Bab Wudlu | IRSYADUL 'IBAD Terjemahan bahasa jawa

Daftar Isi [Tampil]

Bab Wudlu | IRSYADUL 'IBAD Terjemahan bahasa jawa


Kitab :Irsyadul  'Ibad Ila Sabilir Rosyad
Pengarangnya: Syaikh Zainuddin bin 'Abdul Aziz Al-Malibari Asy-Syafi'i.
 Bab : Wudlu
 Jilid : -
{باب الوضوء}
Bab nerangake Wudlu

     أخرج الشيخان عن أبي هريرة. قال: قال رسول الله: "لا يَقْبَلُ الله صَلاة أَحَدِكُمْ إذَا أَحْدَثَ حَتَّى يَتَوَضَّأَ"
Hadist riwayat syaikhoni (buchori lan muslim) saking Abu Hurairah r.a ngendiko: Rosulluloh s.a.w dawuh: Gusti Alloh ora nompo sholate wong sing hadas, sahinggo dewek e wudlu.

وأبو الشيخ عن ابن مسعود: "أُمِرَ بِعَبْدٍ مِنْ عِبَادِ الله تَعَالَى يُضْرَبُ فِي قَبْرِهِ مائَة جَلْدَةٍ، فَلَمْ يَزَلْ يَسْأَلُ وَيَدْعُو حَتَّى صَارَتْ جَلْدَةً واحدةً، فَامَتَلأَ قَبْرُهُ عَلَيْهِ ناراً، فَلَمَّا ارْتَفَعَ عَنْهُ قَالَ: عَلامَ جَلَدْتُمُونِي؟ قَالُوا: إنَّكَ صَلَّيْتَ صَلاةً بغير طهور، ومَرَرْتَ بِمَظْلُومٍ فَلَمْ تَنْصُرْهُ".
Hadist riwayat Abu syaikh saking Ibn Mas’ud r.a ngendiko: Kawulane Alloh diperintah mukul ing dalem kubure kaping stus jilidan, nuli dewek e tansah dungo marang Alloh sahinggo kari sak jilidtan, dumadakan kubure kebak geni, barang wus rampung anggone mecut dewek e takon: Ginio siro kok mecut ingsun? Jawabe : Amergo siro tau sholat  tanpo wudhu, lan ngeliwati wong sing dianiyoyo siro ora gelem nulungi.

والبيهقي عن سلمان: "إذَا تَوَضَّأَ العَبْدُ تَحَاتَّتْ عَنْهُ ذُنُوبُهُ كَمَا تَحَاتُّ وَرَقُ هذِهِ الشَّجَرَةِ".

Hadist riwayat Baihaqi saking Salman r.a ngendiko: naliko wong iku wudlu mongko rontok duso-dusone koyo rontoke godonge wit.

ومسلم عن أبي هريرة "إذا تَوَضَّأَ العَبْدُ المُسْلِمُ أَوْ المُؤْمِنُ فَغَسَلَ وَجْهَهُ خَرَجَ مِنْ وَجْهِهِ كُلُّ خَطِيئَةٍ نَظَرَ إلَيْهَا بِعَيْنَيْهِ مَعَ الماءِ أَوْ مَعَ آخِرِ قَطر الماءِ، فَإذَا غَسَلَ يَدَيْهِ خَرَجَ مِنْ يَدَيْهِ كُلُّ خَطِيئَةٍ بَطَشَتْها يَدَاهُ مَعَ الماءِ أَوْ مَعَ آخر قَطَرِ المَاءِ، فإذا غَسَلَ رِجْلَيْهِ خَرَجَ مِنْ رَجُلَيْهِ كُلُّ خَطِيئَةٍ مَشَتْهَا رِجْلاهُ مَعَ الماءِ أَوْ مَعَ آخَرِ قَطرِ الماءِ حَتَّى يَخْرُج نَقِياً مِنَ الذُّنوبِ".
Hadist riwayat Muslim saking Abu Hurairah r.a: Nalikane ono muslim utowo mukmin wudlu nuli masuh perahupane, mongko Metu saking rahine kabeh dusone bareng sarto barang kang di deleng meripate, utowo bareng tetesane banyu kang akhir,
uqro


Lan nalikane mbasuh tangan loro metu sekabehane duso  kang kesenggol tangane bareng banyu, utowo bareng tetesane banyu kang akhir, Lan nalikane mbasuh sikil loro, metu kabeh duso kang dilakon sikil bareng banyu utowo bareng tetesane banyu sing akhir, sahinggo metu resik saking duso.

وأبو داود عن ابن عمر: "مَنْ تَوضَأَعَلى طُهْرٍ كُتِبَ لَهُ عَشْرُ حَسناتٍ".
وحكى الغزالي: أنه رئي بعض الموتى في المنام فقيل له: كيف حالك؟ فقال: صليت يوماً بلا وضوء، فوُكِّل عليّ ذئب يروّعني في قبري فحالي معه في أسوإ حال.

Hadist riwayat Abu Dawud saking Inbn umar ngendiko: Sopo wonge sing wudlu kamongko dewek e isih nduweni wudlu, mongko dicatet sepuluh kebagusan.


Lan cerito Imam Ghozali ngendiko: ono wong ngimpi ketemu wong mati lan nalikane ditakoni Kepriye tingkah iro ? wong mati ngucap: Suwiji dino ingsun sholat tanpo wudlu, jalaran iku ono satu galak kang tansah nganggu ing kubur ingsun sahinggo tingkah ingsun ora tenang.


وحكى أنه رمدت عين الجنيد مرّة. فقال الطبيب: إن ترد عينيك فلا توصل إليهما ماء، فلما ذهب الطبيب توضأ وصلى ونام فبرئت عينه فسمع هاتفاً يقول: ترك الجنيد عينه في رضاي. فلو طلب مني الجهنميين بذلك العزم لأجبت. فلما جاء الطبيب ورأى العين صحيحة قال: ما فعلت؟ قال: توضأت وصليت، وكان الطبيب نصرانياً، فآمن في الحال. وقال: هذا علاج الخالق لا المخلوق وكنت أنا أرمد وكنت أنت الطبيب.

“Cerito” suwijine dino paningale Junaid loro, nuli dikandani deneng dokter: Yen paningal siro kapengen waras mongko ojo nganti keno banyu, Barang doktere wus lungo dewek e nuli wudlu lan sholat banjur terus turu, malah sak naliko waras paningale, Banjur dewek e kerungu suworo: Junaid wus wani ngorban ake mripate perlu golek ridlo Ingsun (Alloh) lan lamun wong-wong ahli neroko jahannam Hajat nyuwun marang ingsun kanti semangate Junaid, Yekti Ingsun sembadani,
Mongko nalikone dokter teko maneh ningali paningale Junaid katon wus mari banjur dewek e takon: Opo kang siro tindak ake? Jawabe junaid: Ingsun wudlu nuli sholat,
Dokter mau Kristen banjur iman saknaliko karo ngucap: Iku mahu obate pengeran kang gawe, dudu obate mahluk, malih sakjane ingsun sing loro mripat lan siro doktere.


وحكى اليافعي عن سهل بن عبد الله قال: أول ما رأيت من العجائب والكرامات أني خرجت يوماً إلى موضع خالٍ، فطاب لي المقام فيه، ووجدت من قلبي ميلاً إلى الله عزّ وجلّ، وحضرت الصلاة وأردت الوضوء، وكانت عادتي من صباي تجديد الوضوء لكل صلاة، فكأني اغتممت لفقد الماء، فبينما أنا كذلك ......
“Cerito “ Al yafi’ saking Sahal Ibn Abdulloh ngendiko: Kawitan ingsun ningali gegumunan lan kamulyane Alloh Ta’ala, Ingsun sawijine dino naliko ingsun nuju ing panggonan kang sepi, ing kunu ati ingsun ngeroso seneng tumuju marang Alloh Azza wajal, Dumadaan teko wektune sholat lan amergo kebiasaan ingsun ngenyar ake wudlu saben-saben arep sholat fardlu Ingsun prihatin jalaran ora ono banyu.


Ing dalem kahanan kang koyo mengkono dumadaan ono beruang kang melaku sikil loro koyo dene menungso, karo ngowo kantong ijo dicekel, ingsun ingeti saking adohan ingsun kiro menungso, sahinggo dewek e nyedak i ingsun lan uluk salam, nuli nyeleh ake kntong mau ing ngarep ingsun, nuli ingsun timbul pitakon saking endi dewek e? Nuli beruang iku ngomong: He Sahal Ingsun iki saking golongane Hayawan galak kang tumuju marang Alloh kanti semangat cinta lan tawakal, Lan nalikone ingsun jagongan karo konca dumadaan ono pangundang: Ilingo yen Sahal butuhake banyu kanggo ngenyari wudlune,dumadaan kantong diseleh ake ono tangan ingsun lan neng sanding ingsun ono malaikat loro, nuli ingsun nyedak I malaikat, lan di sok ake banyu marang kantong songko awing-awang, lan ingsun kerungu suwarane kemricike banyu,

Sahal ngendiko: naliko iku dumadaan ingsun semaput bareng wus sadar kantong isih ono ngarep ingsun nanging beruang iku mau wus ora ono, lan ingsun ngeroso nyesel jalaran during sempet ngomong karo dewek e nuli ingsun wudlu, lan sak wuse wudlu ingsun arep ngombe banyu iku, dumadaan kerungu suworo: Hee Sahal ora di izin ake siro ngombe banyu iku!!! nuli kantong iku obah melaku terus ilang orangerti menyang endi lungane.




Dibacakan oleh : KH. NGADIYIN ANWAR
                               GUS NUR TSALIS MUJIB
Setiap Hari Jum'at Ba'da Asyar


Tempat        : Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun
Previous Post Next Post
close