IRSYADUL 'IBAD Bab IMAN Jilid II | bahasa jawa

Daftar Isi [Tampil]
Kitab :Irsyadul  'Ibad Ila Sabilir Rosyad
Pengarangnya: Syaikh Zainuddin bin 'Abdul Aziz Al-Malibari Asy-Syafi'i.
Jilid : II Bab Iman

والطبراني عن أبي الدرداء: "لَيْسَ مِنْ عَبْدٍ يَقُولُ لا إله إلَّا الله مِائَةَ مَرَّةٍ إِلَّا بَعثَهُ اللهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَوَجْهُهُ كَالقَمَرِ لَيْلَةَ البَدْرِ وَلَمْ يُرفَعْ لأحَدٍ يَوْمَئِذٍ عَمَلٌ أَفْضَلُ مِنْ عَمَلِهِ إلَّا مَنْ قَالَ مِثْلَ قَوْلِهِ أَوْ زَادَ".

Abu Dardak R.a ngendika ake bilih gusti kanjeng rosul s.a.w Dawuh : Ora ono wongkan moco “Laailaahaillalloh” kaping satus kejobo bisuk dino qiamat di tangeake  dining Alloh kanti perahupan kang koyo bulan purnomo. Lan ora ono wong kang ngamal luwih afdhol, kejobo  kang moco koyo mengkunu iku , utowo kang luwih koyo mengkunu iku.
Gambar .1. kitab irsyadul ibad makna pegon


وابن ماجه عن أم هانىء: "لا إله إِلَّا الله لَا يُسْبِقُهَا عَمَلٌ وَلَا تَتْرُكُ ذَنْباً" والترمذي والنسائي عن جابر: "أَفْضَلُ الذِّكْرِ لا إله إلَّا الله، وَأَفْضَلُ الدُّعَاءِ الحَمْدُ لله".

Abu majah nyeritak ake songko Ummu Hani’ R.a Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w Dawuh: Kalimah Laailaahaillalloh iku ora biso di kejar dining ngamal liyane, lan ora ninggalake duso.
Saking Jabar R.a Kanjeng nabi dawuh: Dzikir luwih utomo iku kalimah Laailaahaillalloh, dine utamane dungak iku Alhamdulillah.( الترمذي والنسائي)

والنسائي عن أبي سعيد الخدري عن النبي. قال: "قَالَ مُوسَى عَلَيْهِ السَّلامُ: يَا رَبُّ عَلِّمْنِي شَيْئاً أَذْكُرُكَ بِهِ، فَقَالَ قُلْ لا إلهَ إلَّا الله. فَقَالَ يَا رَبِّ كُلُّ عِبَادِكَ يَقُولُ هَذَا إِنَّمَا أُرِيدُ شَيْئاً تَخصُّنِي بِهِ، فَقَالَ يَا مُوسَى لَو أنَّ السَموَاتِ السَّبْعَ وعامرهنَّ غيري والأرضين السَّبْعَ جُعِلَتْ في كفةٍ ولا إله إلا الله في كفةٍ لَمَالَتْ بهنّ لا إله إلا الله".

Imam Nasai dawuh Saking Abu Sa’id al-hudriyyi Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w Dawuh: Nabi Musa A.s Ndunga “Yaa Robbi” mugi panjengan mulang ing kulo perkawis ingkang kangge dzikir dumateng Panjenengan . Dawuhe Alloh “Moco o Laailaahaillalloh” nabi Musa ngendiko “Yaa Robbi” sedoyo tiyang sami maos puniko, Kulo kapingin ingkang langkung istimewa kangge Kulo, Alloh Ta’ala Dawuh “Hee Musa, lamun pitung langit sak penghunine,
lan pitung bumi den seleh ake karone ing sisih timbangan Laailaahaillalloh, yekti luwih abot Kalimah Laailaahaillalloh ngeluwihi saking kabeh mahu.  (النسائي)


وأبو يعلى عن أبي بكر رضي الله عنه وعن ذريّته "عَلَيْكُمْ بلا إله إلا الله وَالاسْتِغْفَارِ وَأَكْثِرُوا مِنْهُما فَإِنَّ إبْلِيسَ قال: أُهْلِكَتِ النَّاسُ بالذُّنُوبِ وَأَهْلَكونِي بِلا إله إلَّا الله والاسْتِغْفَار، فَلمّا رَأَيْتُ ذلِكَ أَهْلَكْتُهُم بالأَهْوَاءِ وَهُمْ يَحْسبُونَ أنَّهُمْ مُهْتَدُونَ".

Hadist riwayat Abu Ya’la saking Anu bakar R.a, ngendiko: Ngajek no Moco Laailaahaillalloh lan Istighfar . Podo ngakeh-ngakeh hono siro moco karone jalaran Iblis ngucap: Tak rusak menungso kelawan duso, lan dewek e ngerusak Ingsun kelawan moco “Laailaahaillalloh lan Istighfar” Sak wuse mengkunu Ingsun ngerusak dewe’e kelawan howo nafsu, banjur dewe’e podo rumongso yen awa’e oleh pituduh.


وابن أبي الدنيا والبيهقي عن أبي هريرة رضي الله عنه: "حَضَرَ مِلِكُ الْمَوْتِ رَجُلاً يَمُوتُ فَشَقَّ أَعْضَاءَهُ فَلَم يَجِدْ عَمَلاً خَيراً. ثُمَّ شَقَّ قَلْبَهُ فَلَمْ يَجِدْ فِيهِ خَيْراً فَفَكَّ لَحييْهِ فوجدَ طرفَ لِسانِهِ لاصِقاً بحنكِهِ يَقولُ: لا إله إلَّا الله فَغُفِرَ لَهُ بِكَلِمَةِ إِخْلاصٍ"..

Hadis riwayat saking Ibn Abi Dunya lan Baihaqi sangking Abu Hurairoh R.a ngendiko: Nalikane Moloikat juru pati nekani marang wong suwiji wong mati, iku niti niti kabeh ing Gautonelan ing kunu ora nemok ake ngamal kebagusane mayit, nuli Moloikat ambelah atine ugo ora nemu ‘amal kebagusane, nuli di bukak cangkeme dumadaan di temok ake ana ing ilate kang kantil karo ceta’e bagian duwur moco “Laailaahaillalloh” mongko dewe’e dingapuro jalaran kalimat ikhlas iku.
وأبو داود وأحمد عن معاذ: "مَنْ كَانَ آخرُ كلامِهِ لا إله إلا الله دَخَلَ الجَنَّةَ" نسأل الله الكريم الودود أن يختم كلامنا بكلمة التوحيد

Hadist riwayat Abu Dawud lan Ahmad saking Mu’ad bin Jabal R.a Kanjeng nabi Muhammad S.a.w Dawuh: Sopo wonge kang ono ing akhire ucapane kalimah “Laailaahaillalloh” mesti dewe’e mlebu suwargo.
Mugo-mugo Gusti Alloh Dzat kang welas isih mungkasi Kalimah kito ing dino iki kanti kalimah Tauhid “Laailaahaillalloh”.

وحكى إمامنا محمد بن إدريس الشافعي رضي الله عنه قال: رأيت بمكة نصرانياً يدعى بالأسقف، وهو يطوف بالكعبة، فقلت له: ما الذي رغبك عن دين آبائك؟ فقال: بدلت خيراً منه،

Imam Syafi’i (Muhammad Bin Idris) ngendika: ingsun ningali Uskuf kristen thawaf ing Ka’bah, nuli ingsun takon: apa kang nyebabake sira ninggalake agamane bapak-bapak ira? Jawabe Uskuf : ingsun wis entuk ganti kang luwih bagus.

 قلت: فكيف كان ذلك؟ فحكى لي أنه ركب البحر. قال: فلما توسطنا فيه انكسرت المركب، فسلمت على لوح، فما زالت الأمواج تدافعني حتى رمتني في جزيرة من جزائر البحر فيها أشجار كثيرة، ولها أثمار أحلى من الشهد، وألين من الزبد، وفيها نهر جارٍ عذب. قال: فقلت الحمد لله على ذلك آكل من هذا الثمر، وأشرب من هذا النهر حتى يأتي الله تعالى بالفرج، فلما ذهب النهار وجاء الليل خفت على نفسي من الدوابِّ، فعلوت شجرة ونمت على غصن، فلما كان في وسط الليل، وإذا بدابة على وجه الماء تسبِّح الله تعالى بلسان فصيح: لا إله إلا الله 
الغفار،محمد رسول الله النبي المختار.


Ngucap Sopo ingsun (الشافعي) Kepriye kedadeane? Jawab: nalika ingsun numpak kapal ing tengah segara dumada’an kapal mau pecah, lan ingsun selamet ing duwur papan digowo ombak mrana mrene nganti tumeka ing suwiji pulau kang akeh wit-witane tur woh e manis luwih manis katimbang madu lan luwih alus katimbang mentega, lan ning kono ana kali kang banyune seger, nuli ingsun ngucap: Alhamdulillah atas nikmat iki, ingsun bisa mangan lan ngombe sahingga Allah ta’ala nekak ake kajembaran marang ingsun. Nalika manjing waktune, ingsun ngerekso kuatir marang hayawan kang galak sahinggo ingsun menek wit lan turu ing duwur pang nalika ing tengah wengi dumada’an ana kewan ing sak duwure banyu moco tasbih “Laailahaillalloh alghoffaru muhammadur rosululloh annabiyyul mukhtar”.

Baca juga: Terjemahan IRSYADUL 'IBAD bahasa jawa | Bab IMAN Jilid I

فلما وصلت الدابة إلى البرّ إذا رأسها رأس نعامة ووجهها وجه إنسان، وقوائمها قوائم بعير، وذنبها ذنب سمكة، فخفت على نفسي الهلكة، فنزلت من الشجرة ووليت هارباً، فالتفتت إليّ وقالت: قف وإلا هلكت، فوقفت فقالت لي: ما دينك؟ فقلت النصرانية. فقالت: ويحك يا خاسر ارجع إلى الحنيفية. فإنك قد حللت بفناء قوم من مؤمني الجنّ لا ينجو منهم إلا مسلم،

Nalika kewan mau wis munggah ing daratan dumada’an endas-endas manuk suari, rahine rahi manungso, sikile sikil unto lan buntute buntut iwak. Ingsun banjur wedi, medun lan mlayu gepeng. Dewek e noleh lan ngucap; Mandeko siro yen ora mandek siro rusak. _ingsun ditakoni: Opo agamamu? Jawab ingsun: Kristen. Dewek e ngucap ciloko o wong kang rugi, inggal balio marang agomo Islam !!! Sebab siro iku ono ing daerah e Jin-jin kang podo mukmin , lan ing kene ora bakal selamet kejobone wong islam.

 فقلت: وكيف الإسلام؟ قالت: تشهد أن لا إله إلا الله وأنّ محمداً رسول الله فقلتها، ثم قالت الدابة: تريد المقام هنا أم الرجوع إلى أهلك؟ فقلت الرجوع إلى أهلي، فقالت: امكث مكانك حتى يجتاز بك مركب، فمكثت مكاني ونزلت الدابة في البحر، فما غابت عن عيني حتى مرّ مركب وركاب، فأشرت إليهم فحملوني فإذا في المركب اثنا عشر رجلاً كلهم نصارى، فأخبرتهم خبري وقصصت عليهم قصتي فأسلموا كلهم

Nuli ingsung takon: kepriye carane mlebu islam? Jawab: moco o “Asyhadu Allailahaillalloh wa asyhadu anna Muhammadar rosululloh” nuli ingsun moco. Banjur dewek e takon marang ingsun: siro arep manggon ing kene opo bali marang keluargamu? Jawab ingsun: bali marang keluarga ingsun. Dewek e ngucap: manggono ing kene nganti tumekone kapal. Nuli ingsun manggon ing kono, kewan mau bali ing segoro. Durung ilang soko paningal ingsun dumada’an ono kapal teko kebak penumpang. Ingsun aweh isyaroh, nuli kapal marani ingsun lan gowo ingsun. Ing kapal kono ingsun ketemu wong Kristen kang jumlahe 12 wong. Nalika ingsun nyeritak ake kisah ingsun dumada’an wong Kristen 12 mau banjur mlebu Islam.

 وحكى الشيخ عبد الله اليافعي رحمه الله في كتابه (روض الرياحين): أنه كان في الأمم الماضية ملك تمرّد على ربه فغزاه المسلمون، فأخذوه أسيراً فقالوا: بأيّ قتلة نقتله فاجتمع رأيهم على أن يجعلوا له قمقماً عظيماً ويجعلوه فيه، وتوقد تحته النار، ولا يقتلوه حتى يذيقوه طعم العذاب، ففعلوا ذلك به،فجعل يدعو آلهته واحداً بعد واحد: يا فلان إنما كنت أعبدك أنقذني مما أنا فيه، فلما رأى الآلهة لا تغني عنه شيئاً رفع رأسه إلى السماء وقال: لا إله إلَّا الله، ودعا مخلصاً فَصَبَّ الله عَلَيْهِ مَشْعَبَ ماءٍ من السماء فاطفأ تلك النار، وجاءت ريح فاحتملت ذلك القمقم، وجعلت تدور به بين السماء والأرض، وهو يقول: لا إله إلا الله فقذفته إلى قوم لا يعبدون الله عزّ وجلّ، وهو يقول: لا إله إلا الله فاستخرجوه وقالوا: ويحك مالك؟ فقال أنا ملك بني فلان كان من أمري وخبري كيت كيت، وقصّ عليهم القصة فآمنوا.

Abdulloh Al Yafi’I nutur ing kitab Roudlir Royahin yen ing zaman disek ono suwijine Raja kafir kang banget nantange marang Allah, nuli dewek e diperangi dening wong islam nganti biso ditawan. Rojo-rojo islam sepakat mateni dewek e. digawek ake gentong gedi soko tembogo, dewek e dijegur ake ing jero gentong banjur ngisore digeneni kang supoyo dewek e ngrasak ake sikso iku.

Nalikane rojo kafir wis disekso koyo mengkono iku, dewek e dungo marang dewo-dewo, hee dewo ingsung mung nyembah marang siro mongko selametno ingsun soko bahaya iki. Lan nalika dewek e wis rumongso yen kabeh dewo-dewone ora ono kang biso nulungi, nuli dewek e ngangkat sirahe ndeleng  langit karo moco:”Laailahaillalloh” kanti ati kang ikhlas, banjur Allah ta’ala nurun ake banyu soko langit mateni geni mau. Nuli ono angin ngangkat gentong mau marang awang-awang lan dewk e tetep maco Laailahaillalloh, nganti kauncal ake marang kaum kafir.

Baca Juga : Terjemahan IRSYADUL 'IBAD bahasa jawa | Fasal Murtad Jilid I

Dewek e tetep moco Laailahaillalloh, nuli dibukak dening kaum kafir dewek e di wetok ake soko gentong lan dewek e di takoni:  siro ciloko geni o siro iki? Jawab: ingsun iku rojo bani fulan. Nuli nyrita ake kisah kedadeane marang kaum kafir wiwit kawitan tumeko akhir. Dumada’an banjur kaum kafir kabeh mau mlebu Islam sakwuse ngrungok ake ceritane Rojo iku.

وحكى أيضاً فيه عن الشيخ أبي زيد القرطبي قال: سمعت في بعض الآثار أن من قال: لا إله إلا الله سبعين ألف مرة كانت له فداء من النار، فعملت على ذلك رجاء بركة الوعد فعملت منها لأهلي وعملت منها أعمالاً ادخرتها لنفسي

Sak njerone Kalimah “Laailahaillalloh” , syekh  Abu zaid al qurtubi ngendiko: Ingsun tau krungu hadist kang nerangake sing sopo wonge moco “Laailahaillalloh” Kaping Pitung puluh ewu mongko biso dadi tebusane neroko nuli ingsun ngamalake iku, jalaran ngarep-arep berkahe janji iku . ugo Ingsun ngamalake kanggo kaluargo ingsun, ugo Ingsun ngamalake Amalan-amalan liyane kanggo tabungan Ingsun ing dino qiyamat.

وكان إذ ذاك يبيت معنا شاب يقال إنه يكاشف في بعض الأوقات بالجنة والنار، وكانت الجماعة ترى له فضلاً على صغر سنه، وكان في قلبي منه شيء، فاتفق أن استدعانا بعض الإخوان إلى منزله، فنحن نتناول الطعام والشاب معنا إذ صاح صيحة منكرة، واجتمع في نفسه

Naliko iku ketepak an ono sawiji ne wong anom ahli kasab nginep ing omah ingsun, ono kalane wong nom mau nerangake kasab e ngenani suwargo lan neroko, Lan wong-wong wus podo ngakoni kautamanane pemudo iku, Senajan ngumure isih anom nganti Ingsun ugo percoyo marang dewe’ e. ketepak an Ingsun mekoleh undangan songko konco, supoyo mangan ngombe ing omahe, Semono ugo pemudo iku mahu ugo barengkaro ingsun ono ing undangan kunu.

وهو يقول: يا عم هذه أمي في النار، وهو يصيح بصياح عظيم لا يشك من سمعه أنه عن أمر، فلما رأيت ما به من الانزعاج قلت في نفسي اليوم أجرب صدقه فألهمني الله السبعين ألفاً، ولم يطلع على ذلك أحد إلا الله، فقلت في نفسي: الأثر حق، والذين رووه صادقون: اللهم إن السبعين ألفاً فداء هذه المرأة أمّ هذا الشاب، فما استتمت الخاطر في نفسي إلا أن قال: يا عمّ ها هي أخرجت الحمد لله.

Dumadaan dewe’e pemudo Jerit sak bantere karo ngucap Yaa ‘Amii !!! Iku ibu ingsun ing dalem geni neroko, nuli dewe’e jerit maneh Sak banter-bantere naliko ingsun ningali kahanan kang koyo mengkono iku.

Banjur timbul ing manah ingsun: Arep tak jajal kebenerane, nuli ingsun Moco “Laailahaillalloh” kaping pitung puluh ewu, lan ora ono suwiji wong kang ngerti yen ingsun moco iku kejobo Alloh Ta’ala, lan ingsun percoyo yen Hadist iku bener, soho wong-wong kang ngeriwayatake kabeh bener,

Nuli ingsun ndungo : “Allohumma Innassab’ina Alfan Fida’a Hadzihil Mar ati hadzal sab” ,artine”duh gusti Allah meniko bacaan ingkang pitung doso ewu meniko kangge nebus tiang estri ibu nipun pemuda meniko. Mongko sakdurunge rampung anggon ingsun batin, dumada’an pemuda iku ngucap: yaa ‘ammi… ibu ingsun wis metu soko geni. Alhamdulillah.

Selesai IRSYADUL 'IBAD باب الإيمان


Lanjutkan Membaca : Fasal Murtad | IRSYADUL 'IBAD


Dibacakan oleh : KH. NGADIYIN ANWAR
                               GUS NUR TSALIS MUJIB
Setiap Hari Jum'at Ba'da Asyar

Tempat        : Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun

Post a Comment

Previous Post Next Post
close