Tafsir Alquran Jawa Surat Al Baqarah Ayat 11 - 20 | Oleh KH. Ngadliyin Anwar

Daftar Isi [Tampil]

Ayat Suwelas - Telulas

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ لَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِۙ قَالُوْٓا اِنَّمَا نَحْنُ مُصْلِحُوْنَ {١١}

اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ الْمُفْسِدُوْنَ وَلٰكِنْ لَّا يَشْعُرُوْنَ {١٢}

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اٰمِنُوْا كَمَآ اٰمَنَ النَّاسُ قَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ كَمَآ اٰمَنَ السُّفَهَاۤءُ ۗ اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ السُّفَهَاۤءُ وَلٰكِنْ لَّا يَعْلَمُوْنَ {١٣}

Terjemah.

Ayat 11. Lan nalika dingendikaake marang dhewe-e; sira kabeh aja padha gawe krusaan ana ing bumi, dhewe-e padha njawab; saktemene kita kabeh iki wong-wong kang padha agawe kabecikan.

Ayat 12. Elinga saktemene dhewe-e iku kabeh wong-wong kang agawe krusakan nanging ora padha rumongso.

ayat 13. Nalika dingendikaake marang dhewe-e; padha imano sira kabeh kaya wong-wong kang wus padha iman iku. Dhewe-e njawab; apa kita kabeh supaya iman kaya wong-wong bodho kang padha iman iku? Elinga saktemene dhewe-e iku kabeh wong-wong bodho nanging ora padha ngerti.

Tafsir. Ayat 11, 12, 13.

Wong-wong munafiq iku yen dielingake supaya aja padha gawe kaco lan krusakan dhewe-e malah padha mangsuli yen dhewe-e iku oadha gawe becik. Malah sakbenere dhewe-e pancen padha gawe kaco nanging ora padha rumongso. Yen dikandhani supaya iman kaya para shohabat dhewe-e malah mangsuli apa aku kabeh dikon iman kaya wong bodho-bodho iku. Ora eling yen sakbenere dhewe-e dhewe kang bodho nanging ora ngerti marang kabodhoane.

Ayat Patbelas - Nembelas

وَاِذَا لَقُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قَالُوْٓا اٰمَنَّا ۚ وَاِذَا خَلَوْا اِلٰى شَيٰطِيْنِهِمْ ۙ قَالُوْٓا اِنَّا مَعَكُمْ ۙاِنَّمَا نَحْنُ مُسْتَهْزِءُوْنَ {١٤}

Terjemah.

Ayat 14. Lan nalika dhewe-e ketemu karo wong mukmin dhewe-e kandha aku kabeh padha iman, lan nalika bali marang syetan-syetane (pemimpine) dhewe-e padha ngucap saktemene aku tetep bebarengan karo sira kabeh, aku mung gawe olok-olokan (goyonan).

Tafsir.Ayat 14.

Wong munafiq iku yen kepethuk wong mukmin dhewe-e padha ngaku iman. Nanging kapan dhewe-e wus bali kumpul karo begundal-begundale dhewe-e padha cekikik-an padha muni yen dhewe-e tetep bebarengan karo begundal-begundale. Anggone ngaku iman iku mung geguyonan.

اَللّٰهُ يَسْتَهْزِئُ بِهِمْ وَيَمُدُّهُمْ فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ {١٥} اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الضَّلٰلَةَ بِالْهُدٰىۖ فَمَا رَبِحَتْ تِّجَارَتُهُمْ وَمَا كَانُوْا مُهْتَدِيْنَ {١٦}

Terjemah.

Ayat 15. Alloh bakal mbales ngolok-olok dhewe-e lan ngumbar marang dhewe-e padha kebingungan.

Tafsir.Ayat 15.

Gusti Alloh Ta'ala mbales ngina marang wong-wong munafiq mau. Dene anggone diumbar mau perlune supaya tambah abot siksane. Terjemah.

Ayat 16. Dhewe-e iku kang nuku kesasar (dituku) nganggo pituduh. Mangka dagangane ora bathi lan dhewe-e ora bisa oleh pitiduh.

Tafsir.Ayat 16.

Wong-wong munafiq mau sakbenere wus padha ngerti marang kabenerane apa kang didhawuhake gusti kanjeng nabi Muhammad saw, dene anggone padha ngotot iku pancen kesasar. Nanging dhewe-e padha milih kesasar minangka dadi ijole pituduh. Carane wong dagang ngono pengin golek untung, ora oleh untung malah rugi ora nampa (kelangan) pituduh.

Ayat Wolulas - Rongpuluh

مَثَلُهُمْ كَمَثَلِ الَّذِى اسْتَوْقَدَ نَارًا ۚ فَلَمَّآ اَضَاۤءَتْ مَا حَوْلَهٗ ذَهَبَ اللّٰهُ بِنُوْرِهِمْ وَتَرَكَهُمْ فِيْ ظُلُمٰتٍ لَّا يُبْصِرُوْنَ {١٧} صُمٌّ ۢ بُكْمٌ عُمْيٌ فَهُمْ لَا يَرْجِعُوْنَۙ {١٨}

Terjemah.

Ayat 17. Sanepane dhewe-e (wong-wong munafiq) iku kaya wong kang ngurubake geni, mangka nalika geni wus madhangi kiwa tengene Alloh ngilangi padhange lan ninggal wong-wong iku ana ing petengan ora bisa ningali apa-apa. 18. Dhewe-e padha budheg, bisu lan wuto, sahinggo dhewe-e ora padha bisa bali.

Tafsir. Ayat 17 lan 18.

Tepane wong-wong munafiq iku srupa karo tepane wong kang ngurubake geni (golek padhang). Nanging lagi padhang sedhela wae padhange wus di sirnaake dening gusti Alloh Ta'ala sahingga dhewe-e kahanane tetep peteng dhedhet ora bisa weruh apa-apa. Wong munafiq iku mbegedut kaya wong budheg ora bisa ngrungu marang tembung kang haq, kaya wong wuto ora bisa ningali perkara kang haq, kaya wong bisu ora bisa guneman kang haq. Dhewe-e padha ngotot ora bisa bali saka sikepe kang ora prayoga iku.

اَوْ كَصَيِّبٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ فِيْهِ ظُلُمٰتٌ وَّرَعْدٌ وَّبَرْقٌۚ يَجْعَلُوْنَ اَصَابِعَهُمْ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ مِّنَ الصَّوَاعِقِ حَذَرَ الْمَوْتِۗ وَاللّٰهُ مُحِيْطٌۢ بِالْكٰفِرِيْنَ {١٩}

Terjemah.

Ayat 19. Utawa kaya (wong kang ketiban) udan deres turun saka langit, peteng dhedhet kang dibarengi bledhek lan kilat. Dhewe-e padha nyumpet kupinge nganggo drijine saka swara bledhek jalaran wedi mati. Gusti Alloh nglimputi wong-wong kang padha kafir.

Tafsir. Ayat 19.

Utawa tepane wong-wong munafiq iku kaya wong kang kodanan, peteng dhedhet bledhek pating jaligur, kilat pating cleret. Yen ana bledhek wong-wong mau padha nyumpet kuping nganggo drijine jalaran saka wedine mati.

يَكَادُ الْبَرْقُ يَخْطَفُ اَبْصَارَهُمْ ۗ كُلَّمَآ اَضَاۤءَ لَهُمْ مَّشَوْا فِيْهِ ۙ وَاِذَآ اَظْلَمَ عَلَيْهِمْ قَامُوْا ۗوَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَذَهَبَ بِسَمْعِهِمْ وَاَبْصَارِهِمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ{٢٠}

Terjemah. Ayat 20. Meh wae kilat iku nyamber paningale wong-wong iku. Nalikane kilat madhangi wong-wong mau dhewe-e padha mlaku nanging yen nuju peteng dhewe-e padha mandheg ngadek jejer. Saumpama Alloh ngersaake tamtu kuwasa ngilangake pangrungune lan paningale wong-wong mau. Saktemene Alloh Ta'ala maha kuwasa atas apa wae.

Tafsir. Ayat 20.

Kilat kang pating cleret meh-meh bae nyamber matane. Nalika ana padhang clerete kilat dhewe-e padha mlaku, nanging yen nuju peteng dhewe-e padha ngadek jejer. Upamane Alloh ngersaake tamtu kuwasa nyirnaake pangrungune lan peningale wong-wong mau.

Dibacakan oleh : KH. NGADIYIN ANWAR
                           Setiap Hari Jum'at Ba'da Asya

Tempat        : Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun

Bacaan Ngaji

Post a Comment

Previous Post Next Post
close