Alloh ta’ala, koyo dene sifat ‘ilmu lan qudrot.
9.   Utowo netep ake suwiji kang ora ono ing dzat e Alloh koyo dene werno.
10. Utowo majib ake suwiji kang ora wajib koyo dene nambahi sembahyang sehinggo 6 wektu, lan majib ake poso sak liyane poso Romadlon.
11. Utowo mamang marang sasare wong Yahudi lan Kristen.
12. Utowo sujud marang mahluk koyo dene Berhala lan Srengengeng.
13. Utowo melebu gerejo bareng-bareng karo wong Kristen sertane nganggo sandangan e wong Kristen.
14. Utowo ambuang kertas kang mengku Al Qur’an, ilmu Shara’, Asmane Alloh, Asmane Nabi utowo Asmane Malaikat ono ing panggonan kang kotor.
15. Utowo sengojo ngotori Masjid kelawan najis.
16. Utowo Ingkar marang kenabiane Poro Nabi kang di sebut ing dalem Al Qur’an.
17. Utowo ingkar marang kitab-kitab kang kasebut ing dalem Al Qur’an koyo  dene kitab Taurot, Injil, Zabur, lan Sukhuf Nabi Ibrohim.
18. Utowo Ingkar marang Ayat Al qur’an koyo dene Surah Mu’awwidzataiin
19. Utowo ingkar marang perkoro kang wus jelas wajib e, utowo perkoro kang wus jelas kesunah ane.
20. Utowo ‘Alall ake (menghallalkan) perkoro kang wus jelas Harom e, utowo ‘Arom ake perkoro kang wus jelas Halal e, kang wus dadi mufakot e Para Ulama tur wis kinaweruhan ing dalem Agomo. Koyo dene “ roka’ate sholat kang wus di ferdlo ake, poso Romadlon, sholat rowatib, sholat Riyoyo, Lan koyo kharom e ngombe arak, zina, wati dubur, jima’ wong kang haid, gawe loro wong islam, riba, kharome nyogok (suap), kharome sholat tanpo wudlu’, dodolan lan Nikah”.

21. Utowo ngingkari olehe ngapes ake Al Quran, utowo ngingkari dino ba’as (tangi soko kubur), suargo lan neroko.
22. Utowo ngino Nabi utowo Malaikat.
23. Utowo ngaku-ngaku dadi Nabi.
24. Utowo mbener ake wong kang ngaku dadi Nabi.
25. Ridlo Kafir, koyo dene mekso wong islam.
26. Utowo isyaroh supoyo kafir.
27. Utowo nolak ajaran Islam marang wong kafir kang arep mlebu islam.
28. Utowo ngutama ake Wali tinimbang Nabi.
29. Utowo ngongang ake anane nabi sak wuse Nabi Muhammad صلى الله عليه وسلم.
30. Utowo ngucap sopo wong sak temene wus tau mersani ing Alloh kelawan nyoto ing dalem dunyo (ningali Alloh ing dunyo kanti nyoto).
31. Utowo ngangep ora bedo antarane halal lan haram.
32. Utowo ngeroso yen Menungso biso tumeko marang Alloh kelawan tanpo ngibadah.
33. Utowo ngeroso wus tumeko derajat kang ora wajib nindak ake Syari’at.
34. Semunu ugo Murtad sopo wong kang ngino Asmane Alloh, Nabi, Perintah, Larangan, Janji, utowo Ancamane Alloh.
35. Utowo nambahi Ayat Al Qur’an.
36. Utowo moco Bismillah naliko ngombe arak utowo zina perlu arahe ngejek (menghina) asmane Alloh
37. Utowo ngucap: “Umpamane ingsun di perintah mengkene…. dining Alloh lan Rosululloh mongko ora bakal ingsun lakoni.”
38. Utowo ngeroso yen Alloh nganiyoyo marang dewe’e
39. Utowo nggoroh ake Wong kang azan, utowo nganggep suoro adzan podo karo suarane bel gerejo.
40. Utowo ngucap: “ Ingsun wus warek saking Al Qur’an, sembahyang, lan Dzikir ”.
41. Utowo nyatak ake ora wedi marang dino qiyamat, mahsyar, lan neroko jahanam, kang berarti wus ngelakoni maksiat.
42. Utowo ngucap: Opo perlune teko ing majlis ta’lim. Utowo ngucap: luwih apik mangan tinimbang golek ngilmu.
43. Utowo niru tingkahe wong ‘Alim kanti maksud ngejek (menghina) supoyo arahe di guyu.
44. Utowo ngino-ngino marang Ulama.
45. Utowo ngremeh ake Syari’at agomo.
46. Utowo nalikane di takoni: “opoto iman iku? Nuli jawab Ingsun ora ngerti, kelawan pertingkah ngampang ake, utowo onoto siro Wong Islam?
Nuli jawab: ora sengojo.
47. Lan kafir maneh sopo wonge kang ngucap marang wong kang moco Hauqolah [لاحول ولاقوّة الابالله] nuli dewe’e ngucap Iku ora marek ake (mengenyangkan)”.
48. Utowo ngucap marang wong kang ngelakoni olo: “bagus siro”.
49. Utowo ngucap marang bojone : Ingsun luwih demen karo sira katimbang demen Alloh lan Rosululloh.
50. Utowo nyatak ake yen Kenabian iku biso diperkoleh kanti ‘Amal-‘amal.
51. Utowo ngucap : “udan iki kerono lintang iku”.
52. Utowo ngeyek (menghina) peribadine kanjeng Nabi Muhammad صلى الله عليه وسلم

Mugo-mugo Gusti Alloh Ta’ala ngelindungi kito saking kekafiran lan opo-opo kang biso narik marang ke kafiran.

    وروى مسلم عن صهيب قال: قال رسول الله: "كَانَ مَلِكٌ فِيمَنْ كَانَ قَبْلَكُمْ وَكَانَ لهُ سَاحِرٌ، فَلَمَّا كَبِرَ قَالَ لِلْمَلِكِ: إنِّي كَبِرْتُ فَابْعَثْ إلَيَّ غُلاماً أُعَلِّمُهُ السِّحْرَ فَبَعَثَ إلَيْهِ غُلاماً يُعَلِّمُهُ وَكَانَ إذَا أتَى السَّاحِرُ مَرّ بِالرَّاهِبِ وَقَعَدَ إلَيْهِ، فَإِذَا أتَى السَّاحِرُ ضَرَبَهُ فَشَكَا ذلِكَ إلىَ الرَّاهِبِ، فَقَالَ إذَا خَشِيتَ السَّاحِرَ فَقُلْ حَبَسَنِي أَهْلِي، وَإذا خَشِيتَ أَهْلَكَ فَقُلْ حَبَسَنِي السَّاحِرُ،
         
Hadits riwayat Muslim saking shuhab ngendiko bilih kanjeng Rosululloh Dawuh: Ono salah suwijine Raja kang duwe ahli sihir, lan nalikane ahli sihir mau wus rumong so tuwo, dewe’e matur marang Raja kang supoyo Raja ngirim ake pemudo kang perlune arep di ajari ilmu sihir, supoyo biso nganti kedudukane tukang sihir, nuli Raja ngirim ake pemuda perlu belajar ilmu soko tukang sihir mau,
           
Ketepakan ono ing dalan kang di liwati pemudo iku ono salah sawijine pendeto kang mulang agomo ing dewe’e, nuli pemudo mau lungguh ing majlis kunu perlu ngrungok ake ajaran Agomo, dewe’e banjur telat anggone nekani marang tukang sihir, nuli dewe’e dipukuli tukang sihir, banjur pemudo mau madul marang Pendeto. Mongko pendeto banjur ngucap : Yen siro wedi karo Tukang Sihir ngucap po “ Ingsun di tawan / di kongkon keluargo Ingsun” , lan yen siro mulih banjur telat matur ro marang keluargo iro “ Ingsun isih ditawan dining tukang  sihir ”, Mongko kahanan biso melaku kanti bagus.

فَبَيْنَمَا هُوَ عَلَى ذلِكَ إذْ أَتَى عَلَى دَابَةٍ عَظِيمَةٍ قَدَ حَبَسَتِ النَّاسَ، فَقَال: اليَوْمَ اعْلَمُ السَّاحِرُ أَفْضَلُ أَمُ الرَّاهِبُ أَفْضَل؟ فَأَخَذَ حَجَراً فَقَالَ: اللَّهُمَّ إنْ كَانَ أَمْرُ الرَّاهِبِ أَحَبَّ إلَيْكَ مِنْ أَمْرِ السَّاحِرِ فَاقْتُلْ هذِهِ الدَّابَّةِ حَتَّى يَمْضِيَ النَّاسُ فَرَمَاهَا فَقَتَلَها وَمَضَى النَّاسُ فَأَتَى الرَّاهِبَ فَأَخْبَرَهُ.

Ing suwijine dino naliko pemudo iku lungo dumadaan ono Kewan kang gedi tur buas ono ing tengah dalan sehinggo ngendek ake wong-wong kang podo liwat, Ing kunu Pemudo ngucap: Dino iki ingsun biso ngerti opoto ajarane tukang Sihir kang luweh bagus opoto ajarane Rohib (pendito) ? Nuli dewe’e jupuk watu karo ngucap : Duh gusti Alloh menawi ajaranipun Pendito langkung Panjenengan remeni tinimbang ajaranipun Tukang sihir , peramilo mugi Panjenengan pejahi Kewan puniko supados tiyang-tiyang saget sami liwat, nuli pemudo iku mbalangake watune marang kewan gedi mau sak naliko mati banjur Wong-wong biso liwat kanti aman, nuli kedadian iku diatur ake marang pendito.

فَقَالَ لَهُ الرَّاهِبُ: أَيْ بُنَيَّ أَنْتَ اليَوْمَ أَفْضَلُ مِنِّي، وَقَدْ بَلَغَ مِنْ أَمْرِكَ مَا أَرَى، وَإِنَّكَ سَتُبْتَلَى، وإنِ ابْتُلِيتَ فَلا تَدُلَّ عَلَيَّ، وَكَانَ الغُلامُ يُبْرِىءُ الأَكْمَهَ وَالأَبْرَصَ، وَيُدَاوِي النَّاسَ مِنْ سَائِر الأدْوَاءِ فَسَمِعَ جَلِيسُ المَلِكِ، وَكَانَ قَدْ عَمِيَ فَأَتَاهُ بِهَدَايَا كَثِيرَةٍ.

Mongko Pendito ngendiko: Hee Anak ingsun dino iki siro luwih utomo (sekti) tinimbang Ingsun, lan siro bakal oleh cobo/ujian, Yen siro pikantuk balak ojo pisan-pisan nunjuk ingsun.
Sak teruse pemudo iku intuk keanugrahan soko Pengeran biso maras ake werno-wernane penyakit koyo dene: wuto, belang, lan penyakit-penyakit abot liyane, kahanane Pemudo iku dirungu dining kancane Rojo kang duweni penyakit wuto nuli nekani (kancane Rojo) ing pemudo mau karo gowo hadiah kang akeh.


فَقَالَ: هِيَ لَكَ إنْ أَنْتَ شَفَيْتَنِي، فَقَالَ إنِّي لا أَشْفِي أَحَداً، إنَّمَا يَشْفِي الله، فَإِنْ آمَنْتَ بِالله دَعَوْتُ الله فَشَفَاكَ، فَآمَنَ بِالله فَشَفَاهُ الله، فَأَتَى المَلِكَ فَجَلَسَ إلَيْهِ كَمَا كَانَ يَجْلِسُ. فَقَالَ لَهُ المَلِكُ: مَنْ رَدَّ عَلَيْكَ بَصَرَكَ؟ فَقَالَ: رَبِّي.

Nuli ngucap (kancane rojo): Lamun siro biso maras ake penyakit ingsun iki, Moko ingsun bakal maringi hadiah sak njaluk mu !!!  jawab e Pemudo : “Ingsun sak benere ora biso maras ake, namung Alloh تعالى  kang biso marasake, mulo yen siro percoyo karo Gusti Alloh mongko Ingsun tak ndungo lan Alloh kang marasake” banjur dewe’e iman marang Alloh , nuli Pemudo ndungo lan Alloh paring waras, sehinggo wong wuto mau biso ningali maneh, banjur dewe’e teko ing majlis Rojo koyo biasane, Rojo ngumun lan kagum sehinggo takon : sopo Kang marasake mripat siro? Jawabe: Pengeran kulo.

قَالَ أَوَلَكَ رَبٌّ غَيْرِي؟ قَالَ رَبِّي وَرَبُّكَ الله، فَأَخَذَهُ فَلَمْ يَزَلْ يُعَذِّبُهُ حَتَّى دَلَّ عَلَى الغُلامِ فَجِيءَ بِالغُلامِ. فَقَالَ لَهُ المَلِكُ: أَيْ بُنَيَّ قَدْ بَلَغَ مِنْ سِحْرِكَ مَا تُبْرِىءُ بِهِ الأكْمَهَ وَالأبْرَصَ وَتَفْعَلُ وَتَفْعَلُ، فَقَالَ: إنِّي لا أَشْفِي أَحَداً إنَّما يَشْفِي الله تَعَالَى،

Rojo takon: Onoto siro iku percoyo marang Pengeran sak liyane Ingsun ? Jawabe : Pengeran kulo lan Panjenengan puniko Alloh تعالى !!!
Nuli dewe’e di sikso dining Rojo terus-menerus dipekso nuduh ake pemudo kang marasake dewe’e, Banjur di tekak ake Pemudo iku lan Ditakoni dining Rojo: Hee Pemudo!!! Sihir siro bener-bener sempurno hinggo biso maras ake wuto, loro belang, lan liyo-liyane.

Jawabe Pemudo: Sak temene Ingsun iku ora biso maraske Wong, namung Alloh ingkang biso maras ake kabeh mau,

فَأَخَذَهُ فَلَمْ يَزَلْ يُعَذِّبهُ حَتَّى دَلَ عَلَى الرَّاهِبِ، فَجِيءَ بالرَّاهِبِ فَقِيلَ: ارْجِعْ عَنْ دِينِكَ فَأَبَى: فَدَعا بِالمِنْشَارِ، فَوُضِعَ المِنْشَارُ فِي مَفْرِقِ رَأْسِهِ، فَشَقَّهُ بِهِ حَتَّى وَقَعَ شِقاهُ ثُمَّ جِيءَ بِجَلِيسِ المَلِكِ فَقِيلَ لَهُ: ارْجِعْ عَنْ دِينِكَ، فَأَبَى فَوُضِعَ المِنْشَارُ فِي مَفْرِقِ رَأْسِهِ، فَشَقَّهُ بِهِ حَتَّى وَقَعَ شِقَّاهُ،

Kerungu jawaban kang koyo mengkunu , Rojo banjur muring-muring lan nangkep Pemudo nuli di sikso , sahinggo dewe’e kapekso nuduhake Pendito. Nuli Pendito di teka ake marang Rojo Lan di perintah supoyo ninggalake Agomone, nanging Pendito mbangkang ora manut perintahe Rojo, Banjur Rojo jupuk geraji lan di gerajik ake ing sirahe Pendito sehinggo awak e Pendito sigar dadi loro , nuli di tekak ake Kancane Rojo iku lan di perintah supoyo ninggalake Agamane, dewe’e ugo mbangkang nuli di geraji sirahe nganti badane sigar dadi loro,

ثُمَّ جِيءَ بِالغُلامِ فَقِيلَ لَهُ: ارْجِعْ عَنْ دِينِكَ، فَأَبَى فَدَفَعَهُ إلَى نَفَرٍ مِنْ أَصحَابِهِ، فَقَالَ اذْهَبُوا بِهِ إلَى جبل كَذَا وَكَذَا، فَاصْعَدُوا بِهِ الجَبَلَ، فَإِذَا بَلَغْتُمْ ذُرْوَتَهُ، فَإِنْ رَجَعَ عَنْ دَينِهِ وَإِلَّا فَاطْرَحُوهُ، فَذَهَبُوا بِهِ فَصَعِدُوا بِهِ الجَبَلَ، فَقَالَ: اللَّهُمَّ اكْفِنِيهِمْ بِمَا شِئْتَ فَرَجَفَ بِهِمُ الجَبَلُ، فَسَقَطُوا وَجَاءَ يَمْشِي إلَى المَلِكِ، فَقَالَ لَهُ المَلِكُ ما فَعَلَ أَصْحَابُكَ؟

Banjur di tekak ake Pemudo, Ugo diperintah ninggalake Agamane, Pemudo iku Ugo mbangkang peritahe Rojo, Nuli Rojo nyerah ake Pemudo iki marang bolo punggawane karo ngucap: Pemudo iki gawanen lungo marang duwure gunung , yen wus teko nduwure gunung Tawani milih Yen dewe’e gelem ninggalake agamane mongko bebas no nanging yen ora gelem tetep nolak, mongko siro uncalake Pemudo iku,

Semangsane wus tutuk duwur gunung Pemudo iku ndungo marang Alloh: Yaa Alloh gusti mugo ngindar aken panjenengan dateng Kawulo saking Punggowo-punggowo meniko sak kerso Panjenengan.

Mongko saknaliko kersane Alloh Gunung iku Horeg koyo lindu banjur poro punggowone Rojo podo tibo kabeh lan podo mati, nuli Pemudo iku bali marang Rojo, dewe’e di takoni dining Rojo: menyang endi Punggowo-punggowoku kang gowo siro?

قَالَ: كَفَانِيهِمُ الله فَدَفَعَهُ إلَى نَفَرٍ مِنْ أَصْحَابِهِ؛ فَقَالَ: اذْهَبُوا بِهِ فَاحْمِلُوهُ فِي قُرْقُورٍ وَتَوَسَّطُوا بِهِ البَحْرَ، فَإِنْ رَجِعَ عَنْ دِينِهِ، وإلَّا فَاقْذِفُوهُ فَذَهَبُوا بِهِ. فَقَالَ: اللَّهُمَّ اكْفِنِيهِمْ بِمَا شِئْتَ، فانكَفَأَتْ بِهِمُ السَّفِينَةُ فَغَرقُوا وَجَاءَ يَمْشِي إلى المَلِكِ. فَقَالَ لَهُ المَلِكُ: مَا فَعَلَ أَصْحَابُكَ؟

Jawabe Pemudo : Alloh wis ngindarake ingsun saking rencanane punggowo-punggowo, Nuli Rojo nyerah ake Pemudo iku marang punggowo liyo supoyo ditumpakake perahu digowo menyang tengah segoro, yen wus tekan tengahe segoro ditari supoyo bali marang Agomone Rojo, yen ora gelem siro uncalake ing tengah segoro, semangsane tengah segoro Pemudo iku dungo marang Alloh : Yaa Alloh Gusti mugi panjenengan hindar aken kulo saking kejahatane tiyang-tiyang meniko sak kerso panjenengan, Saking kersane Alloh Perahune malik sahinggo punggowo-punggowo mau podo mati, Nuli pemudo iku bali marang Rojo, ditakoni dining Rojo :  “Menyang endi Punggowo-punggowo kang gowo siro?”

قَالَ: كَفَانِيهِمُ الله، فَقَالَ لِلْمَلِكِ إنَّكَ لَسْتَ بِقَاتِلِي حَتَّى تَفْعَلَ مَا آمُرُكَ بِهِ. قَالَ: مَا هُوَ؟ قَالَ: تَجْمَعُ النَّاسَ فِي صَعِيدٍ وَاحِدٍ وَتَصْلِبُنِي عَلى جِذْعٍ؛ ثُمَّ خُذْ سَهْماً مِنْ كِنَانَتِي، ثُمَّ ضَعِ السَّهْمَ فِي كَبِدِ القَوْسِ؛ ثُمَّ قُلْ: بِسْمِ الله رَبَّ الغُلامِ؛ ثُمَّ ارْم فَإِنَّكَ إذَا فَعَلْتَ ذلِكَ قَتَلْتَنِي، فَجَمَعَ النَّاسَ فِي صَعِيدٍ وَاحِدٍ وَصَلَبَهُ عَلَى جِذْعٍ، ثُمَّ أَخَذَ سَهْماً مِنْ كِنَانَتِهِ. ثُمَّ وَضَعَ السَّهْمَ فِي كَبِدِ القَوْسِ؛ ثُمَّ قَالَ بِسْمِ الله رَبِّ الغُلام، ثُمَّ رَمَاه فَوَقَعَ السَّهْمُ فِي صُدْغِهِ، فَوَضَعَ يَدَهُ عَلَى صُدْغِهِ فَمَاتَ

Jawabe Pemudo: Alloh wis ngindarake ingsun saking dewe’e, banjur pemudo iku matur marang Rojo: Siro ora bakal biso mateni Ingsun sehinggo siro manut lan tunduk maring perintah Ingsun,

Rojo takon: Opo to iku? Jawabe Pemudo : Panjenengan kumpul ake Sekabehane menungso ing suwijine lapangan, nuli jenengan penteng (salib) Ingsun ingatase gelugu kurmo nuli panjenengan jupuk panah lan jemparinge saking wadah panahan ingsun banjur siro panah Ingsun kelawan moco “Bismillahi robbil ghulam”(kelawan nyebut asmane Alloh pengerane pemudo iku), Yen siro gelem nindak ake mengkunu iku siro biso mateni ingsun,
Nuli Rojo enggal-enggal ngumpulake rakyate ing suwijine lapangan lan menteng Pemudo iku ono ing glugu kurmo, nuli jupuk anak panah diseleh ake ono ing busure karo moco “Bismillahi robbil ghulam” nuli di panah ake marang pemudo tepat keno ing pilingane , nuli pemudo iku nyeleh ake tangane ing pilingane nganti tumekane pati,

فَقَالَ النَّاسُ: آمَّنَا بِرَبِّ الغُلامِ، فَأَتَى المَلِكُ فَقِيلَ لَهُ أَرَأَيْتَ مَا كُنْتَ تَحْذَرُهُ قَدْ وَالله نَزَلَ بِكَ حَذَرُكَ، قَدْ آمَنَ النَّاسُ فأَمَرَ بِالأُخْدُودِ بِأَفْوَاهِ السِّكَكِ، فَخُدَّتْ وَأُضْرِمَ فِيها النِّيرَانُ وَقَالَ: مَنْ لَمْ يَرْجِعْ عَنْ دِينِهِ فَأَقْحِمُوهُ فِيهَا، أَوْ قِيلَ لَهُ: اقْتَحِمْ فَفَعَلُوا حَتَّى جَاءَتِ امْرَأَةٌ وَمَعَهَا صَبِيٌّ لَهَا، فَتقَاعَسَتْ فَقَالَ الغُلام: يا أُمَّهْ اصْبِرِي فَإِنَّكِ عَلَى الحَقِّ".

Banjur Wong-wong podo ngucap: Ingsun Iman marang Pengerane pemudo iku, Kedadean kang koyo mengkunu iku di atur ake marang Rojo yen Wong-wong podo iman marang Alloh Ta’ala, lan opo sing di kuwatir ake wus kedadian, Banjur Rojo merintah ake supoyo agawe joblangan/parit/luwangan ing saben-saben gang kampung nuli di urub ake geni ono ing luwangan mau, lan saben-saben wong kang liwat kunu dipekso supoyo ninggalake agamane, lan yen bangkang dijegur ake luwangan, sahinggo teko suwijine Ibu kang ngendong bayi, naliko dewe’e di perintah ninggalake agamane dewe’e nolak lan naliko anak e di tarik arep di buang ing luwangan geni, Ibune ngeroso sayang dumada’an bayi iku ngomong : Duuh Ibu panjenengan sabar keranten panjenengan wonten ing margi ingkang Haq.

وَحَكَى ابن الجَوَزِيِّ عن أبي عَلِي البربري
 قال: "إنَّ ثَلاثَةَ إخوةٍ مِنَ الشَّامِ كَانُوا يَغْزُونَ وَكَانُوا فُرْسَاناً شَجْعَاناً، فَأَسَرَهُمُ الْرُّومُ مَرَّةً. فَقَالَ الْمَلِكْ: إِنِّي أَجْعَلُ فِيْكُمُ الْمُلْكُ، وَأُزَوِّجُكُمْ بَنَاتِي وَتَدْخُلُونَ فِي النَّصْرَانِيَّةِ، فَأَبَوا وَقَالُوا: يَا مُحَمَّدَاهْ،  الخ

Di cerita ake dining ibn jauzi saking Abu ‘Ali al barbari  ngendiko : Ono sedulur telu saking negoro Syam kang terkenal kendel  ing dalem Jihad dumadaan dewe’e ketawan rajo Rum ,nuli di adep ake marang Rojo  lan Rojo ngendiko : Yen siro gelem melebu Agomo Kristen mongko bakal ingsun angkat siro kabeh dadi Rojo lan ingsun kawin ake karo putri-putri ingsun,

Nanging sedulur telu mau nolak tawarane Rojo Rum, Dewe'e mung nyebut Yaa Muhammadah nuli di perintahake nyawisae manci telu kang gedi tur diisi lengo banjur di godok nganti humob mulak-malik mongso telung dino lan saben dino dewek e di adep ake marang kuwali mau karo di tari melebu Agomo Kristen, nanging tetep podo mbangkang, nuli sing paling tuwo di uncalake ing jero kuwali kang humop iku, nuli kang nomer loro, naliko teko gilirane sing paling cilik dibujuk supoyo ninggalake Agomone, dumadaan ono suwijine pengawal Rojo ngucap: "Tuan Rojo", serahaken dateng kawulo, kulo saget nggeser Agomo nipun."

Rojo takon : "Kelawan opo ??"
Kulo ngertos yen tiang arab puniko gampil kepincut dining wanito, lan ing kuto Rum puniko mboten wonten tiyang istri ingkang langkung cantik tinimbang putri kulo, keranten puniko panjenengan serah aken dateng kawulo supados dipun rayu putri kulo lan supados purun ninggalake Agomo nipun.

Nuli Rojo nyerahaken marang dewek e di wenehi tempo wektu 40 (patang puluh) dino, nuli wong mahu di gowo lan diserah ake marang putrine.
Banjur putri matur marang bapak e : “Tilar mawon, kulo saget ngerayu...”Nuli bareng sertane putri mau nganti pirang-pirang dino, Pemudo iku poso ing dalem wektu rino lan yen wektu bengi dewek e jumeneng sholat.

Nganti meh entek watese wektu tetep durung biso khasil, buruh e Rojo mau takon marang Putrine : Kepriye kahanane lan opo wae kang siro agawe??
Jawabe putri : "Tiyang puniko sampun kejolo sederek kalih ipun ing negeri meniko, kulo kinten nulak ipun meniko jalaran piyambak e taksih kemutan sederek ipun, Keranten meniko panjenengan nyuwun tambah wekdal dateng Rojo, lan kulo kalian piyambak ipun Panjenengan pencil aken dateng panggenan engkang tebih dining Rojo.”
Wektune di undur lan karo-karo ne di pindah ing dusun liyo, ing kunu Pemudo iku tetep poso yen wektu rino, lan jumeneng sholat ing wektu bengi, nganti kari setitik wates wektu kang di wenehake marang dewek e.

Putri ngucap marang pemudo  : Ingsun perhatik ake siro ngagung-agung ake Pengeran kang moho agung, lan ingsun iki wus manjing agomo mu lan ninggalake agomo bapak ingsun.
Pemudo iku ngucap : “Sak iki kepriye carane minggat ?”
Jawabe putri : “Ingsun arep ngusaha ake kendaraan.”
Nuli putri iku metu golek kendaraan banjur karo-karo ne melayu lungo, yen wektu bengi melaku yen wektu bengi ngumpet, ing suwiji ne bengi nalikane wong loro mau pinuju melaku, dumadaan kerungu suworo pelayune jaran, dumadaan sedulur lorone sertane poro Malaikat, nuli pemudo mau  uluk salam lan takon : kepriye kahanane nalikane kesekso.

Jawabe : Mung sediluk sehinggo ingsun metu tumuju marang suargo Firdaus, sak iki ingsun teko mrene kaperlu nekseni penggawean siro karo wadon anom iki.
Nuli Malaikat nikahake wong loro mau banjur bali maneh, lan wong loro mahu metu soko negoro Syam nuli menetap ing kunu. Mugo-mugo gusti Alloh neguhake Iman kito, lan ngerekso kito saking kekafiran lan nifak.

     [تنبيهات]: أحدها أن من ارتكب مكفراً يحبط جميع أعماله، ويجب عليه قضاء الواجب منها وينفسخ النكاح حالاً ولو بعد الدخول عند جماعة من الأئمة: كأبي حنيفة بل عند إمامنا الشافعي رضي الله عنهما أن ثواب العمل يحبط، لكن لا يحبط نفس العمل: أي من حيث إنه لا يجب القضاء، وإن النكاح ينفسخ حالاً إن كان قبل الدخول، وبعد العدة إن كان بعده. الثاني: أنه يجب على الإمام أو نائبه استتابته فوراً، ويحرم إمهاله فإن تاب قبل منه على الأصح، وإلا فيقتله بضرب عنقه لا بنحو إحراق، ولا يدفن في مقبرة المسلمين. وثالثها: أنه يشترط في صحة توبته النطق بالشهادتين، فلا يحصل إسلامه ككافر أصليَ إلا بذلك ويزيد حتماً من كفر بإنكار معلوم من الدين بالضرورة اعترافه بما كفر بإنكاره، وندب لكل مرتد الاستغفار.

Pepiling   :

Sopo wonge ngelakoni duso kang nyebab ake kafir, mongko gugur kabeh ngamale lan wajib ngodlo'i ngamal-ngamal kang wajib lan putus nikahe sak naliko senajan wus kumpul (jima') mongko putuse sak wuse ngiddah(mungguh pendapate piro-piro Imam koyo dene Abu Hanifah), dene sing gugur iku ganjarane 'amal dudu kahanane 'amal kerono iku ora wajib qodlo'(minturut Imam kito Imam Syafi'i).

Imam/pimpinan kudu perintah marang dewek e inggal-inggal tobat lan harom nunda-nunda, yen enggal - enggal tobat mongko di tompo tobate, lan yen ora tobat mongko dipatene kelawan di ketok gulune, lan ora keno di kubur ono ing maqome wong Islam.

Syarat sah e tobat iku kudu ngucap akdm syahadad loro koyo dee wong kafir kang lagi melebu islam, lan kudu ngakoni opo kang di ingkari saking ajaran hukum agama, lan di sunah ake keduwe saben-saben wong kang murtad supoyo ngakeh-ngakeh ake istighfar.
Dibacakan oleh : KH. NGADIYIN ANWAR
                               GUS NUR TSALIS MUJIB
Setiap Hari Jum'at Ba'da Asyar

Tempat        :  Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun
Previous Post Next Post
close