Irsyadul Ibad I BAB NERANGAKE ‘ILMU

Daftar Isi [Tampil]
Kitab :Irsyadul  'Ibad Ila Sabilir Rosyad
Pengarangnya: Syaikh Zainuddin bin 'Abdul Aziz Al-Malibari Asy-Syafi'i.
Jilid : I Bab 'ilmu 

BAB NERANGAKE ‘ILMU

{باب العلم}
     قال الله تعالى: {يَرْفَعِ الله الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوْتُوا العِلْمَ درجاتٍ} (سورة المجادلة: 11) أي ويرفع درجات العلماء منهم خاصة، وقال الله عزّ وجلّ: {قُلْ هَلْ يَسْتَوِي الَّذِينَ يَعْلَمُونَ وَالَّذِينَ لا يَعْلَمُونَ} (سورة الزمر: 9) أي لا يستويان.

Dawuhe Alloh Ta’ala:  Gusti alloh ngeluhur ake derajate wong- wong mukmin lan wong-wong kang podo nduweni ‘Ilmu.
Dawuhe Alloh Ta’ala: Dawuho siro Muhammad ora biso di padak ake wong-wong  kang podo ngerti lan wong-wong  kang ora podo ngerti.
uqro official
Gambr.1 sampul kitab

  وأخرج ابن عبد البر عن أنس قال: قال رسول الله: "اطْلُبُوا العِلْمَ وَلَوْ بِالصِّينِ، فَإِنَّ طَلَبَ العِلْمِ فَرِيضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ إنّ المَلائِكَةَ تَضَعُ أَجْنِحَتَهَا لِطَالِبِ العِلْمِ رِضَا بِما يَطْلُبُ". والديلمي عن ابن عباس: "طَلَبُ العِلْمِ سَاعَةً خَيْرٌ مِنْ قِيَامِ لَيْلَةٍ وَطَلَبُ العِلْمِ يَوْماً خَيْرٌ مِنْ صِيَامِ ثَلاثَةِ أَشْهُرٍ".

Hadist riwayat Ibn ‘Abdul bari saking Annas R.a ngendiko: Rosulluloh S.a.w dawuh: Podo nuperiho ngilmu senajan ing negoro cino, jalaran luru ‘ilmu iku wajib hukume kedue saben – saben wong islam, saktemene malaikat iku ngelar suwiwine keduwe wong kang golek ‘ilmu, jalaran Ridlo lan seneng kelawan kang di superih.

Hadist riwayat Dailami saking Ibn ‘Abas R.a ngendiko: Golek ‘ilmu sak jam iku luweh bagus tinimbang  jumenengi sholat suwengi, lan luru ‘ilmu sedino iku luwih bagus tinimbang poso telung wulan.

والترمذي عن سَنْجَرَةَ: "مَنْ طَلَبَ العِلْمَ كَانَ كَفَّارَةً لِمَا مَضَى"
والشيرازي عن عائشة رضي الله عنها: "مَن انْتَقَلَ ليَتَعَلمَ عِلْمَاً غُفِرَ لَهْ قَبْلَ أَنْ يَخْطُو".
 وابن عساكر والديلمي عن ابن عباس رضي الله عنهما: "خُيِّرَ سُلَيْمَانُ عَلَيْهِ السَّلامُ بَيْنَ المالِ وَالمُلْكِ والعِلْمِ فَاخْتَارَ العِلْمَ فَأُعْطِيَ المُلْكَ وَالمالَ لاخْتِيَارِهِ العِلْمَ". والطبراني عن أبي أمامة: "أيُّمَا نَاشِىءٍ نَشَأَ فِي طَلَبِ العِلْمِ وَالعِبَادَةِ حَتَّى يَكْبرَ أَعْطَاهُ الله يَوْمَ القِيَامَةِ ثَوَابَ اثْنَيْنِ وَسَبْعِينَ صَدِّيقاً".

Hadist riwayat Tirmidzi saking Sahbaroh ngendiko: Sopo wonge sing luru ‘Ilmu, iku dadi tebusane duso-duso kang wus keliwat.
Hadist riwayat Sairozi saking ‘Aisah R.a.h ngendiko: Sopo wonge pindah perlu ngaji ‘Ilmu, mongko dingapuro dusone sakdurunge jangkah.
Hadist riwayat Ibn Asakir lan Dailami saking Ibn ‘Abas rodlialloh ’anhumma ngendiko: Nabi Sulaiman A.s diparingi kasempatan milih antarane bondo, kerajaan lan ‘ilmu, mongko panjenengane milih ‘ilmu, nuli diparingi kerajaan lan kekayaan, jalaran panjenengan milih ‘ilmu.

Hadist riwayat Tobroni saking Umamah ngendiko: Endi-endi wongkang tumbuhingdalem luru ‘Ilmu lan ngibadah tumekone tuwo mongko Gusti Alloh bakal maringi ganjaran wong ku pitung puluh wong shodiq bisuk ing dino qiamat.

وابن النجار عن أنس: "العُلَمَاءُ وَرَثَةُ الأنْبِيَاءِ يُحِبُّهُمْ أَهْلُ السَّمَاءِ، وَيَسْتَغْفِرُ لَهُمُ الحِيتَانُ في البَحْرِ إذا ماتوا يَوْمَ القيامَةِ".
 والبخاري عن معاوية: "مَنْ يُرِدِ الله بِهِ خَيْراً يُفَقِّهْهُ فِي الدِّينِ"

Hadist riwayat Ibn Najari saking Annas R.a ngendiko: Ulama iku dadi pewarise poro nabi, dewek e disenengi penduduk langit lan disuwun ake ngapuro deneng iwak-iwak kang ono segoro nalikone dewek e mati tumeko dino qiamat.
Hadist riwayat Bukhori saking Mu’awiyah R.a ngendiko: Rosulluloh S.a.w dawuh: sopo wonge kang dikersaake Alloh Ta’ala kebagusan, mongko dingerteake ing dalem agomo.

والطبراني والبيهقي عن أبي هريرة: "مَا عُبِدَ الله بِشَيْءً أَفْضَلَ مِنَ الفِقِه فِي الدِّينِ، وَلَفَقِيهٌ وَاحِدٌ أَشَدُّ عَلَى الشَّيْطَانِ مِنْ أَلْفِ عَابِدٍ، وَلِكُلِّ شَيْءٍ عِمَادٌ وَعِمَادُ هذا الدِّينِ الفِقْهُ".

Hadist riwayat Tobroni lan Baihaqi saking Abu Hurairah ngendiko: Rosulluloh s.a.w dawuh: Ora ono ngamal kang luwih utomo kanggo ngibadah marang Alloh koyo dene Fiqih (ngerteni ing agomo) lna wong siji kang pinter fiqh, iku luwih abot kanggone syaiton tinimbang sewu wong kang ahli ‘Ibadah lan saben-saben suwiji tamtu ono cagak e, dene cagak e agomo iku Fiqih.

وابن النجار عن محمد بن علي: "رَكْعَتانِ مِنْ عالِمٍ أَفْضَلُ مِنْ سَبْعِينَ رَكْعَةً مِنْ غَيْرِ عَالِمِ". 
وأبو نعيم والخطيب عن أبي هريرة: "خِيَارُ أُمّتِي عُلَمَاؤُهَا وَخَيْرُ عُلَمائِهَا رُحَمَاؤُها، ألا وَإِنَّ الله تَعَالَى لَيَغْفِرُ لِلْعَالِمِ أَرْبَعِينَ ذَنْباً قَبْلَ أَنْ يَغْفِرَ لِلْجَاهِلِ ذَنْباً وَاحِداً. ألا وَإِنَّ العَالِمَ الرَّحِيمَ يَجِيءُ يَوْمَ القِيَامَةِ وَإِنَّ نورَهُ قَدْ أَضَاءَ يَمْشِي فِيهِ مَا بَيْنَ المَشْرِقِ وَالمَغْرِبِ، كَمَا يُضِيءُ الكَوْكَبُ الدُّرِّيُّ".

Hadist riwayat Ibn Najari saking Muhammad bin ‘Ali ngendiko: Rong rokaate wong ‘alim iku luwih utomo tinimbang pitung puluh rokaate wong bodo.
Hadist riwayat Abu Naim lan Khotib saking abu Hurairah R.a Ngendiko: Sak bagus-baguse umat ingsun iku Ulama e lan san bagus-baguse Ulama Iku welas asihe, Ilingo yen gusti Alloh biso ngapuro marang wong ‘Alim patang puluh duso sak durunge ngapuro marang wong bodo siji duso, Ilingo yen wong ‘Alim sing welas asih iku bakal teko ing dino qiamat dene sinar cahayane  wong ngalim iku madangi antarane jagat wetan lan kulon koyo dene padange lintang kang gemebeyar.

وأبو الشيخ والديلمي عن ابن عباس رضي الله عنهما: "إذَا اجْتَمَعَ الْعَالِمُ وَالعَابِدُ عَلَى الصِّرَاطِ، قِيلَ لِلْعَابِدِ: أدْخُلِ الْجَنَّةَ وَتَنْعَّمْ بِعِبَادَتِكَ، وَقِيلَ لِلْعَالِمِ قِفْ هُنَا ففَاشْفَعْ لِمَنْ أَحْبَبْتَ فَإِنَّكَ لا تَشْفَعُ لأحَدٍ إلَّا شَفَعْتَ فَقَامَ مَقَامَ الأنْبِيَاءِ".



Hadist riwayat Abu Shaikh lan Dailami saking Ibn Abbas R.a ngendiko:
Nalikane ono wong ‘alim kumpul karo wong ahli ‘ibadah ingatase sirod, mongko di perintahake marang ‘abid; Melebuo siro ing suwargo lan seneng-senengo siro jalaran ‘ibadah iro, Lan di atur ake marang wong ‘alim mau; siro mandek kene nyafangat tono siro  -marang wong-wong kang siro senengi, sak temene safangat iro marang wong mau bakal di tompo dining Alloh Ta’ala, jalaran wong ‘alim iku manggon ing kedudukane poro nabi.

والديلمي عن ابن عباس: "إذَا مَاتَ العَالِمُ صَوَّرَ الله عِلْمَهُ فِي قَبْرِهِ يُؤْنِسُهُ يَوْمَ القِيَامَةِ، وَيَدْرَأُ عَنْهُ هَوَامّ الأرْضِ".

Hadist riwayat Abu Shaikh lan Dailami saking Ibn Abbas R.a ngendiko: Nalikane wong ‘alim Mati, mongko Alloh mbentuk ‘ilmune ing kubur koyo dene wongkang nyeneng ake lan ngayem ake tumeko ne dino qiamat lan nulak gegeremetane bumi.


 وأبو الشيخ والديلمي عن ابن عباس رضي الله عنهما: "إذَا اجْتَمَعَ الْعَالِمُ وَالعَابِدُ عَلَى الصِّرَاطِ، قِيلَ لِلْعَابِدِ: أدْخُلِ الْجَنَّةَ وَتَنْعَّمْ بِعِبَادَتِكَ، وَقِيلَ لِلْعَالِمِ قِفْ هُنَا ففَاشْفَعْ لِمَنْ أَحْبَبْتَ فَإِنَّكَ لا تَشْفَعُ لأحَدٍ إلَّا شَفَعْتَ فَقَامَ مَقَامَ الأنْبِيَاءِ".
Hadist riwayat Abu Shaikh lan Dailami saking Ibn Abbas R.a ngendiko:
Nalikane ono wong ‘alim kumpul karo wong ahli ‘ibadah ingatase sirod, mongko di perintahake marang ‘abid; Melebuo siro ing suwargo lan seneng-senengo siro jalaran ‘ibadah iro, Lan di atur ake marang wong ‘alim mau; siro mandek kene nyafangat tono siro  -marang wong-wong kang siro senengi, sak temene safangat iro marang wong mau bakal di tompo dining Alloh Ta’ala, jalaran wong ‘alim iku manggon ing keduduksne poro nabi.
والخطيب عن عثمان رضي الله عنه: "أوّلُ مَنْ يَشْفَعُ يَوْمَ القِيَامَةِ الأنْبِيَاءُ ثُمَّ العُلَمَاءُ ثُمَّ الشُّهَدَاءُ".
Hadist riwayat Khotib saking Usman R.a ngendiko: Wong sing pertama kali paring syafaat ing dino qiamat yoiku poro Nabi, nuli poro Ulama, nuli poro Syuhada.

وعن أنس: "فَضْلُ العَالِمِ عَلَى غَيْرِهِ كَفَضْل النَّبِيِّ عَلَى أُمَّتِهِ".
Shohabat Annas R.a ngendiko: Kautama ane wong ‘alim atas lio-liane iku koyo dene kautama ane poro Nabi atas umat te.

وعن جابر: "أَكْرِمُوا العُلَمَاءَ فَإِنَّهُمْ وَرَثَةُ الأنْبِيَاءِ فَمَنْ أَكْرَمَهُمْ فَقَدْ أَكْرَمَ الله وَرَسُولَهُ".
وابن عساكر عن أبي سعيد: "مَنْ عَلَّمَ آيَةً مِنْ كِتَابِ الله أو باباً مِنْ عِلْمٍ أنْمَى الله أَجْرَهُ إلَى يَوْمِ القِيَامَةِ".

Lan hadist riwayat saking Jabir ngendiko: Podo mulyak no siro kabeh marang Ulama, jalaran ulama iku warise poro nabi, sopo sing mulya ake Ulama berarti dewek e mulyake Alloh lan Rosullulloh.

Lan hadist riwayat Ibn asakir saking abi Sa’id R.a ngendiko: sopo wonge kang mulang sak ayat saking kitabe alloh utowo sak bab saking ilmu Agomo, mongko Gusti Alloh ngundak ake ganjarane tumeko dino Qiamat.


وابن ماجه عن معاذ بن أنس: "مَنْ عَلَّمَ عِلْماً فَلَهُ أَجْرُ مَنْ عَمِلَ بِهِ وَلا يَنَقْصُ مِنْ أَجْرِ العَامِلِ".
Lan hadist riwayat Ibn Majah saking Mu’ad bin Annas R.a ngendiko: Sopo wonge mulang agomo mongko dewek e merkoleh ganjarane wong kang ngamal ake ‘ilmu iku, lan ora ngurangi ganjarane wongkang ‘amal

وأحمد عن معاذ: "لَأنَ يَهْدِي الله بِكَ رَجُلاً خَيْرٌ لَكَ مِنَ الدُّنْيا وَمَا فِيها".
Lan hadist riwayat Ahmad saking Mu’ad R.a ngendiko: Yen Alloh Ta’ala maringi hadiah marang suwijine wong lantaran ajaran siro, iku luweh bagus kedue siro katimban intuk dunyo sak isine.

وابن النجار عن ابن عباس: "الغُدوُّ والرّوَاحُ إلى المَسَاجِدِ فِي تَعْلِيمِ العِلْمِ أَفْضَلُ عِنْدَ الله مِنَ الجِهَادِ فِي سَبِيلِ الله".
Lan hadist riwayat Ibn Najari saking Ibn Abbas ngendiko: Lungo isuk lan sore menyang masjid perlu mulang ilmu agomo iku luwih bagus ono ngersane Alloh tinimbang jihad fi sabilillah.

والطبراني عن ابن مسعود: "أَيُّمَا رَجُلٌ آتَاهُ الله عِلْماً فَكَتَمَهُ أَلْجَمَهُ الله يَوْمَ القِيَامَةِ بِلِجامٍ مِنْ نَارٍ".
Lan hadist riwayat Tobroni saking Ibn Mas’ud R.a ngendiko: Endi endi wong kang di paring ‘ilmu dining Alloh nuli di umpet ake, mongko Gusti Alloh ngendaleni cangkeme mbesuk ing dino qiamat kanti kendali saking geni.

والنسائي عن أبي هريرة: "مَنْ تَعَلَّمَ عِلْماً مما يَبْتَغِي بِهِ وَجهَ الله لا يَتَعَلَّمهُ إلا لِيُصِيبَ غَرَضاً مِنَ الدُّنْيا لَمَ يَجِدْ عُرْفَ الجَنَّةِ يَوْمَ القِيَامَةِ" يعني ريحها.

Lan hadist riwayat Nasai saking Abu hurairah r.a ngendiko: Sopo wonge kang belajar ‘ilmu Agomo kang prayogone golek karidlo ane gusti Alloh, dumadakan di pelajari kanggo tujuan bondo dunyo, mongko dewek e ora bakal merkoleh Gondone suwargo mbesuk dino qiamat.

وابن ماجه عنه: "مَنْ تَعَلَّمَ العِلْمَ ليُباهي بِهِ العُلَمَاءَ أَوْ يُمَارِي بِهِ السُّفَهَاءَ أَوْ يَصْرِفَ بِهِ وجُوهَ النَّاسِ إلَيْهِ أَدْخَلَهُ الله جَهَنَّمَ".
Lan hadist riwayat Ibn Majah saking Abu Hurairah ngendiko: Sopo wonge kang belajar ‘ilmu kanggo nandingi poro ulama utowo ndebat wong-wong bodo utowo golek perhatiane wong, mongko gusti Alloh bakal ngelebok ake dewek e ing neroko jahanam.

وابن أبي الدنيا والبيهقي عن الحسن مرسلاً: "مَا مِنْ عَبْدٍ يَخْطُبُ خُطْبَةً إلَّا الله سَائِلُهُ عَنْهَا يَوْمَ القِيَامَةِ ما أرادَ بها" قال: فكانَ مالك بن دينار إذا حدّث بهذا بكى، ثم يقول: أتحسبون عيني تقرّ بكلامي عليكم، وأنا أعلم أن الله سائلي عنه يوم القيامة ما أردت به، فأقول: أنت الشهيد على قلبي لو لم أعلم أنه أحبّ إليك لم أقرأ على اثنين أبداً
Lan hadist riwayat Ibn Abi Dunya lan Baihaqi saking Hasan (hadist mursal) ngendika ake: Ora ono wong sing khotib/ceramah kejobo Alloh Ta’ala bakal nakoni tujuane khotbah iku besuk ing dino qiamat.
Malik bin Dinar ngendiko: Nalikane panjenengane Malik maca ake hadist panjenengane nangis kanti ngucap: “Ono to podo ngiro yen ingsun iki seneng lan bungah kelawan ceramah ingsung, ing mongko gusti Alloh bakal nakoni ingsun”, Opo tujuan iro kelawan katerangan iro iku? Nuli ingsun jawab: Duh gusti Alloh, panjenengan engkang dados seksi dating punopo ingkang wonten manah kulo, menawi kulo ngertos bilih panjenengan langkung remen kulo kendel, tamtu mboten bade kulo terangaken dateng tiang kalih selami lami nipun.

أبو بكر محمد بن أبي الحسن البكري الصدِّيقي رضي الله عنه فيما أوصاني به: اجعل الإخلاص فيما تفيده وتستفيده شعارك، والأدب مع الله فيما تعلمه وتتعلمه دثارك، ولا تبخل على طالب بتعليم ما علمه الله إياك متحرّياً فيه تحرّي من يعلم أن الله يراه انتهى.
Guru ingsun Abu Bakar Muhammad bin Abi Hasan Al Bakari Assiddiqi R.a ing dalem wasiat marang ingsun ngendiko: Dadek noho siro ikhlas symbol iro marang kabeh kang siro pelajari lan kang siro wulangake, lan toto keromo ing Alloh sak jerone opo kang siro pelajari lan opo kang siro wulang ake, lan ajo medot mulang marang wong sing arep belajar saking ilmu kang wus di wulangake dening Alloh marang siro,
kanti kesadaran yen Alloh Ta’ala mersani marang siro. انتهى.

رزقنا الله الإخلاص في طلب العلم ونشره، وفي جميع الطاعات.
 Mugo-mugo gusti Alloh paring rizqi ikhlas marang kito sakjrone kito luru ilmu lan nyebar ake soho ing dalem ngibadah lan to’at.

وفي الغاية للحصني قال السيد الجليل ضرار بن عمرو: إنّ قوماً تركوا العلم ومجالسة أهل العلم، واتخذوا محاريب وصلوا وصاموا حتى يبس جلد أحدهم على عظمه خالفوا فهلكوا، والذي لا إله غيره ما عمل عامل على جهل إلا كان ما يفسد أكثر مما يصلح، وصفهم بالهلاك.
Ing dalem kitab karangan nipun syaikh Hisni Ono sawiji ne katerangan saking Dziror Ibn Amar ngendiko: Ono swijine kaum kang ora seneng lan ngedohi saking majlis ilmu, nili deweke agawe pirang-pirang mihrob (pengimaman) kanggo sholat lan poso nganti podo garing kari balung lan kulit, dewek e wus podo nyalahi sahinggo podo kerusaan, demi Alloh kang ora ono pengeran sakliyane Alloh, ora ono wongkang ‘amal kanti kebodohan kejobone rusak lan salahe luwih akeh katimbang benere jalaran iku kang nyebab ake kerusaan.

 [تنبيه]: إنّ أول واجب على الآباء للأولاد تعليمهم أن النبيّ بعث بمكة ومات ودفن بالمدينة.
[Pepiling] kawitane kewajipane bapak marang anak yoiku mulang dewek e sakwuse kalimah syahadah loro, di weruhake yen kanjeng nabi Muhammad S.a.w iku di utus ing Makkah lan sedo ing Madinah.

اعلم أن أوّل ما يلزم المكلف تعلم الشهادتين ومعناهما وجزم اعتقاده، ثم تعلم ظواهر علم التوحيد وصفات الله تعالى، وإن لم يكن عن الدليل، ثم ما يحتاج إليه لإقامة فرائض الدين كأركان الصلاة والصوم وشروطهما، والزكاة إن ملك مالاً نصاباً، ولو كان هناك ساعٍ، والحجّ إن كان مستطيعاً له، ثم علم الأحكام التي يكثر وقوعها إن أراد أن يباشر عقداً بيعاً كان أو غيره كالأركان والشروط، ولا سيما في الرَّبَويَّات لمن خاض فيها، وكواجبات القسم بين الزوجات والقيام بالمماليك، ويجب أيضاً تعلم دواء أمراض القلب: كالحسد والرياء والعجب والكبر واعتقاد ما ورد به الكتاب والسنة.


Weruho siro!!! yen saktemene kawitane kewajiban keduwe wong mukalaf (dewoso dan duweni akal) iku ngerteni kalimah syahadah loro lan ngerti artine sarto ngeyakinake syahadah, nuli ilmu tauhid, sifat-sifate Alloh senajan tanpo dalil, nuli nyinaoni opo kang di butuh ake kanggo negak ake kewajiban-kewajibane agomo koyo dine rukune sholat, poso lan syarat – syarate lan zakatyen wus ono sak nizob, ugo nindak ake ibadah haji yenwus kuwoso,nuli hokum-hukum kang sering tumibo lamun kapingin dagang lan liyane, luwih luwih ingdalem hal kang ono hubungane karo riba, ugo ngenani kewajiban tumindak adil anggone ngilir marang bojo-bojone, lan merhatek ake hak-hak ke budak, ugo nyinahoni tambane penyakit ati, koyo dene hasad derengki riyak lan ngujub sombong, lan ngeyakin ake kabeh katerangane kanjeng nabi Mihammad S.a.w.
Dibacakan oleh : KH. NGADIYIN ANWAR
                               GUS NUR TSALIS MUJIB
Setiap Hari Jum'at Ba'da Asyar

Tempat        : Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun
Previous Post Next Post
close