Tafsir Alquran Jawa Surat Al Baqarah Ayat 21 - 39 | Oleh KH. Ngadliyin Anwar

Daftar Isi [Tampil]
Kelanjutan dari pengajian Rutin setiap Jum'at setelah sholat ashar di Masjid Jami Sulaiman Lebakayu Sawahan Madiun

Ayat Selikur - Selawe

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ {٢١} الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ فِرَاشًا وَّالسَّمَاۤءَ بِنَاۤءً ۖوَّاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَخْرَجَ بِهٖ مِنَ الثَّمَرٰتِ رِزْقًا لَّكُمْ ۚ فَلَا تَجْعَلُوْا لِلّٰهِ اَنْدَادًا وَّاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ {٢٢}

Terjemah.

Ayat 21. He para menungsa padha manembaha sira kabeh marang pangeran kang wus nitahake ing sira kabeh lan wong-wong kang sak durunge sira kabeh supaya sira kabeh padha taqwa.

Ayat 22. Alloh Ta'ala kang nitahake bumi kanggo lemek ira kabeh lan nitahake langit minangka kanggo payonira kabeh lan kang nurunake banyu (udan) kang jalaran banyu mau Alloh Ta'ala ngetokake woh-wohan kanggo panganira kabeh. Mula sira kabeh aja padha gawe sesembahan sak liyane Alloh Ta'ala, toh sira kabeh wus padha weruh lan ngerti.

وَاِنْ كُنْتُمْ فِيْ رَيْبٍ مِّمَّا نَزَّلْنَا عَلٰى عَبْدِنَا فَأْتُوْا بِسُوْرَةٍ مِّنْ مِّثْلِهٖ ۖ وَادْعُوْا شُهَدَاۤءَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ {٢٣}

فَاِنْ لَّمْ تَفْعَلُوْا وَلَنْ تَفْعَلُوْا فَاتَّقُوا النَّارَ الَّتِيْ وَقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ ۖ اُعِدَّتْ لِلْكٰفِرِيْنَ {٢٤}

Terjemah.

Ayat 23. Lan menawa sira kabeh padha mamang marang (al Qur'an) kang Ingsun turunake marang kawulaningsun (Muhammad) mangka nggawea sak surat wae kang madhani (al Qur'an) lan ngajak-a ing sesembahanira kabeh sak liyane Alloh Ta'ala menawa pancen nyata padha bener sira kabeh.

Ayat 24. Maka lamun ora bisa agawe sira kabeh lan mesthi ora bakal bisa maka padha wedia sira kabeh ing neraka kang urub-urube arupa menungsa lan watu kang dicawisake kanggo wong-wong kang padha kafir.

Tafsir. Ayat 23 lan 24.

Yen sira kabeh para menungsa khususe ahli Mekkah tetep ana ing kemamangan saking kabenerane al Qur'sn kang diturunake marang kanjeng nabi Muhammad saw, jajal nggawea sak surat wae kang sekira padha karo al Qur'an. Lan coba ngajaka sesembahanira kabeh sak liyane gusti Alloh Ta'ala yen pancen sira kabeh nyata bener panda'wanira yen al Qur'an ora saka Alloh Ta'ala. Yen pancen sira kabeh ora bisa, lan mesthi ora bisa, sira kabeh supaya padha wedia ancamane pengeran rupa neraka kang urub-urube rupa menungsa lan watu. Neraka mau dicawisake kanggo wong-wong kang padha kafir.

وَبَشِّرِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اَنَّ لَهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ۗ كُلَّمَا رُزِقُوْا مِنْهَا مِنْ ثَمَرَةٍ رِّزْقًا ۙ قَالُوْا هٰذَا الَّذِيْ رُزِقْنَا مِنْ قَبْلُ وَاُتُوْا بِهٖ مُتَشَابِهًا ۗوَلَهُمْ فِيْهَآ اَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ وَّهُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ {٢٥}

Terjemah.

Ayat 25. Lan tekakno kabar kebungahan marang wong-wong kang padha iman lan nindakne kebecikan yen kanggo dhewe-e dicawisi suwarga kang mili ing ngisore kali-kali. Saben-saben dhewe-e diparingi rejeki ing suwarga iku rupa woh-wohan dhewe-e padha ngucap; iki kaya kang wus nate diparingake marang kita sakdurunge lan dhewe-e padha diparingi suguhan kang serupa, lan diparingi istri-istri kang suci lan dhewe-e kabeh padha langgeng manggon ana ing suwarga. 

Baca Juga : Tafsir Alquran Jawa Surat Al Baqarah Ayat 1 - 10 | Oleh KH. Ngadliyin Anwar

Tafsir Ayat 25.

Kanjeng nabi Muhammad saw didhawuhi Pengeran supaya paring bebungah pangebang-ngebang marang wong-wong mukmin kang padha ngamal sholeh yen dhewe-e bakal oleh piwales panggonan suwarga kang asri kang banyune mili saking ngisore panggonan suwarga mau. Ahli suwarga padha diparingi rejeki cukup kang rejeki mau rupane serupa nanging rasane beda-beda. Muka samangsa- mangsa ahli suwarga diparingi buah-buahan banjur padha muni; iki kok kaya kang wus diparingake mau. Ahli suwarga kejaba dicukupi dhaharane uga diparingi garwa-garwa kang bersih lan suci. Ahli suwarga iku selawase netep ana ing suwarga ora ditokne, tetep bahagia manggon ana ing suwarga selawas-lawase.

Ayat Selawe - Songolikur

۞ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَسْتَحْيٖٓ اَنْ يَّضْرِبَ مَثَلًا مَّا بَعُوْضَةً فَمَا فَوْقَهَا ۗ فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۚ وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَيَقُوْلُوْنَ مَاذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِهٰذَا مَثَلًا ۘ يُضِلُّ بِهٖ كَثِيْرًا وَّيَهْدِيْ بِهٖ كَثِيْرًا ۗ وَمَا يُضِلُّ بِهٖٓ اِلَّا الْفٰسِقِيْنَۙ{٢٦} الَّذِيْنَ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَ اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مِيْثَاقِهٖۖ وَيَقْطَعُوْنَ مَآ اَمَرَ اللّٰهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ وَيُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ{٢٧}

Terjemahe ayat 26-27.

Saktemene Alloh ora malu gawe sanepa nyamuk utawa kang luwih cilik tinimbang nyamuk. Mangka ana dene wong-wong kang iman dheweke padha weruh yen sanepa iku mau haq saka Pangerane. Lan ana dene wong-wong kang padha kafir mangka dheweke padha ngucap "apa maksude Alloh gawe sanepa ngene iki?" Klawan (sanepa) iki akeh wong kang diumbar padha kesasar. Lan klawan iku uga akeh wong kang padha oleh pituduh. Lan ora ana kang disasarake klawan iku kehaba wong-wong kang padha fasiq. (26).

(Yaiku) wong-wong kang padha nglanggar janjine maring Alloh, sak wuse janji iku diteguhake lan padha medhot ing apa kang diprintahake dening Alloh kanggo disambungake lan padha gawe karusakan ana ing bumi. Dheweke iku kabeh wongkang padha kapitunan. (27).

Tafsir.

Gusti Alloh iku ora malu gawe nyamuk utawa kang luwih ina tinimbang nyamuk minangka dadi conto. Jalaran wong-wong kang iman mesthi padha yakin lan percaya yen conto-conto mau ntata bener saking ngersane Pangeran. Dene wong-wong kafir mesthi bae dheweke banjur oadha ngucap; "apa karepe Pangeran kok gawe conto kewan jang ina iki. Panci jalaran anane conto kang kaya mengkono mau akeh wong- wong kang padha kesasar. Lan uga akeh kang malah padha oleh pituduh. Ora ana kang kesasar sebab conto mau kejaba wong-wong kang padha fasiq. Yaiku golongane wong- wong kang padha nglanggar perjanjian. Lan padha medhot paseduluran kang mesthine diprintahake supaya disambungake. Lan golongan kang padha gawe karusakan ana ing lumahe bumi iki. Wong-wong kang sifate kaya mengkono iku golongan kang padha kapitunan.

كَيْفَ تَكْفُرُوْنَ بِاللّٰهِ وَكُنْتُمْ اَمْوَاتًا فَاَحْيَاكُمْۚ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْ ثُمَّ اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ {٢٨} هُوَ الَّذِيْ خَلَقَ لَكُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا ثُمَّ اسْتَوٰٓى اِلَى السَّمَاۤءِ فَسَوّٰىهُنَّ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ ۗ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ {٢٩} ࣖ

Terjemahe ayat 28-29

Kepriye sira kabeh kok padha kufur klawan Alloh, ing mangka sira (maune) padha mati banjur Panjenengane nguripake ing sira kabeh, banjur Panjenengane mateni ing sira kabeh, banjur Panjenengane nguripake maneh ing sira kabeh, banjur sira kabeh dibalekake marang Panjenengane. (28)

Panjenengane (Alloh) kang nitahake kabeh apa wae kang ana ing bumi kanggo sira kabeh, banjur Panjenengane nuju marang langit, banjur Panjenengane nyampurnaake dadi pitung langit, lan Panjenengane Maha Ngudaneni ing sekabehe apa wae. (29).

Tafsirane.

Sira kabeh iku kepriye to, kok dadi padha kufur marang Pangeran. Ing mangka sira kabeh iku asale ora ana nuli didadekake lan diuripake nuli bakal padha mati. Lan sakwuse iku nuli ditangekake (diuripake) maneh. Pungkasane nuli disowanake marang Pangeran.

Ya Pangeran kang nitahake samubarang kang wujud ana bumi kabeh iki kanggo sira kabeh. Nuli sengaja nitahake langit dititahake dadi pitung kangit. Gusti Alloh iku ngudaneni sekabehe perkara apa wae.

Ayat Telung Puluh - Telung Puluh Songo

وَاِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنِّيْ جَاعِلٌ فِى الْاَرْضِ خَلِيْفَةً ۗ قَالُوْٓا اَتَجْعَلُ فِيْهَا مَنْ يُّفْسِدُ فِيْهَا وَيَسْفِكُ الدِّمَاۤءَۚ وَنَحْنُ نُسَبِّحُ بِحَمْدِكَ وَنُقَدِّسُ لَكَ ۗ قَالَ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ{٣٠}

وَعَلَّمَ اٰدَمَ الْاَسْمَاۤءَ كُلَّهَا ثُمَّ عَرَضَهُمْ عَلَى الْمَلٰۤىِٕكَةِ فَقَالَ اَنْۢبِـُٔوْنِيْ بِاَسْمَاۤءِ هٰٓؤُلَاۤءِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ {٣١} قَالُوْا سُبْحٰنَكَ لَا عِلْمَ لَنَآ اِلَّا مَا عَلَّمْتَنَا ۗاِنَّكَ اَنْتَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ{٣٢}

Terjemahe ayat 30-39

Lan (elinga sira, he Muhammad) nalika Pangeranira dhawuh marang para malaikat; "Saktemene Ingsun bakal ndadekake suwiji kholifah ana ing bumi. Para malaikat matur; "Menapa Paduka badhe ndadosaken wonten ing bumi niku tiyang ingkang badhe ndamel karisakan lan ngutahaken dharah?." Ing mangka kita sami maos tasbih, memuji lan nucekaken dhateng Paduka." Alloh paring dhawuh; "Saktemene Ingsun luwih ngaweruhi apa kang sira kabeh ora padha weruh."(30)

Lan diwulangake marang Adam kabeh jenenge (barang apa bae), nuli diajokake barang-barang mau marang para malaikat, nuli Alloh dhawuh;" Tuduhna marang Ingsun jeneng-jenenge barang iku mau, menawa sira kabeh pancen bener." (31)

Para malaikat padha matur;" Maha Suci Paduka, mboten wonten ingkang kita sumerapi kejawi menapa ingkang sampun Paduka wucalaken dhateng kita. Sak yektosipun Paduka ingkang Maha pirsa lan Maha Wicaksana. (32).

قَالَ يٰٓاٰدَمُ اَنْۢبِئْهُمْ بِاَسْمَاۤىِٕهِمْ ۚ فَلَمَّآ اَنْۢبَاَهُمْ بِاَسْمَاۤىِٕهِمْۙ قَالَ اَلَمْ اَقُلْ لَّكُمْ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ غَيْبَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۙ وَاَعْلَمُ مَا تُبْدُوْنَ وَمَا كُنْتُمْ تَكْتُمُوْنَ {٣٣}

وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ اَبٰى وَاسْتَكْبَرَۖ وَكَانَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ{٣٤} وَقُلْنَا يٰٓاٰدَمُ اسْكُنْ اَنْتَ وَزَوْجُكَ الْجَنَّةَ وَكُلَا مِنْهَا رَغَدًا حَيْثُ شِئْتُمَاۖ وَلَا تَقْرَبَا هٰذِهِ الشَّجَرَةَ فَتَكُوْنَا مِنَ الظّٰلِمِيْنَ {٣٥}

Alloh paring dhawuh: "He Adam, tuduhna marang dheweke jenenge barang-barang iku mau. Mangka sak wuse dituduhake jeneng-jeneng mau, Alloh ngendika; "Anata ora Ingsun wus ngendikakake marang sira kabeh yen Ingsun luwih ngaweruhi samar-samare pira-pira langit lan bumi, lan Ingsun luwih ngaweruhi apa kang padha sira lahirake lan apa kang padha sira singidake." (33).

Lan (elinga sira) nalika Ingsun paring dhawuh marang para malaikat; "Padha sujuda sira kabeh maring Adam." Nuli kabeh malaikat pada sujud kejaba Iblis. Dheweke moh (ora gelem sujud) lan nyombongake dhirine, lan Iblis klebu golongan kang kafir. (34)

Lan Ingsun ngendika; "He Adam, manggona sira lan bojonira ana ing suwargo, padha mangano sira wong loro saka panganan-panganane kang jembar (bebas) ing ngendi wae sira senengi, nanging sira aja nyedaki wit iki, mangka sira bakal dadi wongkang zholim. (35).

فَاَزَلَّهُمَا الشَّيْطٰنُ عَنْهَا فَاَخْرَجَهُمَا مِمَّا كَانَا فِيْهِ ۖ وَقُلْنَا اهْبِطُوْا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۚ وَلَكُمْ فِى الْاَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَّمَتَاعٌ اِلٰى حِيْنٍ {٣٦} فَتَلَقّٰٓى اٰدَمُ مِنْ رَّبِّهٖ كَلِمٰتٍ فَتَابَ عَلَيْهِ ۗ اِنَّهٗ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ {٣٧}

قُلْنَا اهْبِطُوْا مِنْهَا جَمِيْعًا ۚ فَاِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِّنِّيْ هُدًى فَمَنْ تَبِعَ هُدَايَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ {٣٨} وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ {٣٩}

Mangka nuli karone diplesetake dening syetan saka suwargo lan Alloh ngetokake karone saka kahanan kang wus dialami, lan Ingsun dhawuh; "Padha mudhuna sira kabeh sak perangan saka sira bakal dadi musuhe sak perangan liyane lan marang sira kabeh disediyani papan panggonan kanggo netep lan kasenengan tumeka wektu kang tertamtu." (36)

Nuli Adam nampa pira-pira kalimat sangka Pangerane, mangka nuli Alloh nampa tobate. Saktemene Alloh iku Dzat kang akeh olehe nampa tobat lan kang Maha welas-asih. (37).

Baca Juga : Surat Al Baqarah Ayat 40 - 59 | Oleh KH. Ngadliyin Anwar

Ingsung paring dhawuh; "Mudhuna sira kabeh saka kono, nuli lamun teka pituduh saka Ingsun marang sira kabeh, mangka sing sapa nuruti pituduh Ingsun mesthi ora ana rasa kuwatir tumrap ing dheweke kabeh lan ora ana rasa susah." (38) Lan wong-wong kang padha kafir lan kang padha nggorohake ayat-ayat Ingsun, dheweke kabeh panggonane ana neraka lan padha manggon ing kono langgeng selawase. (39).

Tafsir.

Naliko Gusti Alloh ngersakake nitahake nabi Adam, Alloh Ta'ala ngendiko marang malaikat kang surasane mengkene; "Ingsun Alloh arep nitahake kholifah ana ing bumi." Para malaikat padha matur; "Menapa prayogi Paduko nitahaken kholifah wonten ing bumi rupi tiyang ingkang namung badhe damel karisakan lan paten-pinaten. Sedheng kawula sedaya meniko sami maos tasbih lan tahmid sarto nucekaken dhateng Paduko." Gusti Alloh dhawuh maneh kang surasane mengkene; "Ingsun pirsa apa wae kang sira kabeh ora padha weruh."

Sakwuse nabi Adam dititahake nuli dening Pangeran nabi Adam diwulang jenenge sak wernane barang. Sakwuse mengkono nuli barang-barang mau di katonake marang para malaikat kanthi didhawuhi; "Coba he para malaikat, Ingsun critanana jenenge barang-barang iki yen nyata sira kabeh padha bener."

Para malaikat padha matur; "Maha Suci Paduko. Kula sedaya mboten gadhah pangertosan napa-napa kejawi ingkang ssmpun Paduko paringaken dhateng kula. Sak estu Paduko Dzat ingkang Maha Pirso lan Maha Wicaksana. Nuli Alloh paring dhawuh; "He Adam, para malaikat critanana jenenge barang-barang iki." Bareng nabi Adam wus nyritani para nalaikat, nuli Alloh ngendiko; "Apa Ingsung ora wus dhawuh yen Ingsun pirsa perkara kang samar-samar ana ing langit lan bumi. Lan Ingsun pirsa apa kang sira lahirake lan apa kang sira singitake."

Gusti Alloh dhawuh marang para malaikat mengkene surasane; "Padha-a sujud hurmat sira kabeh maring Adam." Para malaikat nuli padha sujud kabeh kejaba Iblis. Iblis mbangkang lan gumedhe, dheweke golongane wongkang padha kafir. Gusti Alloh nuli dhawuh marang nabi Adam. "Sira lan bojonira manggona ana ing suwargo lan mangano ana ing suwargo kono sak karepira, nanging aja nanging aja cedhak-cedhak ing iki kekayon, yen sira cedhak-cedhak bakal klebu golongane wongkang padha aniaya.

Bareng nabi Adam lan ibu Hawa wus manggon ana ing suwargo ora antara suwe digodha dening syetan nganti mlanggar larangan yaiku ndhahar woh syajaroh khuldi. Pungkasane nabi Adam lan ibu Hawa diusir saka suwargo kanthi didhawuhi yen nabi Adam sak keturunane manggon tetep ana ing bumi. Nabi Adam kan inu Hawa nangis ngaruoro.

Nuli dening Pangeran nabi Adam diparingi kalimat-kalimat kang kudu diwaca, kang jalaran kalimat-kalimat mau nabi Adam oleh pangapura saka Pangeran. Dene kalimate yaiku; "Robbi innii zholamtu nafsii zhulman kabiiron walaa yaghfirudz dzunuuba illaa anta faghfirlii dzunuubii." Nabi Adam didhawuhi mudhun saka suwargo supaya manggon ana ing bumi sak turun-turune kanthi katrangan, sing sapa wonge saka putra wayahe nabi Adam kang gelem ndherek dhawuhe Pangeran di bang-bang ora bakal kuwatir . lan ora bakal nemu kesusahan mbesuk ana ing akhirat. Dene wong-wongkang kafir lan padha nggorohake marang ayate Pangeran, wong-wong mau bakal oleh bagian neraka kang bakal langgeng ana ing neraka mau.

Dibacakan oleh : KH. NGADIYIN ANWAR
                           Setiap Hari Jum'at Ba'da Asya

Tempat        : Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun

Bacaan Ngaji

Post a Comment

Previous Post Next Post
close