Undangan Terbuka Untuk Umum Khususnya Warga Thariqah Se Jawatimur

Daftar Isi [Tampil]


Assalaamu alaikum ww.

Bismillaah, Alhamdulillah, Ashsholaatu wassalaamu 'alaa rosuulillah, Muhammadin ibni 'Abdillaah. Wa'alaa aalihi washohbihii wamaw waalaah, waba'dah.


Pangapunten dhumateng sedoyo kemawon, utaminipun tumanduk putra-wayah almaghfurlah, almarhum simbah Kyai Muhammad Sulaiman Lebakayu 

Sawahan Madiun (Guru kita sedaya, Mursyid murabbi ruuhinaa), ingkang cumondhok (pidalem) wonten pundi kemawon.


Kula alfaqir Ngadiyin Anwar, ingkang kaleresan saat meniko kajibah minongko khodam jama'h masjid, pondok pesantren lan pondok thoriqoh Naqsyabandiyyah Kholidiyyah ing Lebakayu (jariyyah / peninggalan almarhum simbah Kyai Sulaiman ingkang sanget ageng lan inggil kerto-ajinipun) menggah Alloh lan Rosululloh, lan insya Alloh ugi kinurmat tumrap masyarakat, ngaturi pirso bilih wonten ing papan lenggahipun almarhum simbah Kyai Sulaiman kala semanten (Desa Lebakayu) badhe karawuhan ulama' saking berbagai wilayah di Jawa Timur dalam acara Multaqo (pertemuan) para Mursyid, Muqoddam, Kholifah, Badal, Imam Khushushiyyah, lan Ulama Thoriqoh sak Jawa Timur benjing;


Dinten   ; Sabtu-Ahad.

Tanggal ; 15-16  Oktober 2022.

Tempat  ; Wonten kawasan Pondok Toriqoh Naqsyabandiyyan Punjer Syekh  Sulaiman Lebakayu.

Acara     ; dipun milai Sabtu 15 Okt '22

Jam 18.30 (bakda maghrib ngantos Ahad 16 Okt '22 jam l7.00) bakda Ashar) arupi;


1) Mujahadah istighotsah kubro, tahlil akbar, lll.

 

2) pengajian umum insya Alloh saking Habib Luthfi, Habib Umar Muthohar Jatman Aliyyah, KH Marzuqi Mustamar Ketua PW NU Jatim, Prof Dr KH Ali Masykur Musa mursyid Naqsyabandiyyah di Jakarta.


3). Ceramah saking Gubernur Jatim, Kapolda Jatim lan Pangdam V Brawijaya.


4). Bahtsul Masail Thoriqiyyah lan Fiqhiyyah.


5. Ta'arruf gangsal Thoriqoh terdepan dateng Jawa Timur.


Saking meniko kangge sareng-sareng ngetingalaken lan nyukuri anugrahipun  Alloh Swt lumantar rawuhipun para kyai/ ulama se Jawa Timur kasebat, kula ngaturi rawuhipun para putra-wayah dzurriyyah, santri,  muridin- muridat, muhibbin-muhibbat, ikhwan Thoriqoh jalur saking punjer almarhum simbah Kyai Sulaiman kanthi renaning penggalih kepareng sareng- sareng rawuh dhateng Lebakayu,  kerso anyekseni lan andherekaken lampahipun acara kegiatan kasebat (minturut porsi lan posisinipun) ngantos sak pari-purnanipun.


Wasono atas kawigatosan lan rawuhipun kula ngaturaken agenging panuwun, kairing do'a; "Jazaakumulloohu khoiron katsiiroo."


Wassalamu alaikum ww.

Khodimul jama'ah.

KH. Ngadiyin Anwar.




Tempat        : Wisma Ubudiyah Sulaiman Lebak ayu Sawahan Madiun

Bacaan Ngaji

Post a Comment

Previous Post Next Post
close