Muqoddimah Kitab IRSYADUL 'IBAD | UQRO

Daftar Isi [Tampil]
Kitab :Irsyadul  'Ibad Ila Sabilir Rosyad
Pengarangnya: Syaikh Zainuddin bin 'Abdul Aziz Al-Malibari Asy-Syafi'i.



بسم الله الرحمن الرحيم  الحمد لله الذي أرشدنا إلى طاعته، وزجرنا عن معصيته، وأشهد أن لا إله إلا الله إقراراً بوحدانيته، وأشهد أن محمداً رسول الله اعترافاً بنبوّته، والصَّلاة والسَّلام على من أرسله الله لإرشاد العباد، وعلى آله وصحبه المهتدين إلى سبيل الرشاد


Bismillahirrohmaa nirrohiim Sekabehe puji iku kagungane Gusti Allah Dzat kang wis paring pituduh marang kita bisa nindakake tha’at marang panjenengane Allah lan nyegah marang kita saka nglakoni maksiyat marang panjenengane Allah.

Kitab : Irsyadul  'Ibad  Ila Sabilir Rosyad Syaikh  Zainuddin  bin 'Abdul Aziz Al-Malibari Asy-Syafi'i
Gambar 1 sampul kitab irsyadul 'ibad jawa

Ingsun nekseni sak temene ora ana pengeran kang hak di sembah kejaba namung Allah kanthi ngakoni marang Maha suwijine Allah. Lan ingsun nyekseni sak temene nabi Muhammad iku dadi utusane Allah kanthi mangerteni marang kenabiane. Muga – muga Gusti Allah tansah nambahi rahmat lan keslametan marang utusane kang kadhawuhan nuduhake marang para kawula, sumrambah marang kawula warga lan shahabate kang padha pinaringan pituduh marang dalan kang bener.

وبعد) فهذا كتاب انتخبته من كتَابَيْ: الزواجر، ومرشد الطلاب، لشيخي مشايخ الإسلام وملكي العلماء الأعلام، شيخنا الشيخ شهاب الدين أحمد بن حجر الهيثمي، وجدّنا زين الدين بن علي المعبري رضي الله عنهما وحشرنا في زمرتهما


Waba’du. Sak wuse nutur kang kasebut mau yaiku ucapan hamdalah, shalawat lan salam. Banjur kyai mushannef ngendikak ake yen kitab iki di pethik saka kitab Az Zawajir lan Mursyidut Thullab kang dianggit dening Guru Agama loro lan ratune para ‘Ulama kang kaya dene gunung mungguh ke agungane.

Iya iku guru ingsun Asy Syekh Syihabuddin Ahmad bin Hajar al Haitamiy lan simbah ingsun As Syekh Zainuddin bin ‘Ali Al Ma’briy radliyallaahu ‘anhuma. Muga-muga Allah ngumpulake ing kita bareng karo panjenengane.

، وزدت فيه ما يسر من الأحاديث والمسائل الفقهيات، والمواعظ والحكايات، وسميته (بإرشاد العباد إلى سبيل الرشاد) راجباً من الله الجواد أن يرشدني به وجميع العباد إلى دار الخلود، إنه كريم ودود


Kitab iki ingsun tambahi apa-apa kang ndadekake gampang rupa pira-pira hadits lan masalah fiqih sarta pitutur lan hikayat,Ingsun jenengake kitab iki aran “Irsyaadul ‘Ibaadi ilaa sabiilir rasyaadi” kanthi ngarep-ngarep kanugrahane Allah Ta’ala, muga-muga kitab iki bisa mituduhi marang ingsun lan kabeh para kawula tumuju suwargane Allah kang langgeng.Allah Ta’ala iku Dzat kang loma tur dhemen marang kawulane.


روى الشيخان البخاري ومسلم عن عمر بن الخطاب رضي الله عنه قال: سمعت رسول الله يقول: إنَّمَا الأَعْمَالُ بِالنِّيَّاتِ وَإنَّما لِكُلِّ امْرِىءٍ مَا نَوَى، فمن كَانَتْ هِجْرَتُهُ إلى الله وَرَسُولِهِ فَهِجْرَتُهُ إلَى الله وَرَسُولِهِ، وَمَنْ كَانَتْ هِجْرَتُهُ لِدُنْيَا يُصِيبُها أَو امْرَأَةٍ يَنْكِحُها فَهِجَرَتُهُ إلَى مَا هَاجَرَ إلَيْهِ


Nyritaake Syekh hadits loro, yaiku Imam Bukhari lan Imam Muslim saka sayyidina ‘Umar bin al Khatthab radliyallaahu ‘anhu ngendika; Ingsun krungu yen rasulullah shallallaahu ‘alaihi wasallam ngendika; “Saben-saben ‘amal iku gumantung marang niyate, Lan keduwe saben-saben wong apa kang diniyatake.

Mangka sapa wonge kang duweni niyat hijrah krana Allah Ta’ala lan thaat marang rasulullah mangka hijrahe krana Allah lan rasulullah. Lan sapa wonge kang niyat hijrah krana golek kauntungan donya utawa krana wong wadon kang arep dinikahi, mangka hijrahe mung marang apa kang dikarepake.

Lanjutkan Membaca : Terjemahan IRSYADUL 'IBAD bahasa jawa | Bab IMAN Jilid I
                                    Terjemahan IRSYADUL 'IBAD bahasa jawa | Bab IMAN Jilid II

Dibacakan oleh : KH. NGADIYIN ANWAR
                               GUS NUR TSALIS MUJIB
Setiap Hari Jum'at Ba'da Asyar
Tempat        : Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun

Post a Comment

Previous Post Next Post
close