Tafsir Alquran Jawa Surat Al Fatiha | Oleh KH. Ngadliyin Anwar

Daftar Isi [Tampil]

سورة الفاتحة

SURAH AL FATIHAH.

Surah al Fatihah iku arane surah Makkiyyah (temurune ana ing Makkah) ana kang ngarani Madaniyyah, ayate akehe pitu. Fatihah iku artine bukaan. Surah iki kejaba diarani surah fatihah uga diarani ummul kitab, artine ibune kitab (al qur'an) tegese isine al qur'an kabeh iku wus dikumpulake ana ing surah iki.

Uga diarani as sab'ul matsaani, artine ayat pitu kang dibolan-baleni. Diarani mengkono jalaran sak jerone sholat fatihah iku paling sithik diwaca ping loro. Walloohu a'lam.

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ {١}

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ {٢}

الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِۙ {٣}

مٰلِكِ يَوْمِ الدِّيْنِۗ {٤}

اِيَّاكَ نَعْبُدُ وَاِيَّاكَ نَسْتَعِيْنُۗ {٥}

اِهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَۙ {٦}

صِرَاطَ الَّذِيْنَ اَنْعَمْتَ عَلَيْهِمْ ەۙ غَيْرِ الْمَغْضُوْبِ عَلَيْهِمْ وَلَا الضَّاۤلِّيْنَ ࣖ {٧}

Terjemahan.

  1. Klawan (nyebut) asma Alloh kang maha welas lan maha asih.
  2. Sekabehane puji kagungane Alloh kang mengerani ngalam kabeh.
  3. Kang maha welas lan maha asih.
  4. Kang ngratoni ana ing dinane qiyamah.
  5. Namung dhateng panjenengan kula manembah lan namung dhateng panjenengan kula nyuwun pitulungan.
  6. Mugi nedahaken panjenengan dhateng kula dhateng margi ingkang jejek.
  7. (Inggih menika) marginipun para tiyang ingkang panjenengan paringi ni'mat sanes marginipun para tiyang ingkang panjenenga bendoni lan sanes marginipun para tiyang ingkang kesasar.

Tafsir. Ayat 2, 3, 4.

Sekabehe pengalembana iku namung kagungane Alloh Ta'ala dhewe kang mengerani lan nguwasani ngalam kabeh iki. Ora ana makhluk kang anduweni pengalem.

Gusti Alloh Ta'ala iku persifatan welas asih marang sekabehane makhluk, luwih-luwih marang menungsa kang wus nyata diparingi ni'mat wujud kanthi akal lan nggaota badan kang sampurna lan ni'mat liya- liyane maneh kang gedhe-gedhe lan kang lembut-lembut.

Uga Alloh Ta'ala persifatan maliki yaumiddin, nguwasani mbesuk dina kiyamat. Kuwasa ngganjar marang wong-wong kang thoat, lan kuwasa nyiksa marang wong-wong kang padha nulayane printah-prinrahe Alloh Ta'ala.

Ayat 5, 6, 7.

Rehning Alloh Ta'ala iku welas asih luwih-luwih marang menungsa, mulane menungsa kudu tansah nyembah nyawije ake marang Alloh Ta'ala ing bab apa wae. Lan uga tansah nyuwun supaya Alloh Ta'ala paring dalan kang lurus kang bisa nekaake marang kabegjan ndonya lan akhirat. Dedalane wong dhingin- dhingin kang wus padha keparingan ni'mat, dudu dalan kang diambah wong-wong kang kena bendu lan wong-wong kang padha sasar.

Dibacakan oleh : KH. NGADIYIN ANWAR
                           Setiap Hari Jum'at Ba'da Asya

Tempat        : Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun

Bacaan Ngaji

Post a Comment

Previous Post Next Post
close