Surat Al Baqarah Ayat 40 - 59 | Oleh KH. Ngadliyin Anwar

Daftar Isi [Tampil]

Kelanjutan dari pengajian Rutin setiap Jum'at setelah sholat ashar di Masjid Jami Sulaiman Lebakayu Sawahan Madiun Surat Al Baqarah Ayat 40 sampai 59


Ayat Ke Empat Puluh - Empat Puluh Tiga


يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَاَوْفُوْا بِعَهْدِيْٓ اُوْفِ بِعَهْدِكُمْۚ وَاِيَّايَ فَارْهَبُوْنِ{٤٠}
وَاٰمِنُوْا بِمَآ اَنْزَلْتُ مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَكُمْ وَلَا تَكُوْنُوْٓا اَوَّلَ كَافِرٍۢ بِهٖ ۖ وَلَا تَشْتَرُوْا بِاٰيٰتِيْ ثَمَنًا قَلِيْلًا  ۖوَّاِيَّايَ فَاتَّقُوْنِ {٤١}  

He bani Isroil, elinga ni'mat Ingsun kang wus Ingsun paringake marang sira lan tuhonono janjinira marang Ingsun, sayekti Ingsun bakal nuhoni janji Ingsun marang sira lan wedia sira amung marang Ingsun. (40).
Lan padha imano sira kabeh marang apa (al Qur'an) kang wus Ingsun turunake kang mbenerake marang apa (at Taurot) kang ana sartane sira lan aja dadi sira kawitane wongkang kafir klawan al Qur'an. Lan aja ngedol sira ing ayat- ayar Ingsun klawan rego murah lan wedia (taqwa) sira amung marang Ingsun. (41).

Tafsirane ayat 40-41.
Bani Isroil padha didhawuhi lan dielingke mengkene; "He bani Isroil sira kabeh supaya padha eling nyukuri ni'mat-ni'mat kang wus diparingake narang sira lan marang nenek moyang ira kabeh supaya padha nuhoni janji. Yen sira kabeh padha nuhoni janjinira ing Ingsun, Ingsun (Alloh) uga bakal nuhoni janji Ingsun ing sira. 


Lan sira kabeh supaya padha iman marang kitab kang Ingsun turunake marang nabi Muhammad kang kitab mau mbenerake marang kitab-kitab kang ana ing sira kabeh. Sira kabeh aja ngawiti dadi wong kafir marang kitab al Qur'an. Sira kabeh aja padha ngijoli ing ayat-ayat Ingsun klawan rega kang sethithik lan sira kabeh supaya padha tundhuk marang Ingsun.


وَلَا تَلْبِسُوا الْحَقَّ بِالْبَاطِلِ وَتَكْتُمُوا الْحَقَّ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ {٤٢}  
وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَارْكَعُوْا مَعَ الرّٰكِعِيْنَ {٤٣}

Tarjamahe ayat 42-43.
Lan sira kabeh aja padha nyampur adhuk ake kang haq klawan kang bathil lan (aja) nyingitake kang haq sedheng sira padha ngaweruhi. (42).
Lan tindakno sholat, mbayara zakat, lan ruku'a bebarengan wongkang padha ruku'. (43)


Tafsir ayat 42-43.
Sira kabeh aja padha malsu perkara haq klawan perkara bathil lan aja padha nyingitake perkara haq ing mangka sira kabeh wus padha weruh. Lan sira kabeh supaya padha nindakne sholat lan menehake zakat lan padha ruku' bareng-bareng karo wongkang padha ruku'.

Ayat Ke Empat PuluhTiga - Empat puluh sembilan


۞ اَتَأْمُرُوْنَ النَّاسَ بِالْبِرِّ وَتَنْسَوْنَ اَنْفُسَكُمْ وَاَنْتُمْ تَتْلُوْنَ الْكِتٰبَ ۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ {٤٤}

Tarjamahe ayat 44.
Kena apa sira padha mrentahi wong liya (nindakake) kebecikan, sedheng sira nglalekake awak ira dhewe, ing mangka sira ya padha maca kitab (Taurot) Apa sira ora padha ngerti. 
Tafsir. Ayat 44.
Apa sira kabeh mung biso prentah becik marang wong liya nanging sira nglalekake ing awak ira dhewe. Ing mangka sira kabeh padha maca kitab suci. Apa sira ora padha gelem angen-angen.


وَاسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِ ۗ وَاِنَّهَا لَكَبِيْرَةٌ اِلَّا عَلَى الْخٰشِعِيْنَۙ {٤٥}
الَّذِيْنَ يَظُنُّوْنَ اَنَّهُمْ مُّلٰقُوْا رَبِّهِمْ وَاَنَّهُمْ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَ {٤٦}

Tarjamahe ayat 45-46.
Lan nyuwuna pitulungan marang Alloh kanthi sabar lan sholat. Lan saktemene (sholat iku) abot kejaba tumrap wongkang padha khusyu' (45).
(Yaiku) wong-wongkang padha yakin yen dheweke bakal kepethuk karo Pangerane lan saktemene dheweke bakal padha bali marang Panjenengane (Pangeran). (46).


Tafsir ayat 45-46.
Sira kabeh supaya padha nyuwun tulung marang Pangeran kanthi sabar lan sholat. Sakbenere sholat iku panci abot kejaba tumrap wong-wongkang khusyuk atine. Yaiku wong-wongkang padha yakin yen dheweke bakal padha pethuk karo Pangerane lan bakal padha bali sowan ana ing ngayunane.


يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَاَنِّيْ فَضَّلْتُكُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ {٤٧}
وَاتَّقُوْا يَوْمًا لَّا تَجْزِيْ نَفْسٌ عَنْ نَّفْسٍ شَيْـًٔا وَّلَا يُقْبَلُ مِنْهَا شَفَاعَةٌ وَّلَا يُؤْخَذُ مِنْهَا عَدْلٌ وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ {٤٨}

Tarjamahe ayat 47-48.
He bani Isroil padha elinga ing nikmat Ingsun kang wus Ingsun paringake marang sira kabeh lan Ingsun wus ngluwihake sira kabeh ngungkuli umat liyane ing ngalam iki (ing mongso iku) (47)
Lan padha wedia sira kabeh ing suwiji dina kang ing dina iku ora ana wongkang bisa mbelani wong liya senajan mung sethithik lan ora ditampa  syafaat lan tebusan saka wong liya mau lan wong-wong ora bakal ditulungi. (48).


Tafsir ayat 47-48.
He bani Isroil sira kabeh supaya padha eling nyukuri nikmat Ingsun kang wus Ingsun paringake marang sira, lan Ingsun wus ngutamakake sira kabeh ngungkuli golongan-golongan liyane ing mongso iku.
Lan sira kabeh padha wedia lan ngati-ngati ngadhepi dina kiyamat, kang ana ing dina iku ukuman ora bisa digajuli, pitulungan saka wong liya ora ditrima tebusan ora dipundhut lan dheweke ora bisa ditulungi. 

Ayat Ke Lima Puluh - Lima puluh empat


وَاِذْ نَجَّيْنٰكُمْ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَسُوْمُوْنَكُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِ يُذَبِّحُوْنَ اَبْنَاۤءَكُمْ وَيَسْتَحْيُوْنَ نِسَاۤءَكُمْ ۗ وَفِيْ ذٰلِكُمْ بَلَاۤءٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَظِيْمٌ {٤٩}  
وَاِذْ فَرَقْنَا بِكُمُ الْبَحْرَ فَاَنْجَيْنٰكُمْ وَاَغْرَقْنَآ اٰلَ فِرْعَوْنَ وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ {٥٠}  

Tarjamahe ayat 49-50.
Lan (elinga) nalika Ingsun nylametake sira kabeh saka (Firaun sak) kluargane. Dheweke padha nibakake siksa kang abot marang sira kabeh. Dheweke nyembelih anak-anak lanangira lan ngumbar urip anak-anak wadonira.
Lan ing kang kaya mengkono mau minangka dadi coba kang gedhe saka ngarsane Pangeranira. (49)
linga) nalikane  Ingsun nyigar segara kanggo sira kabeh sahingga sira kabeh bisa Ingsun slametake lan Ingsun glelepake (Firaun lan) kluargane Firaun wondene sira kabeh padha nyekseni (50).


Tafsir ayat 49-50.
Bani Isroil ana ing zamane nabi Muhammad saw. padha dielingake yen dhek mbiyen nenek moyange padha di slametake saka kekejemane balane raja Firaun. Nalika bani Isroil kala semono digencet dening balane Firaun, anak-anak lanange padha disembelehi, anak-anak wadone diumbar urip ora disembelehi.
Nalika bani Isroil kanthi pimpinane nabi Musa dikejar dening Firaun sak balane kang pungkasane Alloh Ta'ala nyigar segara (laut merah) sahingga nabi Musa lan bani Isroil bisa slamet nerusake playune liwat segara kang disigar semilak banyune. Wondene Firaun sak balane dikeremake ana ing segara.


وَاِذْ وٰعَدْنَا مُوْسٰىٓ اَرْبَعِيْنَ لَيْلَةً ثُمَّ اتَّخَذْتُمُ الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِهٖ وَاَنْتُمْ ظٰلِمُوْنَ {٥١}
ثُمَّ عَفَوْنَا عَنْكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ {٥٢}

Tarjamahe ayat 51-52.
Lan (elinga) nalika Ingsun njanjekake marang Musa patang puluh wengi. Nuli sira kabeh (bani Isroil) ndadekake (patung) pedhet emas  (dadi sesembahan) sakwuse lungane (nabi Musa) lan sira kabeh iku (dadi) wongkang  zholim. (51).
Nuli Ingsun ngapura saka sira kabeh sakwuse mengkono mau supaya sira kabeh padha syukur. (52).


Tafsir ayat 51-52.
Bani Isroil didhawuhi supaya eling, yaiku nalikane nabi Musa katimbalan munajat ana ing gunung Tursina patang puluh wengi, dumadaan sak jrone nabi Musa munajat bani Isroil kang katinggal pada gawe pedhet emas.
Nuli sakwuse mengkono Alloh Ta'ala banjur paring pangapura supaya bani Isroil sak turun-turune padha syukur maring Pangeran.

Menu makanan


وَاِذْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَالْفُرْقَانَ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ {٥٣}

Tarjamahe ayat 53.
Lan (elinga) nalika Musa Ingsun paring kitab lan furqon, supaya sira kabeh padha oleh pituduh.

Tafsir ayat 53.
Bani Isroil dielingake. Menawa Alloh Ta'ala wus paring ing nabi Musa kitab lan katerangan kang mbedakake antarane perkara kang haq lan bathil supaya bani Isroil padha oleh pituduh.


وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ اِنَّكُمْ ظَلَمْتُمْ اَنْفُسَكُمْ بِاتِّخَاذِكُمُ الْعِجْلَ فَتُوْبُوْٓا اِلٰى بَارِىِٕكُمْ فَاقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ عِنْدَ بَارِىِٕكُمْۗ فَتَابَ عَلَيْكُمْ ۗ اِنَّهٗ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ {٥٤}  

Tarjamahe ayat 54.
Lan (elinga) nalika Musa ngendiko marang kaume; "He kaum ingsun. Sira kabeh bener-bener wus nganiaya marang awak ira dhewe kanthi ndadekake (patung) pedhet (minongko dadi sesembahan) kana iku tobata marang (Pangeran) kang nitahake ing sira kabeh lan padha patenana awakira, iku luwih becik tumrap sira kabeh ana ngarsane kang nitahake awakmu. Panjenengane bakal nompo tobatira. Saktemene Alloh Maha nrimo tobat lan Maha welas-asih. (54)


Tafsir ayat 54.
Kanjeng nabi Muhammad didhawuhi supaya ngandharake nalika nabi Musa dhawuh marang kaume (bani Isroil) He bani Isroil, sira kabeh padha dosa sebab gawe sesembahan rupa pedhet emas. Mula sak iki padha tobata lan awakir padha patenana. Tumindak kang kaya ngono iku luwih bagus kanggo sira kabeh ana ngersane Gusti Alloh. Nuli Gusti Alloh paring ngapuro marang sira kabeh. Saktemene Alloh iku akeh ngapurane lan agung welase.

Cerita musa Samiri

(Qishshoh). 
Nalika nabi Musa munajat patang puluh dina, nabi Harun nunggu ana ing ndalem ngemong bani Isroil. Dumadaan ana wong arane Musa Samiri reka-reka gawe patung pedhet saka emas. Nuli bani Isroil dianjurake supaya nyembah patung pedhet emas mau. Sak rawuhe nabi Musa, nabi Musa banget bendune nganti rakane yaiku nabi Harun dilarak-larak jenggote. Sakwuse mengkono Nabi Musa banjur ndhawuhi marang kaume supaya padha tobat saka  nyembah pedhet emas mau. Aturane tobat yaiku bani Isroil didhawuhi mlumpuk ana ing tanah lapang kanthi nggawa gaman. Nuli Gusti Alloh nitahake kahanan peteng dhedhet lelimengan sahingga siji lan sijine ora weruh apa-apa. Nuli wiwit padha paten-pinaten sepadhane kaume dhewe.

Ayat Ke Lima puluh Lima - Lima puluh Sembilan


وَاِذْ قُلْتُمْ يٰمُوْسٰى لَنْ نُّؤْمِنَ لَكَ حَتّٰى نَرَى اللّٰهَ جَهْرَةً فَاَخَذَتْكُمُ الصّٰعِقَةُ وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ {٥٥}

Tarjamahe ayat 55.
Lan (elinga) nalika sira kandha; "He Musa ingsun kabeh durung gelem iman marang sira sakdurunge ingsun kabeh bisa ningali Alloh kanthi jelas. Mangka bledhek nyamber sira kabeh sedheng sira padha nyaksek ake. (55).


Tafsir ayat 55.
Nalika sira kabeh kaum bani Isroil padha matur marang nabi Musa; "Duh nabi Musa, kula sedaya boten badhe iman (pitados) dhateng penjenengan menawi kula boten saget ningali Alloh kanthi ngedheng. Nalika iku sira kabeh banjur disamber bledhek.


ثُمَّ بَعَثْنٰكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَوْتِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ {٥٦}
وَظَلَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْغَمَامَ وَاَنْزَلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰى ۗ كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْ ۗ وَمَا ظَلَمُوْنَا وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ {٥٧}

Tarjamahe ayat 56-57.
Sakwuse mengkono nuli Alloh nangekake sira kabeh sakwuse sira kabeh padha mati, supaya sira kabeh padha syukur. (56).
Lan Ingsun ngiyup-ngiyupi sira kabeh nganggo mendhung lan Ingsun nurunake marang sira kabeh manna lan salwa. Padha mangana (panganan) kang bagus-bagus saka rejeki kang wus Ingsun paringake marang sira kabeh. Lan dheweke kabeh ora padha nganiaya ing Ingsun nanging padha nganiaya ing awake dhewe. (57).

Tafsir ayat 56-57.
Sakwuse dheweke kabeh padha mati nuli Gusti Alloh nguripake maneh marang sira kabeh supaya sira kabeh padha syukur.
Bani Isroil ing zaman nabi Musa mbiyen tau kaya kesandhung oyot mimang manggon ana ing ara-ara ora  bisa padha bali marang omahe. Ana ing ara-ara kono bani Isroil diparingi rezeki rupa panganan kang arane manna (rupane kaya blendok) lan manuk salwa (gedhene sak bebek).


وَاِذْ قُلْنَا ادْخُلُوْا هٰذِهِ الْقَرْيَةَ فَكُلُوْا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ رَغَدًا وَّادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا وَّقُوْلُوْا حِطَّةٌ نَّغْفِرْ لَكُمْ خَطٰيٰكُمْ ۗ وَسَنَزِيْدُ الْمُحْسِنِيْنَ
{٥٨}
فَبَدَّلَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا قَوْلًا غَيْرَ الَّذِيْ قِيْلَ لَهُمْ فَاَنْزَلْنَا عَلَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا رِجْزًا مِّنَ السَّمَاۤءِ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ {٥٩} ࣖ

Tarjamahe ayat 58-59.

Lan (elinga) nalika Ingsun paring dhawuh; "Padha mlebua sira kabeh ing 
desa iki (Baitulmaqdis) , mangka padha mangana sira kabeh kanthi nikmat (sakwernane panganan) kang ana ing kono sak seneng ira. Lan mlebua ing gerbang lawange desa kono kanthi mbungkuk lan padha ngucapo sira kabeh "hiththotun" (mugi-mugi kula kabebasno saking kalepatan) sayekti Ingsun ngapura kaluputan ira lan kabeh lan Ingsun paring tambah (anugrah) kanggo wong-wong kang padha tumindak becik. (58).

Tafsir ayat 58-59.
Bni Isroil sak wuse pirang-pirang puluh tahun manggon ana ing ara-ara diayub-ayubi mendhung lan nuli didhawuhi supaya mlebu ana ing desa supaya mangan kang enak-enak lan didhawuhi menawa mlebu lawang (getbang) desa supaya dhepe-dhepe  sarto nyuwun lebure dosa kanthi ngucapake tembung 

"Hiththotun". Nanging wong-wong kang padha zholim padha ngowahi pengucap, ora muni "hiththotun: nanging muni "hinthotun" tegese nyuwun gandum. Nuli wong-wong kang padha nganiaya mau padha ditibani siksa saka langit sebab anggone padha fasiq.

Nuli wong-wong kang padha zholim ngganti dhawuh printah klawan printah liya kang ora didhawuhake marang dheweke kabeh. Nuli  Ingsun nurunake siksa saka langit marang wong-wong kang padha nganiaya sebab (tansah) padha tumindak fasiq. (59).



Dibacakan oleh : KH. NGADIYIN ANWAR
                           Setiap Hari Jum'at Ba'da Asya

Tempat        : Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun

Post a Comment

Previous Post Next Post
close