Materi Jumat Sore Tafsir Alquran Surat Albaqarah Ayat 141 - 189 | Oleh KH. Ngadliyin Anwar

Daftar Isi [Tampil]

Kelanjutan dari pengajian Rutin setiap Jum'at setelah sholat ashar di Masjid Jami Sulaiman Lebakayu Sawahan Madiun Surat Al Baqarah Ayat 141 sampai 189

Surah Al-Baqarah adalah surah ke-2 dalam Al-Qur'an, serta merupakan surah terpanjang. Surah ini terdiri dari 286 ayat, 6.221 kata, dan 25.500 huruf dan tergolong surah Madaniyah. Surah ini diawali dengan huruf muqaṭṭa'āt A-L-M, yang harus dibaca satu-satu

Albaqarah Ayat 142-143-144-145.

 ۞ سَيَقُوْلُ السُّفَهَاۤءُ مِنَ النَّاسِ مَا وَلّٰىهُمْ عَنْ قِبْلَتِهِمُ الَّتِيْ كَانُوْا عَلَيْهَا ۗ قُلْ لِّلّٰهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُۗ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ{142} وَكَذٰلِكَ جَعَلْنٰكُمْ اُمَّةً وَّسَطًا لِّتَكُوْنُوْا شُهَدَاۤءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ عَلَيْكُمْ شَهِيْدًا ۗ وَمَا جَعَلْنَا الْقِبْلَةَ الَّتِيْ كُنْتَ عَلَيْهَآ اِلَّا لِنَعْلَمَ مَنْ يَّتَّبِعُ الرَّسُوْلَ مِمَّنْ يَّنْقَلِبُ عَلٰى عَقِبَيْهِۗ وَاِنْ كَانَتْ لَكَبِيْرَةً اِلَّا عَلَى الَّذِيْنَ هَدَى اللّٰهُ ۗوَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُضِيْعَ اِيْمَانَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِالنَّاسِ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ 
{143}

 قَدْ نَرٰى تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِى السَّمَاۤءِۚ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضٰىهَا ۖ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ شَطْرَهٗ ۗ وَاِنَّ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ لَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُوْنَ {144}

 وَلَىِٕنْ اَتَيْتَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ بِكُلِّ اٰيَةٍ مَّا تَبِعُوْا قِبْلَتَكَ ۚ وَمَآ اَنْتَ بِتَابِعٍ قِبْلَتَهُمْ ۚ وَمَا بَعْضُهُمْ بِتَابِعٍ قِبْلَةَ بَعْضٍۗ وَلَىِٕنِ اتَّبَعْتَ اَهْوَاۤءَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَاجَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ اِنَّكَ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَ {145} ۘ 

Terjemahe.

(142) Wong-wong kang bodho (kurang akale) ing antarane menungsa bakal kandha; apa ta kang mengokake dheweke (muslim) kabeh saka kiblat kang di enggo kiblat sak suwene iki? Dhawuhna (Muhammad). Milike Alloh swt wetan lan kulon. Panjenengane paring pituduh marang sapa kang dikersakne maring dalan kang lurus.

 (143). Mengkono uga Ingsun ndadekake sira kabeh minangka umat kang tengah-tengah supaya sira dadi seksi ingatase menungsa, lan Rasul dadi seksi atas sira kabeh. Lan ora Ingsun dadekake kiblat miturut arah kiblatira mbiyen kejaba supaya Ingsun kaweruhi sapa kang ndherek Rasul ing antarane wong-wong kang padha bali (murtad-bali kufur) lan temen setuhune (pindhah kiblat) iku banget abote kejaba tumrap wong-wong kang diparingi pituduh dening Alloh swt. Lan Alloh ora bakal nyia-nyia marang ngamal ira kabeh. Saktemene Alloh swt marang menungsa banget asih lan banget sayange. 

(144). Ingsun sering mirsani wajah ira (Muhammad) ndhangak maring langit. Temen bakal Ingsun mengokake sira maring kiblat kang sira ridlani. Mangka mengoa wajah ira ing arah masjidil haram. Lan ing ngendi wae ana sira mangka mengoa wajah ira ing arahe (Masjidil haram). Lan saktemene wong-wong kang diparingi al kitab padha ngerti saktemene (pindah kiblat maring ka'bah) iku bener saking Pengerane (dheweke kabeh). Lan Alloh babar pisan ora lali saking apa kang padha dilakoni. 

(145). Lan sejatine lamun sira nekakake marang wong-wong kang padha nampa al kitab sekabehe bukti, dheweke ora manut marang kiblat ira, lan sira uga ora manut marang kiblate dheweke kabeh. Lan sak perangan saking dheweke (wong yahudi) ora bakal nuruti kiblate sakperangan liyane (wong nashrani). Lan sekirane sira nuruti kepinginane dheweke mau sakwuse teka ngilmu ing sira (wahyu) mangka yen mengkono sira klebu golongane wong kang padha zholim.

Tafsire

Kanjeng Nabi madhep marang kiblat Baitul Maqdis iku suwene namung nem belas utawa pitulas wulan. Wusana wong-wong Yahudi isih padha wae. Sedheng kanjeng Nabi dhewe sak benere isih remen madhep marang kiblat ka'bah. Amarga kejaba ka'bah iku pancen kiblate eyange (Nabi Ibrahim) madhepe kanjeng Nabi marang kiblat ka'bah iku luwih bisa narik marang islame wong arab. Saking kepingine kanjeng Nabi dibalekake marang ka'bah maneh nganti kanjeng Nabi sering ndhangak mirsani langit kang nuduhake temen-temen anggone arep-arep tekane wahyu dhawuh pindah kiblat. Temenan bareng wus nembelas utawa pitulas wulan kanjeng Nabi madhep marang Baitul Maqdis, kanjeng Nabi tampa wahyu kang surasane supaya kanjeng Nabi sak umate madhep marang ka'bah. Nalika iku suwarane wong Yahudi lan wong-wong musyrik geger. Apa iku wong madhep kiblat kok ngolah-ngalih. Sedhela madhep ka'bah sedhela madhep baitul maqdis sedhela maneh madhep ka'bah maneh.

Mireng suara geger mau kanjeng Nabi susah nanging ora sepira. Sebab sakdurunge kanjeng Nabi wus nampa dhawuh kang surasane; Wong- wong bodho saking wong yahudi lan wong musyrik bakale mesthi padha maido anggone kanjeng Nabi pindhah kiblat. Wong-wong kang padha bodho ora ngerti yen sak benere wetan lan kulon iku kagungane Alloh swt. Ana ing arah endi wae kanjeng Nabi madhep, iku sejatine iya madhep marang Pengeran. Dene anane printah madhep marang baitul maqdis utawa ka'bah iku hikmahe manunggalake adhepe umat Islam. Sahingga ora namung adhepe dhadha wae kang manunggal nanging uga adhepe ati disuprih dening Pengeran supaya uga manunggal.

Albaqarah Ayat 146-147

اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَعْرِفُوْنَهٗ كَمَا يَعْرِفُوْنَ اَبْنَاۤءَهُمْ ۗ وَاِنَّ فَرِيْقًا مِّنْهُمْ لَيَكْتُمُوْنَ الْحَقَّ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ {146} اَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِيْنَ {147}

Terjemahe.

(146) Wong-wong kang Ingsun paringi al kitab weruh (kenal) marang dheweke (Muhammad) kaya weruhe marang anak-anake dhewe. Lan sejatine sak perangan saka dheweke mau padha ngumpetake kabeneran, ing mangka dheweke padha ngaweruhi.

 (147) Kabeneran iku saking Pengeran ira, mangka aja nganti sira ana ing sak jerone kemamangan. 

Tafsire.

Wong wong ahli Mekkah (Yahudi lan Nashrani) iku sakbenere wus weruh (kenal) marang Nabi Muhammad saw kaya weruhe marang anak-anake amarga ana ing kitab Taurat lan Injil wus di terangake kanthi jelas bab sifat-sifate Nabi Muhammad saw nanging senajan nyatane dheweke wus padha weruh (kenal) marang pribadhine Nabi Muhammad saw sebagian saking ahli kitab mau sengaja padha ngumpetake katerangan-katerangan kang haq mau. Katerangan-katerangan kang haq iku pancen nyata saking Alloh swt, mula sira aja nganti klebu golongane wong-wong kang padha mamang.

وَلِكُلٍّ وِّجْهَةٌ هُوَ مُوَلِّيْهَا فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرٰتِۗ اَيْنَ مَا تَكُوْنُوْا يَأْتِ بِكُمُ اللّٰهُ جَمِيْعًا ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ {148}

Terjemahe.

(148). Lan tumrap saben-saben umat ana kiblate (arah tujuane dhewe) kang dheweke ngadhepake wajahe maring arah kono. Mula padha balapana sira (gawe kebecikan). Ana ing ngendi wae anane sira Alloh swt bakal ngumpulake sira kabeh ing dina kiyamat. Saktemene Alloh swt Maha Kuasa atas sekabehe perkara.

Tafsire

Saben-saben umat iku padha duwe kiblat dhewe-dhewe. Umat Yahudi kiblate Baitul Maqdis, umat Nashrani kiblate mathla'usy syamsi, umat Islam kiblate Ka'bah. Mula sira kabeh supaya padha enggal-enggal tumuju marang kebagusan, ana ing ngendi wae panggonan ira kabeh. Mbesuk dina kiyamat mesthi bakal disowanake ana ing ngersane Pengeran lan bakal di wales miturut ngamale dhewe-dhewe kang dilakoni ana ing ngalam donya. Gusti Alloh swt iku Maha Kuasa atas sebarang kalir.

Albaqarah Ayat 149-150.

وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَاِنَّهٗ لَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ {149} وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ شَطْرَهٗ ۙ لِئَلَّا يَكُوْنَ لِلنَّاسِ عَلَيْكُمْ حُجَّةٌ اِلَّا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْهُمْ فَلَا تَخْشَوْهُمْ وَاخْشَوْنِيْ وَلِاُتِمَّ نِعْمَتِيْ عَلَيْكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَۙ {150}

Terjemahe.

(149). Lan saka ngendi wae sira metu mangka mengoa (adhepna) wajah ira maring arah masjidil haram. Lan saktemene iku rupa katemtuan kang haq saking Pengeran ira lan Alloh swt ora lali marang apa kang padha sira lakoni.

(150). Lan saka ngendi wae sira metu (brangkat) mangka mengoa (adhepna) wajah ira maring arah masjidil haram. Lan ing ngendi wae ana sira kabeh mangka mengoa (adhepna) wajah ira kabeh maring arahe (masjidil haram). Supaya ora ana tumrap menungsa hujjah atas sira kabeh kejaba wong-wong kang nganiaya ing antarane dheweke kabeh, mangka sira aja padha wedi maring dheweke nanging padha wedia maring Ingsun lan supaya Ingsun sempurnaake ni'mat Ingsun maring sira kabeh lan supaya sira kabeh padha oleh pituduh.

Tafsire

Kanjeng Nabi Muhammad saw nampa dhawuh supaya yen nuju tindakan, nuju ing ndalem lan nuju ana ing ngendi wae yen sholat supaya madhep Ka'bah (masjidil haram). Saktemene madhep Ka'bah iku nyata-nyata bener dhawuh saking Gusti Alloh swt. Mulane kanjeng Nabi didhawuhi supaya ana ngendi wae yen sholat kudu madhep maring kiblat Ka'bah. Maksude supaya wong Yahudi lan wong musyrik padha ora duwe hujjah. Tegese mengkene; Nalika (kanjeng Nabi anyar- anyaran ana ing Medinah) kanjeng Nabi madhep Baitul Maqdis. Karo-karone golongan Yahudi lan golongan musyrik padha maido mengkene; wong yahudi padha muni; Muhammad iku ora gelem ngenggo agama kita agama Yahudiyah nanging kiblate manut kiblat kita. Wong-wong musyrik padha muni; Muhammad iku pengakuane manut agamane Nabi Ibrahim nanging kiblate malah nulayani kiblate Nabi Ibrahim. Kanthi anane printah saking Pengeran kang tegas (dibolan-baleni) supaya madhep maring masjidil haram, golongan loro mau nuli padha kecelek lan rumangsa ora duwe hujjah maneh, kejaba sak golongan kang padha zholim (ngotot) kang muni-muni yen Nabi Muhammad pindhah kiblat iku jalaran condhong marang agamane nenek moyange. 

Albaqarah Ayat 151-152.

كَمَآ اَرْسَلْنَا فِيْكُمْ رَسُوْلًا مِّنْكُمْ يَتْلُوْا عَلَيْكُمْ اٰيٰتِنَا وَيُزَكِّيْكُمْ وَيُعَلِّمُكُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَيُعَلِّمُكُمْ مَّا لَمْ تَكُوْنُوْا تَعْلَمُوْنَۗ {151} فَاذْكُرُوْنِيْٓ اَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْا لِيْ وَلَا تَكْفُرُوْنِ {152}

Terjemahe.

(151). Kaya olehe Ingsun wus ngutus marang sira suwijine Utusan saking golongan ira kang macaake marang sira kabeh ayat-ayat Ingsiun lan nucekake marang sira kabeh lan mulang ing sira kabeh alkitab lan hikmah sarta mulang ing sira kabeh barang apa wae kang durung padha sira kaweruhi. (152). Krana iku padha elinga sira kabeh ing Ingsun sayekti Ingsun eling ing sira kabeh lan padha syukura sira kabeh ing Ingsun lan sira kabeh aja padha kufur ing Ingsun.

Tafsire.

Alloh swt wus paring ni'mat klawan sampurna. Kaya anggone ngutus Alloh swt marang kanjeng Nabi Muhammad saw kang macaake ayat-ayat al Qur'an, mbersihake saking reget syirik, mulang al Qur'an lan hikmah, lan uga mulang bab-bab kang maune sira kabeh ora padha ngerti. Mula sira kabeh padha elinga marang Pengeran kanthi nglakoni sholat, tasbih (nucekake marang Pengeran). Yen sira kabeh padha gelem eling marang Alloh swt, Alloh swt bakal paring wales marang sira . Lan sira kabeh supaya padha nyukuri ni'mate Alloh, aja padha nglakoni ma'siyat.

Download Selengkapnya di File tersemat ini

Bacaan Terkait

Ketinggalan informasi bikin kamu insecure, Sobat. Yuk, ikuti artikel terbaru Uqro dengan klik tombol bintang di Google News .... alert-info

Post a Comment

Previous Post Next Post
close