Fasal Syarat Rukun Wudlu IRSYADUL 'IBAD | bahasa jawa

Daftar Isi [Tampil]

Kitab :Irsyadul  'Ibad Ila Sabilir Rosyad
Pengarangnya: Syaikh Zainuddin bin 'Abdul Aziz Al-Malibari Asy-Syafi'i.
 Bab : Wudlu
 Jilid : -

Fasal Nerangake Hukume Wudlu

شروطه: ماء مطلق وظن أنه مطلق، وإسلام، وتمييز، وعلم فرضيته، وعدم ظن فرضه   نفلاً وعدم حائل، ولا مغير للماء على العضو تحت ظفر، وكزعفران وصندل، وجري الماء عليه، ودخول وقت لدائم حدث.


Syarate Wudlu  
  1. Banyu mutlaq utowo di nyono mutlaq.
  2. Islam.
  3. Pinter.
  4. Ngerteni ferdlu-ferdlune wudlu.
  5. Ora mamang Marang ferdlu dinyono sunnah.
  6. Ora ono kang ngalang-ngalangi tumekane banyu marang kulit. Utowo suwiji-wiji kang biso ngowahake banyu kayo rereget kang ono ngisor-ngisore kuku, ja’faron, sumbo utowo liyane.
  7. Meratani banyu marang ngauto kang diwasuh utowo di usap.
  8. Manjinge wektu keduwe wongkang tansah hadas, koyo dene nguyuhan, istihadzoh lan liyo liyane.

وفروضه: نية أداء فرض الوضوء، أو الطهارة لاستباحة الصلاة عند غسل أول جزء من الوجه. وغسل الوجه واليدين مع المرفقين، ومسح بعض الرأس، وغسل الرجلين مع الكعبين والترتيب

Ferdlune Wudlu Iku
  1. Niat nekani ferdlune wudlu utowo sesuci perlune kanggo sholat naliko mbasuh kang kawitan sebagian saking rahi.
  2. Mbasuh perahupan.
  3. Mbasuh tangan loro tumeko sikut.
  4. Ngusap sebagian sirah.
  5. Mbasuh sikil loro tumeko kemiren loro.
  6. Tertib / urut

uqro

لو شك في تطهير عضو قبل الفراغ من الوضوء طهره، وما بعده أو بعد الفراغ لم يؤثر.

Yen mamang sak jerone nuceni ngauto sakdurunge rampung wudlu, mongko enggal diwasuh, ugo den bolan-baleni, opo kang sak wuse ngahuto iku, Utowo mamang sak wuse wudlu, mongko wudlune tetep sah.
وسننه: التسمية،
Dene Kesunatane Wudlu Iku
           1.         Moco Bismillah.
Kerono Dawuhe Rosullu Saw:

قال رسول الله: "لا صَلاةَ لِمَنْ لا وُضُوءَ لَهُ وَلا وُضُوءَ لِمَنْ لَمْ يَذْكُرِ اسمَ الله عَلَيْهِ" رواه أحمد وأبو داود،
Ora sah sholate wong kang ora wudlu lan ora sampurno wudlune wongkang ora nyebut asmane Alloh.(Rowahu Ahmad wa Abu Dawud)
ثم غسل الكفين ثم السواك بكل خشن إلا لصائم بعد الزوال.
           2.         Mbasuh epek-epek loro.
           3.         Siwak an Kelawan barang kang kasar kejobo wong kang poso sak wuse lingsire srenginging.
Kerono dawuhe Rosulluloh Saw:
قال رسول الله: "لَوْلا أَنْ أَشُقَّ عَلَى أُمّتِي لأَمَرْتُهُمْ بِالسِّوَاكِ مَعَ كُلِّ وُضُوءٍ" رواه مالك والشافعي.

Yen umpamane ora gawe repot atas umat ingsun tamtu ingsun majib ake dewek e siwakan saben-saben wudlu. (Rowahu Malik wa Safi’i)

ثم المضمضة والاستنشاق والمبالغة فيهما لمفطر، وجمعهما بثلاث غرف والاستنشار ومسح كل الرأس والأذنين ظاهراً أو باطناً، وتخليل شعر كثيف من لحية، وعارض وأصابع اليدين بالتشبيك، والرجلين من أسفل بخنصر يده اليسرى.

           4.         Kekemu.
           5.         Neseb banyu irung, lan sunnah mbanget-mbanget ake kemu lan neseb kanti telung cawukan.
           6.         Ngusab sekabehane sirah lan kuping loro jobo jero.
           7.         Mbasuh sela-selane rambut sing ketel, jenggot lan ghodek ugo derji-derijine tangan lan sikil.

Carane Masuh sela-selane deriji tangan iku kelawan ngapurancang, lan sikil kelawan ngelebok ake deriji jentikan kang kiwo dilebok ake marang deriji-derijine sikil.

Kerono Dawuhe Rosulluloh Saw:

قال رسول الله: "أَتَانِي جِبْرِيلُ فَقَالَ: إذَا تَوضأْتَ فَخَلِّلْ لِحْيَتَكَ" رواه ابن أبي شيبة وقال: "خَلِّلُوا بَيْنَ أَصَابِعِكُمْ لا يُخَلِّل الله بَينها بالنَّارِ ثُمَّ قَالَ وَيْلٌ لِلأَعْقَابِ مِنَ النَّارِ" رواه الدارقطني،

Jibril teko ngandani ingsun yen siro wudlu mongko wasuho sela-selane jenggot iro.(rowahu ibn abi syaibah) Lan dawuhe Rasullulloh:
Wasuhono sela-selane deriji iro supoyo ora di sela-selani dining Alloh kelawan geni. Dawuh wenehe: awas tunggak-tunggak soko neroko.(rowahu daruqutni).

           8.         Ngosok I gahutone wudlu
           9.         Moco dungo sakwuse wudlu hale madep qiblatlan ngangkat tangan lorone lan ningali marang langit senajan wuto Moco Ing :
أشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن محمداً عبده ورسوله: اللهم اجعلني من التوابين واجعلني من المتطهرين سبحانك اللهم وبحمدك، أشهد أن لا إله إلا أنت أستغفرك وأتوب إليك، وصلى الله على سيدنا محمد وعلى آل سيدنا محمد وسلم، وأن يقرأ إنا أنزلناه بعده كذلك.

Ngakeni kulo yen to mboten wonten pengeran kang Haq disembah kejawi namung Alloh haleh suwijini Alloh, mboten wonten ingkang nyekuto ake ing dateng Alloh, Lan ngakeni kulo yen bilih kanjeng nabi Muhammad puniko kawulanipun Alloh lan utusane Alloh, duh Pangeran kulo mugi dados aken panjenengan dateng kulo puniko kagolong saking tiang tiang sami tobat, lan mugi dados aken panjenengan dateng kulo puniko golongan saking tiyang – tiyang sami suci, moho suci panjenengan,
Duh Pangeran kulo lan kelawan muji panjenengan ngakeni kulo bilih mboten wonten pangeran kejawi panjenengan, nyuwun ngapunten kulo dateng panjenengan, lan kulo tobat dumateng panjengan, lan mugo kerso paring rohmat Ta’dlim sopo Alloh ingatase bendoro kito nabi Muhammad lan ingatase kaluargane bendoro kito nabi Muhammad  lan mugi paring keselametan sopo Alloh. Nuli moco o inna angzalna ingdalem sak wuse wudlu koyo mengkono-mengkono kang wus tinutur.

  قال رسول الله: "مَنْ تَوَضَّأَ فَأَحْسَنَ الوُضُوءَ ثُمَّ رَفَعَ بَصَرَهُ إِلَى السَّمَاءِ ثُمَّ قَالَ: أَشْهَدُ أَنَّ لا إِله إلَّا الله وَحْدَهُ إِلى آخره، فُتِحَتْ لَهُ ثَمَانِيَةُ أبْوَابِ الجَنَّةِ يَدْخُلُ مِنْ أَيِّها شَاءَ" رواه مسلم.

Kanjeng Nabi dawuh: Sopo wonge kang Wudlu kanti sampurno nuli ningali marang langit lan moco ashadu allailaha illalohu wahdah tumeko akhire, mongko di bukak ake kanggo dewek e lawang suwargo kang wolu, terserah kepingin melebu lawang endi wae kang deweke senengi.(rowahu Muslim)



وقال: "مَنْ تَوَضَّأَ فَقَالَ بَعْدَ فَرَاغِهِ: سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ وَبِحَمْدِكَ إني أَتُوبُ إلَيْكَ كُتِبَ في رَقَ ثُمَّ جُعِلَ في طَابِعٍ فَلَمْ يُكْسَرْ إلى يَوْمِ القِيَامَةِ" رواه الحاكم.

Lan Rosululloh dawuh maneh: Sopo wonge kang wudlu nuli sak wuse wudlu moco dungo “subhanaka allohumma wabihamdika inni atuubu ilaik” mongko ditulis ana ing kertas lan di setempel tur ora dibukak nganti tumekane dino qiamat.(rowahu hakim)

وقال "مَنْ قَرَأَ سورةَ إنا أنزلناهُ فِي أثَرِ وضوئِهِ مَرَّةً كانَ من الصدِّيقينَ وَمَنْ قَرَأَها مَرَّتَيْنِ كُتِبَ فِي دِيوانِ الشُّهَدَاءِ، وَمَنْ قَرَأَهَا ثلاثاً حَشَرَهُ الله مَعَ الأَنْبِياءِ" رواه الديلمي

Ugo Dawuhe Kanjeng Rosululloh Saw: Sopo wonge sing moco surat inna angzalnahu fii lailatilqodr sepisan sak wuse wudlu dicatet kagolong wong shodiqiin, yen di woco kaping pindo kecatet ing buku daftare wongkang mati shahid, yen di woco kaping telu di kumpulake bareng sertone poro Nabi. (rowahu Dailami)

وتثليث كلّ والتوجه للقبلة في كلّ، وقرن النية بأوّل السنن المتقدمة على غسل الوجه ليثاب عليها والتلفظ بها سرّاً. وتعهد الغضون، وكذا الموق واللحاظ بالسبابة إذا لم يكن فيهما رمص يمنع وصول الماء إلى محله وإلا فوجب وأخذ ماء الوجه بكفيه معاً وعدم لطمه به والبداءة فيه بأعلاه وفي اليدين والرجلين بالأصابع، وإن صبّ عليه غيره، وفي الرأس بمقدمه، وإطالة الغرة والتحجيل.

         10.       Ngaping teloni ing dalem saben-saben wasuhan lan mbareng ake niat ana ing wasuhan kang kawitan masuh perahupan lan ngucap ake niat kanti alon-alon sarto merhatek ake lempitani awak kang di wasuh lan munjuli sitik saking bates wasuhan.

  قال رسول الله: "إنَّ أُمّتِي يُدْعَوْنَ يَوْمَ القِيَامَةِ غُرَّاً مُحَجَّلِينَ مِنْ آثَارِ الوُضُوءِ فَمَنِ اسْتَطَاعَ أَنْ يُطِيلَ غُرَّتَهُ فَلْيَفْعَلْ" رواه الشيخان.

Dawuhe rosulluoh Saw: Saktemene umat Ingsun ono ing dino Qiamat katimbalan Haleh mencorong raine lan mencorong sikile saking labete wudlu, mongko sopo wonge yen to kepingin dawaka ake mencoronge, mongko becik nglakonono. (rowahu Buchori Muslim)

وقال: "تَبْلُغُ الحِلْيَةُ مِنَ المؤمِنِ حَيْثُ يَبْلُغُ الوُضُوءِ" رواه مسلم،
Dawuhe Rosulluloh Saw Maneh: Pepaese wong Mukmin ono ing anggaoto wudlu.(rowahu muslim)

والتيامن والولاء وترك التكلم والاستعانة والتنشيف والنفض بلا حاجة، وتوقي الرشاش ووضع ما يغترف منه عن يمينه، وما يصبّ منه عن يساره، والشرب من فضل وضوئه والاجتهاد في إسباغ الوضوء.
         11.       Disik ake ngaoto kang tengen.
         12.       Nuli-nuli.
         13.       Ninggal guneman jaluk tulung wong liyo, Ora andukan, ngipat – ngipat ake lan niti-niti anggone nyempurna ake  wudlu.

  قال رسول الله: "لا يُسْبِغُ عَبْدٌ الْوُضُوءَ إلَّا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ وَمَا تَأَخَّرَ" ورشّ ماء بين إزاره بعده كبعد استنجاء.
Dawuhe Rosulluloh Saw: Ora ono keduwe kawulo kang nyempurna ake wudlu, kejobo dingapuro doso-dosone seng ndisik lan seng keri, lan nyiratake banyu sitik ono ing sandangane sakwuse wudlu koyo dene sak wuse cewok.
قال رسول الله: "أتَانِي جِبْرِيلُ فِي أَوَّلِ مَا أُوحِيَ إليَّ فَعَلَّمَنِي الوُضُوءَ، فَلَمَّا فَرَغَ الوُضُوءُ أَخَذَ غَرْفَةً مِنَ الماءِ فَنَضَحَ بِها فَرْجَه" رواه أحمد والحاكم

Dawuhe Rosulluloh Saw: Jibril nekani ingsun ono ing kawitane nurunake wahyu lan ngajari ingsun carane wudlu, lan sak wuse rampung wudlu, nuli nyawuk banyu di sirat-sirat ake ing ferjine. (rowahu Ahmad lan Hakim)

لا مسح الرقبة ودعاء الأعضاء. أما حديثهما فموضوع أو شديد ضعفه فلا يعمل بهما.
Lan ora di sunah ake ngusap gulu, Utowo moco dungo ono ing saben-saben ngauto wudlu jalaran Hadist se apes.

(فرع) يقتصر حتماً على الواجب لضيق وقت عن إدراك الصلاة كلها فيه وإدراك جماعة أولى من التثليث، وسائر سنن الوضوء غير الدلك ما لم يرجِّ جماعة أخرى

[Pang pangan]
sayogjane nindak ake kang wajib-wajib wae yen wektune sempit perlu ngejar sholat jama’ah, iku luwih bagus tinimbang nindak ake kesunahane wudlu sekiro ora ono jama’ah kang liyo.
     (ومكروهاته) الإسراف في الماء وتقديم اليسرى على اليمنى، والنقص عن الثلاثة والزيادة عليها من غير ماء موقوف، فمنه حرام قال رسول الله: "هكَذَا الوُضُوءُ، فَمَنْ زَادَ عَلَى هذا أَوْ نَقَصَ فَقَدْ أَسَاءَ وَظَلَمَ" رواه أبو داود.
Dene Kemakruhane Wudlu Iku

  1. Boros/ leluwihan banyu.
  2. Ndisik ake sing kiwo ketimbang tengen.
  3. Kurang saking kaping telu utowo luwih saking telu yen ora banyu waqof, yen punjul saking telu banyu waqof Harom hukume.
Dawuhe Rosululloh Saw : mengkene iki contone wudlu, mongko sopo wonge munjuli soko iki utowo ngurangi soko iki, mongko gawe olo lan dzolim. (rowahu abu dawud)

bersambung

Dibacakan oleh : KH. NGADIYIN ANWAR
                               GUS NUR TSALIS MUJIB
Setiap Hari Jum'at Ba'da Asyar

Tempat        : Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun
Previous Post Next Post
close