Terjemahan IRSYADUL 'IBAD bahasa jawa | Bab IMAN Jilid I

Daftar Isi [Tampil]
Kitab :Irsyadul  'Ibad Ila Sabilir Rosyad
Pengarangnya: Syaikh Zainuddin bin 'Abdul Aziz Al-Malibari Asy-Syafi'i.
Jilid : I Bab Iman 

باب الإيمان
(Bab Kang nerangake iman)


قال الله تعالى: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ الأَرْضَ فِرَاشاً وَالسَّمَاءَ بِنَاءً وَأَنْزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَخْرَجَ بِهِ مِنَ الثَّمَرَاتِ رِزْقاً لَكُمْ فَلا تَجْعَلُوا لله أَنْدَاداً وَأَنْتُمْ تَعْلَمُونَ سورة البقرة: 22


Dawuhe Allah Ta’ala; He para menungsa. Pada nyembaha sira kabeh marang Allah Ta’ala kang ndadekake sira kabeh lan ndadekake wong-wong kang sak durunge sira kabeh supaya sira kabeh padha taqwa. Lan Allah Ta’ala ndadekake bumi kanggo lemek ira lan langit minangka kanggo payonira lan nurunake banyu saka langit kang kanthi banyu mau bisa ngetokake woh-wohan kang dadi rizqinira.




Krana iku sira aja pada nyekuthokake marang Allah. Ing mangka sira kabeh wis pada ngerti yen Gusti Allah iku ora ana sekuthone. Jalaran Allah iku Dzat kang nyipta. Dene sak liyane Allah iku kabeh kang dicipta/digawe dening Allah Ta’ala.



، وقال تعالى: {وَمَنْ لَمْ يُؤْمِنْ بِالله وَرَسُولِهِ فَإِنَّا أَعْتَدْنَا لِلْكَافِرِينَ سَعِيراً} (سورة الفتح: 13) أي ناراً شديدة

Dhawuhe Allah Ta’ala; Sapa wonge kang ora iman marang Allah lan utusane mangka Ingsun (Allah) nyediak ake kanggo wong kafir neraka Sa’iir.

وأخرج مسلم عن عمر بن الخطاب رضي الله عنه قال: "بينما نحن عند رسول الله ذات يوم إذ طلع علينا رجل شديد بياض الثياب شديد سواد الشعر لا يرى عليه أثر السفر ولا يعرفه منا أحد حتى جلس إلى النبي فأسند ركبتيه إلى ركبتيه، ووضع كفيه على فخذيه وقال: يا محمد أخبرني عن الإسلام

Nyritaake Imam Muslim saka Sayyidina ‘Umar bin Khatthab Radliyallaahu ‘anhubilih panjenengane ngendikakake; Nalikane ingsun pinuju pinàraan ing ngersane kanjeng nabi dumadaan ana wong lanang kang sandangane putih, ireng rambute, ora katon labete lelungan, ora ana suwiji wong kang kenal ing deweke sahingga pinarak ana ngersane kanjeng nabi lan ngrapetake dengkule marang lutute kanjeng nabi lan nyelehake tangan loro sak ndhuwure pupune kanjeng nabi nuli pitaken; Ya Muhammad! Panjenengan critaaken dhateng kula kados pundi Islam menika?


فقال رسول الله: الإسْلامُ أَنْ تَشْهَدَ أَنْ لا إله إلَّا الله وَأَنَّ مُحَمَّداً رَسُولُ الله، وَتُقِيمَ الصَّلاة، وَتُؤْتِيَ الزَّكَاةَ، وَتَصُومَ رَمَضَانَ، وَتَحجَّ البَيْتَ إنِ اسْتَطَعْتَ إلَيْهِ سَبِيلاً

Kanjeng nabi njawab; Islam yaiku; 
  1. Percaya yen ora ana pengeran kejaba namung Gusti Allah lan nabi Muhammad utusane Allah
  2.  Jumenengi shalat. 
  3. Ngetokake zakat.
  4. Puasa ing wulan Ramadlan. 
  5. Haji ing baitullah yen kuasa nglakoni

قال صدقت. قال فعجبنا له يسأله ويصدّقه، قال: فأخبرني عن الإيمان قال: "أَنْ تُؤْمِنَ بِالله وَمَلائِكَتِهِ وكتبِهِ ورسلِهِ واليومِ الآخَرِ، والقَدَرِ خَيْرهِ وَشَرِّهُ مِنَ الله تعالى

Wong lanang mau matur. Panjenengan leres. Sayidina ‘Umar ngendika; ingsun gumun, deweke takon nanging mbenerake.Kaya-kaya deweke wis ngerti.Nuli wong lanang mau takon maneh. Panjenengan critaaken dhateng kula kados pundi iman menika?
Kanjeng nabi njawab; Iman iku percaya marang Allah lan Malaikate Allah lan Kitab-kitabe Allah lan Nabi-nabi utusane Allah lan dina qiyamat lan percaya marang pepesthene Allah, pesthen bagus lan pesthen ala iku saka Allah Ta’ala. Wong lanang mau matur; Panjenengan leres.Panjenengan critaaken dhateng kula ngengingi ihsan.

قال: صدقت. قال: فأخبرني عن الإحسان. قال: أنْ تَعْبُدَ الله كَأَنَّكَ تَرَاهُ، فَإِنْ لَمْ تَكُنْ تَرَاهُ فَإِنَّهُ يَرَاكَ

Kanjeng nabi ngendika; Ihsan iku yen sira nyembah marang Allah kaya-kaya sira ningali Allah yen ora bisa ningali ngertia yen Gusti Allah mirsani sira.

قال: فأخبرني عن الساعة، أي عن زمن وجود يوم القيامة
قال: ما المَسْؤولُ عَنْها بِأَعْلمَ مِنَ السَّائِلِ
قال: فأخبرني عن أماراتها

Wong lanang mau matur maneh; Panjenengan critaaken dhateng kula ngengingi (dumadosipun) dinten qiyamat. Kanjeng nabi ngendika; Wongkang ditakoni ngenani dina qiyamat iku ora luwih ngerti tinimbang wongkang takon. Nuli dheweke matur; Panjenengan critaaken dhateng kula tandha-tandhanipun dinten qiyamat?

قال: "أنْ تَلِدَ الأمَةُ رَبَّتَها" أي سيدتها، يعني يكثر عقوق الأولاد لأمهاتهم فيعاملونهنّ معاملة السيد أمته من الإهانة والسبّ وَأَنْ تَرَى الحُفَاةُ العُرَاةَ العَالَة رعاءَ الشَّاء يتطاوَلُونَ فِي البُنْيَانِ
ثم انطلق ، ثم قال: يَا عُمَرُ أَتَدْرِي مَنِ السَّائِلِ؟ قُلْتُ الله ورسوله أعلم. قال: فَإِنَّهُ جِبْرِيلُ أتَاكُمْ يُعَلَمُكُمْ دِينَكُمْ

Dhawuhe kanjeng nabi; Yen ana ibu dianggep budhak deneng anake lan wong padha ngodhok, padha wuda, padha faqir lan wongkang angon wedhus padha unggul-unggulan berlomba-lomba mbangun gedhong. Banjur wong lanang mau lunga …
Nuli kanjeng nabi nendika : he umar onoto siro weroh sopo wong lanang kang takon mau ? jawab sopo umar gusti alloh lan rosule langkung pirso, rosull dawuh hiyo iku mahu moloekat Jibril kang teko marang siro perlu amulang agomo siro.

                   

                Fasal Murtad Jilid I | IRSYADUL 'IBAD Terjemahan bahasa jawa



قال التاج السبكي: الإسلام أعمال الجوارح، ولا يعتبر إلَّا مع الإيمان والإيمان تصديق القلب، ولا يعتبر إلَّا مع التلفظ بالشهادتين. ونقل النووي في شرح مسلم اتفاق أهل السنة من المحدّثين والفقهاء والمتكلمين على أن من آمن بقلبه، ولم ينطق بلسانه مع قدرته كان مخلداً في النار انتهى

Syeh Tajjudin As Shubkhi ngendiko Islam iku rupane ngibadahe angaoto lan ora bakal di anggep kejobo sertane Iman. Dene iman iku ono ing ati . ugo ora di anggep kejobo sertane di ucapake kanti shahadat loro. Imam Nawawi ing dalem kitab sarah muslim ngendiko : Ulama ahli sunnah (ahli hadist utowo ahli fiqh) wus sepakat yen ono wong iman ing atine ananging ora ngucapake syahadat kanti lesane kelawan tanpo alangan mongko bakal di lebok ake neroko.
انتهى

واعلم أنه يشترط في إسلام كل كافر التَّلَفُّظُ بالشهادتين لا الإتيان بلفظ: أشهد، فالأظهر الاكتفاء بلا إله إلا الله محمد رسول الله، وهو مقتضى كلام الروضة، لكن الذي اعتمده بعض المتأخرين اشتراطه، وهو مقتضى كلام العباب فعليه لو قال: أعلم أو أسقطهما. فقال لا إله إلَّا الله محمد رسول الله لم يكن مسلماً. ولبعض أئمتنا رأي ثالث، وهو اشتراط أشهد أو مرادفها كأعلم، فينبغي لكل من يسلم الاحتياط بأن يقول: أشهد أن لا إله إلَّا الله وأشهد أن محمداً رسول الله

Asyhadu kang artine nekseni ingsun. Ingsun ngerti lan ingsun jelasake yen saktemene ora ono pengeran kang Haq den sembah kejobo namung Alloh, lan ingsun nekseni yen saktemene kanjeng nabi Muhammad iku utusane Alloh. Ugo di syarat ake supoyo tertib antarane kalimah loroiku jalaran durung iman marang Nabi yen durung iman marang Alloh. lan ora kudu nuli-nuli antarane kalimah loro. Utowo nganggo bahasa arab senajan dewe’e biso bahasa arab.

Nanging kang di syarat ake iku ngerti opo kang di ucapake hiyo iku Oraono kang haq di sembah kejobo Alloh kang suwiji. Keduwe wong musyrik iku kudu nambahi : Ingsun kafir marang kabeh kang ingsun sekutok ake , sak iki ingsun wus bebas saking Agomo kang nyalahi Agomo islam. Mengkunu katerangan ing kitap Roudloh lan ‘Ubab ugo ono pendapat kang ora nyertoake tambahan mau, Asal wus moco Syahadad loro wus Sah.

واعلم أن الإيمان بالله اعتقاد أنه واحد لا نظير له في ذاته وصفاته ولا شريك له في الألوهية وهي استحقاق العبادة، وأنه قديم لا ابتداء لوجوده، وباقٍ لا انتهاء لأبديته

Ngertio yen saktemene iman marang Alloh hiyo iku neqot ake yen saktemene Gusti Alloh iku Suwiji, ora ono kang madani ing dalem Dzate utowo sifate lan ora ono kang nyekutoni ingdalem kekuasa ane, Kepengeranane . ugo percoyo yen Alloh iku Qodim ora ono kawitan lan Langgeng ora ono pungkasane.

وبالملائكة اعتقاد أنهم مكرمون لا يعصون الله ما أمرهم، ويفعلون ما يؤمرون صادقون فيما أخبروا به، وبالكتب اعتقاد أنها كلام الله الأزلي القائم بذاته المنزه عن الحرف والصوت، وأن كل ما تضمنته حق، وأن الله تعالى أنزلها على بعض رسله بألفاظ حادثة في ألواح أو على لسان الملك

Lan iman marang malaikat: Yo iku percoyo yen saktemene malikat iku kawulone Alloh kang di mulyo ake,ora nglanggar perintah lan nindak ake kabeh perintah, dewe’e jujur ingdalem nyampe’ ake ajaran Alloh. Lan Iman marang kitab e Alloh : Yo iku neqot ake yen saktemene dawuhe Alloh Ta’ala kang asli kang jumeneng kelawan Dzate Alloh, tanpo Huruf lan suworo, lan opo-opo kang ono ing dawuhe kabeh mahu bener.lan gusti Alloh wus nurunake marang sebagian utusane rupo Lembaran utowo kanti lisane Malaikat.

وبالرسل اعتقاد أن الله أرسلهم إلى الخلق ونزههم عن كل وخيمة ونقص، فهم معصومون من الصغائر والكبائر قبل النبوّة وبعدها، وباليوم الآخر، وهو من الموت إلى آخر ما يقع اعتقاد وجوده، وما اشتمل عليه من سؤال الملكين ونعيم القبر أو عذابه، والبعث والجزاء والحساب والميزان، والصراط والجنة والنار

Lan iman marang Rosul : Yo iku neqot ake yen alloh Ta’ala ngutus marang rosul kanggoumat manungso lan ngrekso dewe’e saking sifat keji lan kekurangan tur karekso saking duso gede utowo cilik sak durunge lan sak wuse dadi nabi. Lan iman marang dino akhir: Yo iku percoyo marang kedadian-kedadian sak wuse mati koyo dene pitakon kubur ni’mat utowo siksane kubur dinane tangi saking kubur, dinane piwales, hisab, timbangan Amal, sirod, suwargo lan neroko.

وَبِالْقَدَرِ اعْتِقَادً أَن ما قدّره الله في الأزل لا بد من وقوعه، وما لم يقدره يستحيل وقوعه، وأنه تعالى قدر الخير والشرّ قبل خلق الخلق، وأن جميع الكائنات بقضائه وقدره

Lan iman Bilqodar : Yoiku percoyo yen Alloh Ta’ala nentok ake kabeh perkoro ing dalem Azali, yakni sakdurunge gawe mahluk,iku wus ono ketentuan rencana kang bakal kedadean ono ing mahluk. Opo kang di takdir ake mesti kedadean dene kang ora di takdir ake iku ora bakal kedadean lan allah ta’ala dadek ake suwalike koyo dene bagus lan olo sak durunge dadekake menungso, mongko kabeh alam lumaku manut marang Takdire Alloh Ta’ala.

وأخرج أحمد والحاكم عن أبي هريرة رضي الله عنه. قال: قال رسول الله: "جَدِّدُوا إيْمَانَكُمْ" قيل: قيل وكيف نُجَدِّدُ إيمانَنَا يا رَسولَ الله؟ قال: أكْثِرُوا مِنْ قَوْلِ لا إله إلا الله

Lan nyeritak ake sopo imam Ahmad lan Hakim saking Abu huroiroh ngendika ake bilih Gusti kanjeng Nabi dawuh : “Podo ngenyarono siro kabeh marang Iman” den aturake Kados pundi ngenyarake iman puniko Yarosul?, Rosul dawuh : Podo ngakeh-ngakeh no siro kabeh moco “La ilaaha illalloh”

والشيخان عن عثمان بن مالك "إنَّ الله قَدْ حَرَّمَ عَلى النَّارِ مَنْ قَالَ لا إله إلَّا الله يَبْتَغِي بِذلِكَ وَجْهَ الله

Saking Imam bukhori muslim saking Usman bin malik bilih Gusti kanjeng Rosul dawuh : Alloh ta’ala ngarom ake geni neroko keduwe wong kang ngucap “La ilaaha illalloh” kanti nuperih karidlo ane Alloh (ikhlas).

وابن عساكر عن عليّ رضي الله عنه عن النبي: "حَدَّثَنِي جبْرِيلُ، قَالَ: يَقُولُ الله تَعالى: لا إله إلَّا الله حِصْنِي فَمَنْ دَخَلَهُ أَمِنَ مِنْ عَذَابِي

Sayida ‘Ali ngendiko bilih gusti Rosul dawuh : Dawuhe Jibril ’Alaihissalam Alloh ta’ala dawuh “La ilaaha illalloh” iku dadi benteng Ku sopo wonge kang mlebu ing jerone mongko aman saking sikso Ku.

Lanjutkan Membaca : Terjemahan IRSYADUL 'IBAD bahasa jawa | Bab IMAN Jilid II

Dibacakan oleh : KH. NGADIYIN ANWAR
             GUS NUR TSALIS MUJIB

Setiap Hari Jum'at Ba'da Asyar
Tempat        :  Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun

Post a Comment

Previous Post Next Post
close