Materi Pengajian Jumat Sore Tafsir Alquran Surat Albaqarah Ayat 90 - 141 | Oleh KH. Ngadliyin Anwar

Daftar Isi [Tampil]

Kelanjutan dari pengajian Rutin setiap Jum'at setelah sholat ashar di Masjid Jami Sulaiman Lebakayu Sawahan Madiun Surat Al Baqarah Ayat 99 sampai 141

Surah Al-Baqarah adalah surah ke-2 dalam Al-Qur'an, serta merupakan surah terpanjang. Surah ini terdiri dari 286 ayat, 6.221 kata, dan 25.500 huruf dan tergolong surah Madaniyah. Surah ini diawali dengan huruf muqaṭṭa'āt A-L-M, yang harus dibaca satu-satu

Al baqoroh Ayat 99-141

 وَلَقَدْ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍۚ وَمَا يَكْفُرُ بِهَآ اِلَّا الْفٰسِقُوْنَ{٩٩} اَوَكُلَّمَا عٰهَدُوْا عَهْدًا نَّبَذَهٗ فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ ۗ بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ{١٠٠} 

Tafsire; Sayekti Gusti Alloh swt wus nurunake ayat-ayat kang pertela marang gusti Nabi Muhammad saw, ora ana kang kufur marang ayat-ayat mau kejaba wong-wong kang padha fasiq. Apa to semongso dheweke kabeh padha nggawe perjanjian banjur sak panthan saking dheweke mau banjur padha mbuwang perjanjian mau saking dheweke kabeh? Balik akeh-akehe dheweke iku ora padha iman.

 Al-Baqarah Ayat 101.


 وَلَمَّا جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ مُصَدِّقٌ لِّمَا مَعَهُمْ نَبَذَ فَرِيْقٌ مِّنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَۙ كِتٰبَ اللّٰهِ وَرَاۤءَ ظُهُوْرِهِمْ كَاَنَّهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَۖ{١٠١} 

Tafsire. Dheweke iku semongso ketekanan utusan saking ngarsane Pengeran, kang utusan mau sejatine mbenerake marang kitab-kitabe dheweke, mangka sebagian saking ahli kitab padha mbuwang kitabe Alloh ana ing mburine gegere. Artine ora ngopeni ing kitab-kitab mau, kaya-kaya dheweke ora ngerti.

Al-Baqarah Ayat 102-103.


 وَاتَّبَعُوْا مَا تَتْلُوا الشَّيٰطِيْنُ عَلٰى مُلْكِ سُلَيْمٰنَ ۚ وَمَا كَفَرَ سُلَيْمٰنُ وَلٰكِنَّ الشَّيٰطِيْنَ كَفَرُوْا يُعَلِّمُوْنَ النَّاسَ السِّحْرَ وَمَآ اُنْزِلَ عَلَى الْمَلَكَيْنِ بِبَابِلَ هَارُوْتَ وَمَارُوْتَ ۗ وَمَا يُعَلِّمٰنِ مِنْ اَحَدٍ حَتّٰى يَقُوْلَآ اِنَّمَا نَحْنُ فِتْنَةٌ فَلَا تَكْفُرْ ۗ فَيَتَعَلَّمُوْنَ مِنْهُمَا مَا يُفَرِّقُوْنَ بِهٖ بَيْنَ الْمَرْءِ وَزَوْجِهٖ ۗ وَمَا هُمْ بِضَاۤرِّيْنَ بِهٖ مِنْ اَحَدٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗ وَيَتَعَلَّمُوْنَ مَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنْفَعُهُمْ ۗ وَلَقَدْ عَلِمُوْا لَمَنِ اشْتَرٰىهُ مَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ خَلَاقٍ ۗ وَلَبِئْسَ مَاشَرَوْا بِهٖٓ اَنْفُسَهُمْ ۗ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَۖ{١٠٢} وَلَوْ اَنَّهُمْ اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَمَثُوْبَةٌ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ خَيْرٌ ۗ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَۖ{١٠٣} 

Tafsire. Dhewke iku padha nuruti apa kang di ucapake dening syetan. Dheweke kebeh iku padha manut karo apa kang diwaca dening syetan. Nalika jaman kratone Nabi Sulaiman, Nabi Sulaiman ora kufur, nanging syetan sing padha kufur. Syetan mulang marang para menungsa sing padha gelem, diwulang ngilmu sihir lan donga kang diturunake marang Harut lan Marut. Ing magka Harut lan Marut ora mulang marang suwijine wong kejaba dheweke kandha terus terang: "Saktemene ingsun iki dadi fitnah (coba) tumrap sira, mula sira aja padha kufur. Nanging wong-wong iku meksa padha sinau saka Harut lan Marut donga-donga kang kanggo misahake wong-wong kang jejodhoan. Sejatine wong-wong mau ora bisa mbebeyani apa-apa kejaba klawan idzine Alloh swt. 

Dadi wong-wong mau padha nyinau donga kang mbebayani tumrap menungsa lan ora ana paedahe. Sejatine dheweke wus padha ngerti yen tumindak kang kaya mengkono iku ora bisa oleh bagian ganjaran mbesuk ing akhirat. Lamun wong-wong mau padha iman lan taqwa bakal padha ngerti yen ganjaran saka ngersane Alloh swt iku luwih bagus. 

Al-Baqarah Ayat 104. 


يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقُوْلُوْا رَاعِنَا وَقُوْلُوا انْظُرْنَا وَاسْمَعُوْا وَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ اَلِيْمٌ{١٠٤} 

Tafsire. Para shahabat sering maca "raa'inaa" kang maksude nyuwun pangreksa marang Pengeran. (Tembung raa'inaa dijupuk saking tembung ri'aayah). Dening wong Yahudi ucapan mau ditiru, nanging maksude ora nyuwun pangreksa, balik (dijupuk saking tembung ra'uunah) mulane banjur keturunan ayat kang surasane; "Sira wong-wong mukmin aja muni raa'inaa nanging padha ngucapa unzhurnaa lan padha ngrungua sira kabeh". Dene wong-wong kafir tetep oleh siksa kang diwilang lara.

Al-Baqarah Ayat 105.


 مَا يَوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَلَا الْمُشْرِكِيْنَ اَنْ يُّنَزَّلَ عَلَيْكُمْ مِّنْ خَيْرٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ ۗ وَاللّٰهُ يَخْتَصُّ بِرَحْمَتِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ {١٠٥} 

Tafsire. Wong-wong kafir saking ahli kitab lan wong musyrik iku sejatine ora padha seneng yen sliramu (Muhammad) katurunan wahyu saking Alloh swt. Nanging Alloh swt kagungan haq maringi rohmat marang sapa wae kang dikersaake. Allo swt kagungan kanugrahan kang agung. 

Download Selengkapnya di File tersemat ini


Bacaan Terkait

Ketinggalan informasi bikin kamu insecure, Sobat. Yuk, ikuti artikel terbaru Uqro dengan klik tombol bintang di Google News alert-info

Post a Comment

Previous Post Next Post
close