Tafsir Alquran Jawa Surat Al Baqarah Ayat 1 - 10 | Oleh KH. Ngadliyin Anwar

Daftar Isi [Tampil]
سورة البقرة

SURAH Al BAQARAH (sapi wedok).

Iki surah Madaniyyah, ayate kabeh ana 286.

 بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

الۤمّ {١}


Ayat Siji

Terjemah.

Alif laam miim.

Tafsir.

Alif laam miim lan uga huruf-huruf kang dadi kawitane surah kaya ق، ن، ص lan liya-liyane iku ora ana kang pirsa tegese kejaba Alloh Ta'ala dhewe. Mengkono mungguh dhawuhe ngulama' salaf. Sakweneh ngulama' ana kang duwe panemu yen alif iku tegese Alloh, lam tegese lathiif, mim tegese majiid. Dadi alif laam miim iku rumuz kang tegese Alloh Ta'ala iku maha welas lan maha agung. Saweneh ngulama maneh ana kang duwe panemu yen alif laam miim iku minangka kanggo wiwitan dhawuh saperlu mundhut perhatiane menungsa.

Upamane mengkene; nalika arep di eneake rapat, nalika wong-wong wus padha hadlir kabeh biyasane padha omong-omongan dhewe-dhewe yen pimpinan rapat (pembicara) ujug-ujug banjur pidato, mesthine ora oleh perhatian saka hadlirin, nanging yen pimpinan rapat (pembicara) sak durunge miwiti guneman nuli ndhodhog mejane dhisik; dhog, dhog, dhog, iku biyasane hadlirin banjur padha nggateake.

Sakwuse hadlirin padha nggateake lagi pimpinan rapat (pembicara) miwiti pidhato. Semono uga Alif Laam Miim, nalika wong-wong lagi padha ketungkul dumadaan krungu suwara kang ora dingerteni tegese (alif laam miim) nuli padha madhep nggateake. Sak wuse iku lagi didhawuhi dzaalikal kitaabu sakteruse.

ذٰلِكَ الْكِتٰبُ لَا رَيْبَ ۛ فِيْهِ ۛ هُدًى لِّلْمُتَّقِيْنَۙ {٢}

الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْغَيْبِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ {٣}

وَالَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ ۚ وَبِالْاٰخِرَةِ هُمْ يُوْقِنُوْنَۗ {٤}

اُولٰۤىِٕكَ عَلٰى هُدًى مِّنْ رَّبِّهِمْ ۙ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ {٥}

Ayat Loro - Limo

Terjemah.

Ayat 2. Kitab (al Qur'an) iki ora ana kemamangan ing njerone, dadi pituduh kanggo kang padha taqwa.

Ayat 3. (yaiku) wong-wong kang padha iman marang kang ghoib, nidaake sholat lan padha infaq (mblanjaake) saka barang rejeki kang wus Ingsun paringake marang dhewe-e.

Ayat 4. Lan wong-wong kang padha iman marang (al Qur'an) kang diturunake marang sira (Muhammad) lan (kitab-kitab) kang wus diturunake sakdurunge sira, lan dhewe-e padha yakin kkawan anane akhirat.

Ayat 5. Dhewe-e iku wong kang padha oleh pituduh saja Pangerane, lan dhewe-e iku wong kang untung.

Tafsir.

Ayat 2, 3, 4, 5.>

Kitab Qur'an iki kitab kang bener. Ora patut dimamangi maneh. Diturunake dening Alloh Ta'ala marang kanjeng nabi Muhammad saw. dadia pituduh tumraping wong-wong kang padha nduweni dhasar taqwa. Yaiku wong-wong kang padha percaya marang perkara kang ora katon mata kaya suwarga, neraka lan liya-liyane, nglakoni sholat, nyokongake sebagian saka bandhane, lan iya wong-wong kang percaya marang kabenerane kitab al Qur'an lan kitab kang diturunake sakdurunge al Qur'an sarta percaya marang akhirat. Iya wong-wong kang kaya mangkono mau wong kang oleh pituduh saking Pengeran lan iya wong kang kaya mengkono iku kang beja kemayangan.


Ayat Nenem - Pitu

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا سَوَاۤءٌ عَلَيْهِمْ ءَاَنْذَرْتَهُمْ اَمْ لَمْ تُنْذِرْهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ {٦}

خَتَمَ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ وَعَلٰى سَمْعِهِمْ ۗ وَعَلٰٓى اَبْصَارِهِمْ غِشَاوَةٌ وَّلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ

{٧}

Terjemah.

Ayat 6. Saktemene wong-wong kafir iku padha wae tumrap dhewe-e, sira (Muhammad) meden-medeni marang dhewe-e utawa ora mesthi ora padha gelem iman. Ayat 7. Alloh wus ngunci ati lan pangrungune, lan pandulune ditutup. Tumrap ing dhewe-e siksa kang abot.

Tafsir.

Ayar 6 lan 7. Kanjeng nabi yen ngrasaake tingkahe wong-wong kafir iku prihatin nganti nggrantes banget. Nganti katurunan ayat kang surasane; wong kang kacithak kafir iku di kapak-kapakake padha wae. Dinasehati lan ora dinasehati padha wae mesthi ora padha gelem iman. Jalaran atine wus persasat di patri, kupinge di bunteti lan matane ditutupi. Wong kang kaya mengkono iku bakal nampa siksa kang gede.

Ayat Wolu - Sepuluh

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَبِالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَمَا هُمْ بِمُؤْمِنِيْنَۘ {٨}

يُخٰدِعُوْنَ اللّٰهَ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۚ وَمَا يَخْدَعُوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَۗ {٩}

فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌۙ فَزَادَهُمُ اللّٰهُ مَرَضًاۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ ۢ ەۙ بِمَا كَانُوْا يَكْذِبُوْنَ {١٠}

Terjemah.

Ayat 8. Lan ing antarane menungsa ana kang ngucap; aku iman marang Alloh lan dina akhir, ing mangka saktemene dhewe-e dudu wongkang iman.

ayat 9. Dhewe-e nipu Alloh lan wong mukmin, ananging saktemene dhewe-e nipu awake dhewe amung wae dhewe-e ora ngerti.

Ayat 10. Ing njero atine ana penyakite, banjur Alloh nambah penyakite iku lan dhewe-e nampa siksa kang banget larane jalaran olehe nglakoni goroh.

Tafsir.

Ayat 8, 9, 10.

Nalika kanjeng nabi wus kuwasa ana ing Madinah lan bola bali oleh kamenangan, banjur akeh wong-wong kang sejatine atine ora iman nanging ethok-ethok iman. Kang kaya mengkono iku sejatine mung arep nipu Pengeran lan nipu marang wong-wong mukmin kareben dhewe-e diakoni Islame. Upama nuju ana jarahan iya kareben bisa melu oleh bagian. Nanging tipu kang kaya mengkono iku sakbenere ngrugeake marang awae dhewe, dhewe-e padha ora rumongso. Jalaran nuli Alloh Ta'ala paring wahyu marang kanjeng nabi nuduhake yen Fulan lan Fulan iku wong munafiq. Wong-wong kang sifate kaya ngono iku dhasar sifate wus penyakiten atine. Bareng al Qur'an tumurun penyakite saya tambah.

Dibacakan oleh : KH. NGADIYIN ANWAR
                           Setiap Hari Jum'at Ba'da Asya

Tempat        : Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun

Bacaan Ngaji

Post a Comment

Previous Post Next Post
close